Friday, September 27, 2013

Materi Bahasa jawa Kelas 10

Edit Posted by with No comments

MIRENGAKEN WARA-WARA
                Mata Pelajaran                      : Bahasa Jawa
Kelas / Semester   : X / I
Metode                                  : Latihan, tanya jawab, demontrasi, diskusi, ceramah
Waktu                                    : 2 x 45 Menit
================================================================
I.              PANUDUH PIWULANG
  1. Supaya paham informasi / berita lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
  2. Uga maca Materi Bab MIRENGAKEN WARA-WARA
  3. Kanggo ngukuhake pemahaman, diprayokake supaya maca buku sumber/referensi liyane.
  4. Saben cak-cakan digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
  5. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki/disepakati bebarengan.
  6. Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.
II.            KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH
Standar Kompetensi           :
MENDENGARKAN
Mampu mendengarkan dan lisan memahani wacana sastra maupun nonsastra dalam berbagai ragam bahasa Jawa
Kompetensi Dasar                               :
Mendengarkan pengumuman kegiatan kemasyarakan
Indikator                                               :
  1. Menyebutkan pokok-pokok isi pengumuman
  2. Merangkum pokok-pokok isi pengumuman dengan kalimat sendiri
  3. menyampaikan secara lisan rangkuman pokok-pokok pengumuman  yang telah ditulisnya
  4. menanggapi (isi) pengumuman  yang disampaikan secara lisan
III. INFORMASI MATERI
NYEMAK WARA-WARA
            Nyemak tegese sawijining proses kegiyatan ngrukokake  lambang-lambang lesan kanthi wigati, nduweni pemahaman,  apresiasi, sarta interpretasi kanggo entuk informasi, pesen, sarta paham tegese komunikasi sing diwedharake dening wong sing ngomong kanthi piranti basa lisan.
Nyemak wacan nonsastra ing piwulang basa jawa bias arupa nyemak wara-wara, nyemak pawarta, lan nyemak crita. Nyemak wara-wara, nyemak pawarta, lan nyemak crita kalebu nyemak intensif. Tegese nyemak kang dilakoni kanthi tumemen lan konsentrasi sing mirunggan kanggo mangerteni teges sing ana. Dene menawa dijlentrehake maneh kalebu nyemak intensif-konsentratif. Awit, ana ing nyemak wara-wara, wong kang nyemak ngupadi bab-bab informasi sing penting. Supaya anggone nyemak mikolehi asil kang dikarepake ana babagan penting kang kudu ditindakake wong kang nyemak.
  1. nyiapake fisik lan mental, tegese kahanane sehat, ora kesel, mental stabil lan pikirane padhang
  2. konsentrasi, tegese musatake perhatian lan pikiran tumuju marang apa kang disimak
  3. motivasi, tegese nduweni tujuwan tertemtu kang pingin digayuh
  4. objektif, tegese mangerteni saben thek-kliwere apa kang disemak
  5. nyemak kanthi wutuh, tegese nyemak sakabehe, ora perangane wae
  6. selektif, tegese tansah milih perangan penting bab bahan semakan
  7. ora gampang keganggu swara-swara saka njaba
  8. ngregani pawongan sing ngendikan, ora ngremehake
  9. rikat anggone mangerteni kahanan (menyesuaikan dhiri)
  10. ora emosional, ora ngenyek pawogan sing ngendikan,
  11. kontak kalawan pawongan sing ngendikan
  12. ndamel rangkuman
  13. mbiji materi ingkang ingendikakake
  14. maringi tanggapan/reaksi/komentar
Ing ngisor iki tuladha wara-wara
Wara-wara 1
WIS KABABAR KALENDER ANYAR

            Pengalamanwisbola-bali mbuktekake: Kalender Jaya Baya “laris” akeh wong sing nyenengi, akeh wong sing mbutuhake. Kanggo dipajang dhewe, utawa kanggo kenang-kenangan r
iyaya, tahun baru utawa kanggo tandha tali asih karo keluarga, sanak rowang.
Kangwiskelakon, saben kalender Jaya Baya anyar terbit,wisantri wong rebutan tuku! Yen ora langsung rawuh dhewe mundhut menyang kantor JB, bias “pesen” kanthi kirim dhuwit liwatweselutawa transfer bank. Yen ora cepet, mesthi bbakal “kehabisan”!
Saiki kalender JAYA BAYA 2011 (sing isih gres, anyar kinyis-kinyis)wissiap terbit. Sing ngresakake pesen/mundhut bias cepet-cepet sesambungan karo kantor Tata Usaha Jaya Baya Jalan Sumatra 31-G (Lantai 4)Surabaya. Telp. 031-5055062, Fax. 031-5055063. Bisa uga kanthi ngirimake bukti transfer rekening BCA No Rek. 519.005855.9 aa/n Minggon Jaya Baya.
Rega Eceran: Rp20.000,00
Ongkos kirim: Sajroning Pulo Jawa Rp5.000,00/eks.
Sanjabane Pulo Jawa Rp6.000,00/eks.
Mundhut akeh/kolektif bakal oleh diskon: *)
20 eks.-100 eks. Diskon 10%
101 eks.-250 eks. Diskon 20%
251 eks. Luwih … diskon 30%
*) Ongkos kirim kolektif 15% saka rega netto.
Jaya Baya 15 Minggu II Desember 2010
IV. PENDALAMAN MATERI
            Wara-wara ana Ing nhduwur coba bandhingake karo wara-wara ing ngisor iki!
Wara-wara 2
RUWATAN SUKERTA, JAMASAN PUSAKA 1 Suro 1431 Kantor Jawa Pos Lama Jl Karah Agung 45Surabaya6-7 Desember 2010. Dalang Ruwat: Ki Darmo Suwito Noyontoko, dalang malem tirakatan: Ki Surono Gondo Taruno kanthi lakon semar gugat.
Informasi lan pendaftaran: majalah LIBERTY Jl Karah Agung 45 Surabaya (031) 6288888 (hunting) Elly/Darmono
Enggal ndaftaraken, panyarta winates.
Jaya Baya 15 Minggu II Desember 2010
Wara-wara 3
LELAYU
Innalillaahi wa inna ilaihi roji’un
Sampun katimbalan sowan ing Ngarsa Dalem Allah SWT
Bpk. SURATMAN (80 taun)
(Agen PS No 320)
rikala dinten Rebo Pon tanggal 11 Januari 2009, ing RS Al Islam Bandung
mugi-mugi Gusti Allah SWT paringi pangapunten
Dhumateng sedaya kalepatanipun saha katampi sedaya amalipun
Kanthi ganjaran kaswargan. Amien.
Ndherek Belasungkawa:                                                                        Kang Nandhang Sungkawa:
Keluarga Besar                                                                             Suyanto
PANJEBAR SEMANGAT                                                             dalah keluaga  besar
PS – 06 / 2009
Sakwise kok bandhingake katelune wara-wara kasebut, genepana dhaftar kang cumawis ing ngisor iki !
No
Informasi
Wara-wara 1
Wara-wara 2
Wara-wara 3
1
Isine Waara-wara


2
Katujokake marang ngendi


3
Sing kirim wara-wara


4
Papan panggonan sing agawe wara-wara


5
Papan panggonan sing dituju ana ing wara-wara


6
Iguh pratikelmu/pendapatmu



V. TUGAS
Wara-wara ing gisor iki wacanen banjur garapen tugas-tugas ing ngisor iki!
Buku Anyar
            Wis terbit buku anyar Badher Bang Sisik Kencana, kumpulan crita rakyat Jawa Timur (Basa Jawa) kang kaimpun dening Drs. Moechtar, Pemimpin redaksi Majalah Panjebar Semangat. Crita lan dongeng-dongeng rakyat kang dipilih kanggo isine buku iki ana 11, yaiku  1.Badher Bang Sisik Kencana, 2. Jaka Thole, 3. Kala Munyeng, 4. Macan Gadhungan, 5. Ratu kang Lali Janjine, 6. Matine Raja Singobarong,7. Ludira Suci kang Amrik Awangi, 8. Gendam Semaradana, 9. Atusan Codhot Mbrubul saka Sirahe Ken Angrok, 10. Sunan Bonang lan Lurahe Lelembut, 11. Crita Panji.
Buku iki diterbitake kanthi pangajab, muga-muga ana manfaate tumrap para siswa lan para mudha Jawa, para sutresna crita lan dongeng rakyat, sarta para sutresna basal an budaya Jawa umume, ngiras pantes kanggo ngleluri lan memetri basa ibu kita, basa Jawa.
Tumrap kang ngersakake, buku kang kandele vii+161 kaca iki bias dipesen liwat Bapak Moechtar, alamate  jl Pucang Asri !/9Surabaya 60282, telp. (031) 5207618. regane buku Rp25.000,00 ditambah ongkos kirim Rp10.000,00. pembayaran supaya diliwatake poswesel utawa transfer liwat Bank Lippo Pucang Anom No. Rek. 734.10.29515 a/n Drs. Moechtar.
Uga isih ana pasdhiyan buku-buku asil karyane penulis kang padha: Multatuli (Basa Indonesia), rega Rp40.000,00 tambah ongkos kirim Rp10.000.,00; Nitimani (basa Jawa), rega Rp20.000,00 tambah ongkos kirim Rp.10.000,00.
PS-52/2009
  1. Apa isine wara-wara kuwi?
  2. Buku apa wae kang ana ing wara-wara kuwi?
  3. Apa tujuwane buku-buku kuwi dianggit?
  4. Sapa sing ngirim wara-wara kuwi?
  5. Menawa ngersakake buku, alamat ngendi kang dituju?
  6. Pira regane buku-buku kang ditawakake?
  7. Buku apa wae kang sumadya?

VI. PENILAIAN
LOMBA CIPTA LAN MACA GEGURITAN
PIALA GUBERNUR JAWA TIMUR TINGKAT SMP/MTS
TOTAL HADIAH RP7.000.00,00
Biro Mental Spiritual Pemprov Jatim bebarengan karo Majalah Panjebar Semangat nganakake lomba ngripta lan maca geguritan kanggo tingkat SMP/MTS se-JAwa Timur ngrebut Piala Gubernur Jawa Timur lan bebana juara 1 Rp3.000.000,00 juara II Rp2.000.000,00 juara III Rp.1.000.000,00 sarta Juara harapan 1 lan 2 siji-sijine nampa Rp.500.000,00.
Seleksi Tahap I, asil karya geguritan dikirimake marang Panitia Lomba Baca Cipta Puisi Jawa wiwit wara-wara iki diumumake lan ditutup tanggal 15 Januari 2010. Naskah kang mlebu bakal dibiji lan dipilih sing g apik, kehe patang puluh. Penggurit naskah sing apik-apik cacah patang puluh mau sing bakal melu seleksi  tahap 2 diundang maca geguritan ing sangarape dewan juri tanggal 27—28 Januari 2010, dene papane ana ngendi bakal ditemtokake mengko. Transport lan akomodasi menyang ing papan lomba bakal ditanggung panitia.
Syarate melu lomba, siswa SMP/MTs Negeri utawa swasta ing Jawa Timur, naskah geguritan asli karyane dhewe, during tau dipacak ing Koran lan majalah, naskah kang dikirimake kudu kinawruhan Guru Pendamping utawa Kepala Sekolahe, siswa siji mung kena ngirimake asil karya siji, , naskah kakirim menyang Panitia Lomba Baca Cipta Puisi Jawa d/a Redaksi Panjebar Semangat Jl. GNI No 2 Surabaya 60174,  ing pojok kiwa dhuwur amplop ditempeli kupon Lomba LBPC.  Aja lali kinanthenan data pribadhi peserta  (jeneng, tempat tanggal lahir, alamat, telpon, SMP, nama SMP, nama orang tua, alamat/telepon, Guru Pendamping,/telpon).
Ayo rame-rame melu lomba!! Kanggo ngisi liburan ngiras pantes ngukur kabisan ing babagan susastra Jawa.
Panitia Lomba Cipta & Baca Puisi JAwa                                                                                            PS-52/2010
  1. I.       Wenehana tandha ping ana ing aksara a, b, c, d, utawa e sing paling bener!
1. Wara-wara kasebut ngemot bab ….
  1. Lomba maca lan cipta geguritan  tingkat SD
  2. Lomba cipta lan maca geguritan  tingkat SMP/MTs
  3. Lomba maca geguritan tingkat gubernur
  4. Lomba maca geguritan sa – Jawa Timur
  5. Lomba mca gegurtitan sa- Jawa
2.   Sapa sing nganakake lomba kasebut ….
  1. Biro mental spiritual Pemprop Jatim lan Kalawarti Panjebar Semangat
  2. Biro mental spiritual Pemprop Jatim lan Panitia Lomba Baca Cipta Puisi Jawa
  3. Gubernur Jawa Timur lan kalawarti Panjebar Semangat
  4. Panitia Lomba Baca – Cipta Puisi Jawa lan Kalawarti Panjebar Semangat
  5. Gubernur Jatim lan Panitia Lomba Baca – Cipta Puisi Jawa
3.   Penutupan Lomba kuwi yaiku ….
  1. 27 Januari 2010
  2. 28 Januari 2010
  3. 15 Januari 2010
  4. 16 Januari 2010
  5. 17 Januari 2010
4.   Ing ngisor iki syarat-syarat melu lomba, kajaba ….
  1. Siswa SMP/MTs Negeri/Swasta ing Jatim
  2. Naskah geguritan asli karyane dhewe
  3. Naskah geguritan during tau dipacak ing ariwarti / kalawarti
  4. Siswa siji kena ngirimake luwih saka siji
  5. Kinawruhan guru pendamping / Kepala Sekolah
5.   Gunggunge bebana sakabehing juara (1 tumeka harapan) ana ….
  1. Rp. 3000.000,00
  2. Rp. 2000.000,00
  3. Rp. 1000.000,00
  4. Rp.   500.000,00
  5. Rp. 7000.000,00
Wara-Wara
LOMBA NGARANG ESEI SASTRA JAWA
            Minangka tataran ajange maca lan nulis basal an sastra Jawa. PS ngadani maneh lomba ngarang esei utawa kritik sastra basa Jawa. Singdadi sorotan kritik yakuwi crita sambung ing PS  CINTRONG TRAJU PAPAT.  Syarate ndherek lomba :
ü      Kudu lengganan PS saora-orane telung sasi urut-urutan, asma lan nomer lengganan ditulis ing naskah lomba
ü      Utawa asmanewistau dipacak ing PS taun 2009, sanajan mung ing LSW, asmane kapan dipacak ditulis ing naskah lomba.
ü      Dawane esei 4 – 8 lembar folio spasi renggang
ü      Kena ngasta pirang-pirang irahan,nanging upama menange luwih saka siji, sing diaturi bebana mung siji.
ü      PS bakal ngaturi bebana 3 (telung) pemenang lomba, saben pemenang nampa Rp. 2000.000,00 (rong yuta rupiah)
ü      Naskah pemenang bakal dipacak ing PS, wondene sisng ora menang uga bias dipacak ing PS nangingnampahr biasa.
ü      Naskah ditunggu ing mejane redaksi paling kari 4 nomer PS (sesasi) sawise crita sambung cuthel.
PS – 7 / 2009
6.   Wara-wara ing ndhuwur katujokake kanggo ….
  1. Parapelanggan PS
  2. Parapamaos PS
  3. Sedanten tiyang ing laladan tanah Jawi
  4. Parapamaos PS ing laladan Jatim
  5. Parapujangga sastra Jawa
7.   Lomba sing diadani PS mau babagan ….
  1. Cerkak b.Geguritan       c. Crita sambung                       d. Kritik sastra  e. Esei kritik
8.   Gunggunge bebana kanggo kabeh pemenang lomba akehe …
  1. Rp. 3000.000,00                        b. Rp. 2000.000,00         c. Rp. 1000.000,00
  1. Rp.   500.000,00                        e. Rp. 6000.000,00
9.   Wara-wara kasebut dimot ana PS nomer 7, 18 Februari 2006. Naskah  sing paling pungkasan ditunggu ing meja redaksi sakwise PS no ….
  1. 10 / 2009           b. 11 / 2009       c. 12 / 2009       d. 13 / 2009       e. 14 / 2009
10.  Crita sing arep didadekake ajang kritik dimot ing PS no …
  1. 10 / 2009           b. 11 / 2009       c. 12 / 2009       d. 13 / 2009       e. 14 / 2009
II.   Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki !
  1. Apa sing diarani nyemak kuwi ?
Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………. ………………………………………
  1. Kenangapa  wara-wara diarani nyemak intensif – konsentratif ?
Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
  1. Sebutna (3) babagan sing kudu digatekake penyimak ?
Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………     ……………………………………………………………………………………………………………
  1. Apa wae sing kudu kamot ana sajroning wara-wara ?
Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………       ……………………………………………………………………………………………………………
  1. Gawea wara-wara kang isine ; SMA nggonmu sekolah arep ngadani lomba busana Jawa kanggo mengeti dinten Kartini !
Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………….  ………………………………
PARAGRAF INDUKTIF LAN DEDUKTIF
            Mata Pelajaran              : Bahasa Jawa
Kelas / Semester           : X / I
Metode                         : Latihan, tanya jawab, demontrasi, diskusi, ceramah
Waktu                          : 2 x 45 Menit
================================================================
I.          PANUDUH PIWULANG
  1. Supaya paham informasi / berita lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
  2. Uga maca Materi Bab PARRAGRAF INDUKTIF LAN DEDUKTIF
  3. Kanggo ngukuhake pemahaman, diprayokake supaya maca buku referensi liyane.
  4. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
  5. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki/disepakati bebarengan.
  6. Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.
II.        KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH
Standar Kompetensi     :
2. MENULIS
Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan dalam berbagai jenis karangan nonsastra maupun sastra menggunakan berbagai ragam bahasa Jawa sesuai dengan unggah-ungguh dan menulis dengan huruf Jawa
Kompetensi Dasar                   :
2.1 Menulis ringkasan wacana nonsastra tentang budaya jawa
Indikator                                 :
  1. Menjelaskan jenis-jenis paragraph berdasarkan letak kalimat utamanya
  2. Menentukan tema/topic paragraph yang dibacanya
  3. Menentukan gagasan pokok paragraph yang dibacanya
  4. Menentukan  kalimat utama pada paragraph yang disajikan
  5. Membuat paragraph dengan kalimat utama di awal atau di akhir atau di awal sekaligus di akhir paragraph
  6. Menyunting paragraph yang ditulis teman

III.       INFORMASI MATERI
PARAGRAF
            Nggawe  sawijining paragraf kalebu  sajroning ketrampilan nulis sing ora saben pawongan diduweni. Ketrampilan nggawe paragraf bisa saya ngrembaka menawa disinaoni lan dilatih kanthi teratur. Ketrampilan nyusun ukara siji lan sijine saengga nduweni teges kang gumathok ora teka / bisa tanpa disinaoni, tanpa dilatih,  mula saka kuwi, nglatih/gladhen terus-terusan/ora kendhat nggawe paragraf iki bisa nggladhi ketrampilan nguwasani nulis paragraf.
Sawijining paragraf biasane kedadeyan saka pirang-pirang ukara. Ukara –ukara ana sajroning paragraf kudune sinambungan antaraning ukara siji lan sijine. Ukara-ukara sing dumadi nyengkuyung sawijining tema / topik.
Tema / topik panggonane ana sajroning ukara pokok dene ukara-ukara liyane nduweni sifat njelasake/mbeberake ukara pokok. Ukara sing ngandhut gagasan pokok dijenengake ukara  pokok, dene ukara sing ngemot gagasan panjelas diarani ukara panjelas.
Wujuding paragraf ditilik saka panggonane ukara pokok ana papat yaiku :
1.  Paragraf Deduktif
Paragraf sing ukara pokoke ana ngarepan diarani paragraf deduktif. Paragraf jinis iki paling gampang digawe. Ana sajroning bagan paragraf deduktif digambarake kaya ing ngisor iki !
                                                                   K  u   /   u    P
      K P1  / U  Pj1
                            K P2  / U  Pj2
                                                 K  P 3   / U  Pj 3
                                                                           K P 4  /  U  Pj4
                                                                                                      K  P 5   / U Pj 5
Ketrangan : K u  /  Up   : Kalimat utama / Ukara pokok
Kp  /  Upj            : Kalimat Penjelas / Ukara panjelas
Tuladha :
Ana ing sahwening masyarakat kita melu rumangsa prihatin yen ta seni musik keroncong saiki wis langka. Kesilep ana ing jagading seni modern sing mekar ana ing laladan Tanah Air. Bupati Pati H. Tasiman SH uga melu ngrasakake kahanan iki. Nalika paring sesorah ana ing pengeten HUT Himpunan Artis Keroncong Musik Indonesia (Hamkri) Cabang Kabupaten Pati sing sepisanan durung suwe iki, ngandharake seni keroncong saiki wis ora kaya dhek jaman dhisik maneh ……
Ukara pokok paragraf ing ndhuwur, “Ana ing sahwening masyarakat kita melu rumangsa prihatin yen ta seni musik keroncong saiki wis langka.” Dene ukara candhake arupa ukara panjelas.
2.  Paragraf Induktif
Paragraf jinis iki walikane paragraf deduktif. Ukara pokoke ana ing pungkasaning paragraf. Ukarane diwiwite saka bab-bab sing asipat mligi/khusus tumuju klimaks, yaiku generalisasi. Nggawe paragraf jinis iki rada kangelan, nanging cocok tur mathuk kanggo nulis prosa argumentasi
Yen dibaganeke, paragraf induktif kaya ing ngisor iki !
                             K  p1   /   u    Pj1
      K P2 / U  Pj2
                            K P3  / U  Pj3
                                                 K  P 4   / U  Pj 4
                                                                           K P 5  /  U  P5
                                                                                                      K  P 6   / U P 6
                  KU / Up
Ketrangan : K u  /  Up   : Kalimat utama / Ukara pokok
Kp  /  Upj            : Kalimat Penjelas / Ukara panjelas
Tuladha :
Supaya komunikasi kuwi kedadeyan / lumaku kanthi apik, saka kalorone (pihak sepisan lan kapindho) merlokake basa sing dianggo bebarengan. Wujude basa mau arupa swara. Swara kuwi diasilake saka alat wicarane manungsa. Kanthi mangkono bisa dikandhakake swara kuwi alat sing ngleksanani basa.
Ukara pokok paragraf ing ndhuwur yaiku,” kanthi mangkono bisa dikandhakake swara kuwi alat sing ngleksanani basa.”
3.  Paragraf repetitif
Paragraf sing ukara pokoke ana ngarep dalah ana pungkasaning paragraf diarani paragraf repetitif. Ukara pokoke ana ing ngarep banjur dibaleni ana ing mburi minangka kasimpulan. Gagasan pokok diwujudake ana rong ukara, sing kalorone ukara mau meh memper / ora padha persis.
Yen digambarake kanthi bagan, kaya ing ngisor iki !
                                                       K  u   /   u    P
      K P1  / U  Pj1
                            K P2  / U  Pj2
                                                 K  P 3   / U  Pj 3
                                                                           K u  /  U  P
Ketrangan : K u  /  Up   : Kalimat utama / Ukara pokok
Kp  /  Up : Kalimat Penjelas / Ukara panjelas
4.  Paragraf Deskriptif
Ukara pokok paragraf deskriptif ditemokake ana sakabehing perangan paragraf. Dadi, saben ukara sing nyengkuyung dumadine paragraf diarani ukara pokok. Sakabehing ukara sing ana nduweni kawigaten kang padha, kanthi bebarengan nyawiji dadi siji paragraf kang gemolong.
Paragraf deskriptif akeh banget dianggo ana sajroning prosa narasi.  Mula saka kuwi, paragraf deskriptif uga diarani paragraf naratif.
Bagan paragraf deskriptif.
                                         K  u   /   u    P
                       K u  /  u P
                                     K  u   /   u    P
                                                            K  u   /   u    P
Tuladha :
Pandhu ngungun. Mentale rubuh. Dheleg-dheleg ana ngomah. Ora wani metu. Ora wani nyang kantor desa. Semono uga Marsiti. Dheweke rumangsa isin, wirang. Sing tumindhak luput. Pandhu, kang nampa akibate wongng saomah. Nastiti malah nganti emoh sekolah. Patrape sing kaya wong pengung saya nemen.
Saka patang paragraf ana ndhuwur sing biasa dianggo yaiku paragraf deduktif  & induktif.
Dene nulis paragraf yen ditilik saka cara mbabarake isining paragraf kabagi wacana narasi, wacana deskripsi, wacana eksposisi, wacana argumentasi, lan wacana persuasi. Ing ngisor iki diwedharake paragraf jinis eksposisi, deskripsi lan narasi.

WACANA EKSPOSISI
            Wacana eksposisi tegese wacana kang mbeberake anane analisis proses kanthi cara narasi. Narasi kang mangkono mau diarani narasi ekspositoris utawa naras teknis, awit ancas kang tinuju titise katrangan (informasi) ngenani sawijining prastawa kang dibeberake. Dadi ancas tujuane padha karo eksposisi yaiku njembarake pangertene pawongan.
Yen miturut KBBI (2001 : 290) eksposisi tegese uraian / paparan kang nduweni tujuan mbeberake maksud lan tujuan (umpamane ana sajroning karangan).
Ana sajroning wacana eksposisi panulis kudu nduweni kawruh / pangerten kang cukup bab-bab sing bakal dibeberake. Tanpa kawruh kang mumpuni, mokal kanggone sawijining panulis bisa mbeberake sawijining kawruh kanthi terang trawaca, mumpuni.
Kajaba saka kuwi, kanggo nulis wacana eksposisi uga kudu nduweni kawruh bab pola pengembangan paragraf. Pola pengembangan paragraf sing bisa dianggo ana sajroning wacana eksposisi ana ing ngisor iki .
a) Conto-conto /  tuladha-tuladha
Gagasan sing sifate umum tarkadhang merlokake bukti-bukti utawa conto konkret, conto kang nyata; amrih bisa dipahami dening pamaos
Tuladha :
Kedele sing arep digawe tempe kudu diumbah kanthi resik, jalaran yen ora resik bisa babar / ora bisa dadi tempe. Kedele sing isih reged / kurang bersih ora  bisa agawe matenge tempe. Tempene ish mentah, amarga ragine ora bisa “bereaksi”  kanthi sampurna. Dadine kedele mau wurung dadi tempe. Wujude yan isih kedele. Saliyane kuwi, kedele sing ora resik anggone ngumbah, bisa anjalari tempene dadi ireng, ora bisa putih resik ngono kae.
b) Mbandingake / Perbandingan
Ana sajroning iki diwedharake rong bab kang beda utawa luwih kanggo nyengkuyung gagasan pokok.
Tuladha :
Tuku pitik zaman saiki kudu ngati-ati, amerga akeh pitik utawa sato iwen sing kena flu burung. Antaraning  pitik sehat lan pitik sing nandhang lelara bisa dibedakake. Pitik sehat kuwi pitik sing trengginas, ora lemes. Saka cucuke ora metu ilere tur rupane abang seger ora aclum. Saka brutune ora mbanyu utawa nelek terus tur rupane ora ireng / pucet ning abang seger. Dene pitik sing nandhang lelara kuwi pitik sing lemes, ora nduwe daya. Saka cucuk lan brutune metu iler / banyune lan rupane aclum.
c)  Analogi
Tegese analogi yaiku medharake bab-bab kang padha loro utawa luwih. Ing ngisor iki ana tuladha sing mbandingake antaraning anak lan kembang.
Tuladha :
Anak kuwi kembang ing urip. Anak kuwi wewangian ana sajroning bebrayan / rumah tangga. Anak kuwi sing bisa nyegah bubrahe balepomah. Ana anak uga digantungake pengarep-arepe wong tuwa/kulawarga. Anak uga tombaking gegayuhan sajroning rekasaning ngaurip. Upamane ana saling babak antaraning urip bebojoan, yen ngelingi anak kang isih suci, bisa dadi lereming ati kang panas. Anak pancen kembanging balepomah.
d)  Sebab – Akibat
Pengembangan paragraf jinis iki migunakake penalaran sebab-akibat. Urutane bisa kawiwitan saka sebab tumuju akibat utawa suwalike. Gagasan pokoke bisa ana ing sebab utawa ana ing akibat.
Tuladha :
Yen ditilik saka kahanan kang sejatine, sajake isih akeh warga Surabaya kang mbuwang sampah sembarangan. Kamangka sampah kasebut bisa mbuntoni saluran banyu. Akibate, ing sadhengah panggonan tuwuh banjir. Contone kaya kang dumadi ing pungkasaning  wulan iki.
e)  Proses
Pengembangan proses arep padha karo pengembangan kronologis. Bedane pengembangan kronologis mentingake bab urutaning wektu,  dene pengembangan proses mentingake owah-owahan sing dumadi saka awah-awahan siji tumuju owah-owahan candhake.
Tuladha :
Menawa simbol J kanggo jejer, W kanggo wasesa, lan L kanggo lesan, paugeran umum kanggo nggawe ukara tanggap saka ukara tanduk kang kaya ing ngisor iki.
  1. Tetep mentingake urutan J – W – L , ananing J lan L diijolake papan panggonane.
  2. Ater-ater anuswara (am-, an-, ang-, any-) diganti ater-ater tripurusa (dak-/tak-, kok-, di-).
WACANA NARASI
Miturut KBBI Edisi Ketiga (2001:774) sing diarani narasi “pengisahan suatu cerita / kejadian, cerita atau deskripsi suatu kejadian atau peristiwa; kisahan, tema karya seni”.
Dadi narasi tegese karangan sing nyritakake sawijining crita utawa kedadeyan, nggambarake prastawa (miturut KBBI). Ana maneh tegese macana narasi kang luwih jangkep, yaiku wacana kang mbudidaya nyritakake prastawa utawa kedadeyan kaya-kaya wong kang maca nyekseni dhewe utawa ngalami dhewe prastawa mau. Tembung liyane nerangake menawa narasi iku wacana kng nyritakake kanthi cetha rerangken tumindhak sajroning prastawa kang winatesing sawijining wektu.
Wacana narasi ana werna loro :
a.  Narasi Ekspositoris
Yaiku wacana kang mung menehi ketrangan lugu / apa anane. Narasi ekspositoris iki arep padha karo eksposisi awit ancas kang tinuju titise karangan (informasi) ngenani sawijining prastawa kang dibeberake. Dadi ancas tujuane padha karo eksposisi yaiku njembarake pangertene pawongan.
Tuladha 1 :
Kepala Satuan Narkoba Polres Sumbawa, Ipda Yudi Fanani, Kemis (22/12 – 2005) ditemokake tiwas ing salah sijine kamar hotel ing kutha Mataram kanthi kahanan overdosis sabu-sabu. Polisi sing tugase mandhegani mbrastha narkoba iki dinuga tiwas sakwise  pesta narkoba jalaraning tempat kejadian perkara (TKP) ditemokake alat pengisep (bong) SS.
Tuladha 2 :
Transparancy International (TI), sawijining lembaga penelitian antikorupsi, nyebutake partai politik ing Indonesia mujudake lembaga kang paling korup ing sadawane taun 2005. Lembaga liyane sing miturut TI akeh korupsine yaiku parlemen, kepolisian, bea cukai, pengadilan, kejaksaan, lan pajek. Kosok baline lembaga sing paling aman saka korupsi yaiku lembaga-lembaga keagamaan lan lembaga non-pemerintahan (NGO).
b.  Narasi Sugestif
Yaiku wacana kang ngracik kanthi runtut nganti bisa nggugah pengangen-angene wong kang maca. Wong kang maca terus bisa njupuk sari / makna anyar, kang ora dibeberake kanthi cetha ing wacana mau. Contone dongeng, novel, roman, lan cerkak lan sajinise.
Tuladha cerkak ing ngisor iki wacanen.
            Anggone ngingoni manuk darawisana sawatara suwene. Wiwite isih piyik-piyik nganti saiki tumekane diwasa. Mula Ali rumangsa seneng atine, dene ingon-ingone bisa lestari tekan seprene. Darane kuwi wis katon lulut. Nalika disingsoti dening Ali banjur pating bleber miber nyedhaki dheweke. Malah wingenane wis ngendhog barang. Cacahe ana loro. Dening Ali banjur digawekake petarangan saka suket garing.
Esuk kuwi kaya padatan sadurunge mlebu sekolah, Ali mesthi luwih dhisik makani manuke mau. Nanging saiba kagete nalika pagupone diinguk, jebule manuke ora ana. Ilang sak endhoge, sak petarangane. Kontan wae Ali arep nangis. Terus nyeluki ibune.
“Buuuk…buuk…. iki lho !”
“Ana apa ta, esuk-esuk kok wis bengok-bengok,” Ibune nayuri saka pawon.
“Daraku ilang buk !”
“He, kok bisa ilang kuwi kepriye ?” pitakone ibune karo menyat marani Ali.
“Ya embuh, kamangka nalika sorene isih ana,” wangsulane Ali karo tangane sraweyan ngusape eluhe.
“Wis…wis, ilang yawis. Saiki luwih becik gage adus terus sarapan. Mengko mundhak telat anggonmu mangkat sekolah,” pituture ibune ngarih-arih. Terus nyambungi maneh “Mbesuk yen ibu nduwe dhuwit rak ya bisa tuku maneh”.
Sakwise diarih-arih pungkasane Ali gelem mangkat sekolah. Nanging nalika pelajaran dheweke ora bisa konsentrasi babas pisan amarga terus kelingan manuke sing ilang mau. Pas jam istirahat banjur crita marang Budi, kancane sakelas.
“Ilange kapan ta ?” pitakone Budi
“Sajake mau bengi,” wangsulane Ali.
“Apa wis mbok goleki ?” Budi takon maneh.
“Ya durung,  wong ngertiku lagi mau esuk.”
“Yen ngono mengko nek wis bubaran sekolah coba digoleki bareng-bareng. Mbok menawa isih bisa ketemu,” ujare Budi aweh pamrayoga.
“Becik yen ngono, aku manut,” wangsulane Ali wis rumangsa lega amarga ana kanca sing menehi kawigaten lan pambiyantu.
Pancen Budi kuwi kancane Ali sing paling kenthel. Ing sekolahan uga minangka murid sing paling pinter dhewe. Antuk rangking siji terus. Cita-citane mbesuk  kepengin dadi pulisi. Mulane nalika mangerteni darane kancane ilang dheweke semangat banget kepengin nggoleki. Idhep-idhep kanggo ngasah pikirane.
Sakwise bel bubaran sekolah muni, bocah sakloron gegancangan mulih. Ing sadawane dalan padha rembugan.
“Li, daramu kuwi yen saba teka ngendi wae ?” pitakone Budi.
Ali banjur mangsuli, “Ora tekan ngendi-ngendi kok. Yen miber mung ing sakupenge omah wae. Ora adoh-adoh.”
“Yen dideleng omahmu rak rada adoh karo tangga-tangga. Sebab pekaranganmu kuwi rak jembar,” celathune Budi.
“Bener.”
“Lha sing ilang pira Li ?”
“Loro, sak jodho. Ketambahan endhog lan petarangane barang.”
“Daramu ana pira ta ?”
“Ya mung sak jodho thok.”
“Woo, ngono kuwi jenenge ilang kabeh.”
Ali mung nyengir karo kukur-kukur sirah krungu ujare Budi.
Satekane ing omahe Ali, Budi teus padha nonton papan sakiwa tengene pagupon omah dara mau. Budi banjur ujar “Yen tak pikir-pikir sing  njupuk iki kok dudu wong adoh”.
Terus nyambung maneh, “Ora saben pawongan weruh yen kowe ngopeni manuk. Jalaran daramu ora nate miber tekan ngendi-ngendi. Dheweke wis biasa utawa wis nate mrene.”
Ali takon, “Yen ngono sing njupuk sapa ?”
Tanpa mangsuli  pitakone Ali, Budi ujar maneh, “Daramu kuwi bakale diopeni. Ora dibeleh utawa dipateni. Amarga dijupuk sak endhoge. Dadine ing papane sing anyar daramu bakal terus ngangremi endhoge.”
“Oooo ngono ta,” Ali manthuk-manthuk.
“Olehe njupuk ora ijenan, nanging paling ora ana wong loro, Li.”
“Lha kok kowe bisa ngerti ?” pitakone Ali.
“Sebab kanggo nggawa lunga manuk loro sak endhog, sak petarangane kuwi ora bisa dicekeli dhewekan. Mesthi bakal kewuhan  mengkone. Wong tangane mung loro. Ora kaya Bathara Guru sing tangane ana papat, he……he…..he..”wangsulane  Budi karo nyoba ndhagel.
“Bener kandhamu, sabanjure piye ?”
Budi malah balik takon, “Ing desa ken sing ngopeni dara sapa wae?”
“Embuh aku ora nate migatekake.”
“Lha kowe apa apal ciri-cirine daramu kuwi Li ?”
“Ya apal ta. Wong olehku ngopeni kawit piyik.”
Karo menyat sak lungguhe Budi terus celathu, “Ya wis, saiki ayo padha digoleki.”
“Ing ngendi ?”
“Ing desa kene wae. Karo mlaku-mlaku, dolan-dolan.”
Sakarone banjur mubeng-mubeng karo golek sisik melik. Terkadang nganti blusukan ing pekarangane wong barang. Nalika tekan mburi omahe Parman, Ali celathu “Lha kae kandhang apa ya ?”
“Kandhang pitik. Nanging ora ana salahe ta awake dhewe niliki,” wangsulane Budi karo jumangkah nyedhaki.
Sakwise tekan cedhakan Ali kaget.
“Lha iki rak daraku!” wuwuhe karo tangane nudingi jero kandhang. Katon ing kono ana manuk dara loro. Sing siji lagi angrem. Kandhange pancen disingget-singget. Dadi manuke ora campur karo pitike.
Dumadakan ana swara sing gawe kagete bocah loro mau.
“Hei! Lagi padha ngapa kuwi?”
Kekarone noleh. Katon Parman wis ngadeg ing kono.
“Man, kowe njupuk daraku, ya,” tutuhe Ali.
“Jarene sapa, kowe aja ngawur, lho! Wangsulane Parman selak.
“Kuwi olwhku tuku wingenane ning pasar,” sambunge.
Budi melu nutuh,”Ali kuwi apal lho karo cirine manuke. Yen kowe nyoba selak, mengko taklapurake polisi tenan, lho.”
Ali banjur nuduhake ciri-cirine darane. Nanging Parman tetep puguh ora ngaku.  Budi banjur ujar,”Ngene wae. Manuk iki rak jaremu olehmu tuku nembe wae. Dadine mesthi durung lulut. Yen duweke Ali mesthi wis lulut. Mulane saiki manuke diiberake wae. Yen mengko disingsoti Ali terus balik marani, kuwi genak duweke Ali.”
“Iya, aku setuju,”ujare Ali.
Budi ujar maneh,”Yen ora gelem ngiberake berarti iku bener manuk colongan.”
Parman isih nyoba selak, “Lho, yen tak iberake banjur ora mbalik maneh piye?”
“Ora usah kuwatir. Yen ilang mengko tak ijoli tikel telu saka regane olehmu tuku,” wangsulane Budi.
Parman ora bisa suwala maneh, kepeksa ngiberake dara mau. Ali banjur nyingsoti manuk mau. Ora gantalan wektu nalika krungu swarane singsotan, darane peting bleber nyedhaki Ali. Malah salah sijine mencok ing pundhake.
Mangerteni sing kaya mangkono mau Parman wis ora bisa selak maneh. Parandene dheweke iya wedi yen mengkone bakal dilaporake polisi tenan. Pungkasane dheweke uga ngaku yen anggone njupuk ora dhewekan. Nanginh karo Edi. Sabenere Parman karo Edi kuwi kanca sak sekolahan karo Budi lan Ali. Malah nunggal kelas. Nanging bocah looro mau saksuwene iki dikenal minangka bocah nakal, asring bolos, ngganggu kanca-kancane, uga seneng colong jupuk barang.
Parman terus mbalekake darane Alilan uga bakal ngajak Edi njaluk ngapura, janji ora bakal mbalenitumindake sing kleru mau lan uga janji bakal dadi bocah sing apik.
(Herman WH.)
Panjebar Semangat -04/2006        
Bedane narasi ekspositoris lan sugestif.
Narasi Ekspositoris

Narasi Sugestif
1. Njembarake wawasan/pangerten 1. Mbeberake makna kang  sinandi
2. Mbeberake katrangan bab prastawa 2. Nguripake pengangen-angen / Imajinatif
3. Adhedhasar nalar supaya padha Sarujuk 3. Nalar mung kanggo nggayuh surasa (makna), yen perlu nalar dilirwakake
4. Basa informatif, tembunge denotative 4. Basa figuratif, tembunge konetatif
Wacana Deskripsi
            Wacana Deskripsi yaiku wacana kang nggambarake kanthi cetha sawijining kahanan (objek). Objek mau kaya-kaya ana ing ngarepe wong kang maca. Objek bisa kedadeyan saka kahanan, prastawa, manungsa, utawa barang.
Miturut KBBI (2001:258) deskripsi tegese “pemaparan atau penggambaran dengan kata-kata secara jelas dan terperinci”
Tulaha :
Dumugi titi wanci punika, mbok menawa dereng wonten ingkang manggihaken kwali dawa (kwangsul panjang). Kwali yen zaman rumiyin dipun damel  saking siti (lempung), lajeng zaman saya majeng wonten ingkang kadamel saking panci (email), lan ugi saking alumunium. Naminipun panci email, lan panci alumunium. Nanging boten panjang.  Dados inggih tetep bunder lan mawi tutup.
Dene dhingkel, wonten ingkang nyebut luweng, wonten ingkang nyebut pawon (papan awu). Yen damelan kasongan kacithak, naminipun keren. Yen dhingkel (luweng kadamel paten) boten saged kausung / kapindhah. Yen keren saged kajungjung kapindhah pundi kemawon saged. Bedanipun keren lan dhingkel (luweng). Yen keren namung saged dipun tumpangi ceret utawi kendhil utawo kwali setunggal. Yen dhingkel saged kangge masak tiga sareng-sareng kados yen sapunika kompor gas bolongan tiga. Yen keren kados kompor namung bolong setunggal. Mbok menawi kanthi punika sedaya sampun dhong ?
Kapetik “Digodhog kwali dawa dipanggang dhingkel mengangah”
IV.       PENDALAMAN MATERI
1.         Pasar Beringharjo Yogyakarta, kang saiki minangka pasar paling gedhe ing tlatah Yogyakarta bisa dikandhakake ora mung sekadar pasar. Amarga pasar kang mapan ing punjering kuthaYogyakartaiku dadi sawijining papan kang penting tumraping kelengkapan sawijining kutha tradisional Jawa kang nduweni corak minangka kutha raja. Sawijining kutha raja zaman semana kudu lengkap menawa ana kraton, alun-alun, pasar lan masjid agung.
Ukara pokok                       : …………………………………………………………………
Jinis pengembangane           : …………………………………………………………………
Bagane                               : …………………………………………………………………
2.   Ing kabudayan Jawa tembung bagus biasane digunakake dadi sesebutan putra kang durung palakrama utawa kang yuswane isih timur. Wondene kusuma kang jarwane sekar utawa kembang kanggo nyebut trahing ngawirya. Kacetha ing unen-unen trahing kusuma rembesing madu . Dadi, Bagus kusuma wujud asma sesilih putra klebu trahing ngawirya utawa putra sentana kang durung palakrama utawa kang yuswane isih timur.
Ukara pokok                       : …………………………………………………………………
Jinis pengembangane           : …………………………………………………………………
Bagane                               : …………………………………………………………………
3.   Wondene lampahan Sengkuni Wuyung wujud pasember marang sawijining trahing ngawirya kang wuyung marang pulung ratu kayadene Sengkuni wuyung marang Kunthi Talibrata kang ing tembe dadi jatu kramane Pandhu Dewanata. Sejatine sapa wae kena wuyung marang pulung ratu, ananging yen dudu pepesthening urip dhuweke, ya ora bakal bisa nggayuh, senadyan ditohi pati pisan. Lire lampahan iki dadi pepeling, menawa jejer ratu mono klebu pepesthening urip. Tegese trahing ngawirya kang pantes jumeneng nata wiwit lairewisginaris dening Gusti Kang Akarya Jagad. Pinilih dadi ratu nerusake keprabon.
Ukara pokok                       : …………………………………………………………………
Jinis pengembangane           : …………………………………………………………………
Bagane                               : …………………………………………………………………
4.   Wektune terus lumaku. Prastawa Pak Bedek lan kang Kasidi entuk tombokan nomer becak wisilang saka pocapan. Apa merga nomer buntut ganti togel ? Apa merga wi tobat ? Sing genah Kang Kasidi saikiwisora tau ngomongke nomer. Malah saiki sregep sholat lan adzan neng langgar.
Ukara pokok                       : …………………………………………………………………
Jinis pengembangane           : …………………………………………………………………
Bagane                               : …………………………………………………………………
V.         PENILAIAN
I. Wenehana tanda ping ana ngarepe aksara A, B,C, D, utawa E marang jawaban kang paling bener!
1.  Ukara kang ngemot gagasan pokok ana sajroning paragraf diarani ….
a. Ukara panjelas     b. Ukara pokok c. Ukara panerang D .Ukara pisanan      e. Ukara deduktif
2.  Ana sajroning paragraf gagasan pokok sing kudu diduweni cacahe …..
a.  1            b. 2                   c. 3                   d. 4                   e. 5
3.  Gatekna paragraf ing ngisor iki !
1)      Sarana akal banjur bisa polah golek butuh sing bisa diolah.
2)      Bisa uga pangunen-unen sing mangkono kuwi sing didekake lelandhesan dening Lucas  Sumarno
3)      Yaiku ngluru pangan / panguripan sarana golek ula.
4)      Pawongan sing lair 19 Agustus 1959, manggon ing jalan Sabdo Palon Gang Sempiyt nomer 6 Winongo Madiun njlentrehake, panguripan golek ula kuwiwisdiwiwiti taun 1975.
5)      Kanthi  golek ula kasebut, kabutuhan sandhang, pangan lan papan Lucas sakeluwarga bisa dicukupi.
Ukara pokok paragraf ing ndhuwur ana ukara nomer …..
a. 1 lan 2                 b. 1 lan 3           c. 1 lan 4                       d. 1 lan 5           e. 2 lan 5
4.   Ditonton saka papan panggonane ukara pokok paragraf ing ndhuwur diarani ….
a. deduktif   b. induktif                      c. repetitif         d. deskriptif       e. naratif
5.   Ukara panjelas paragraf ing ndhuwur kedadeyan saka ukara …..
a. 1 b. 2                   c. 3                   d. 4                   e. 5
6.   Paragraf ing ngisor iki gatekno !
1)      Aja-aja mengko sing diundang ya utusan-utusan ing telung dhaerah iku.
2)      Kamangka wong Jawa ikuwisanjrah sumebar ing saindenging propinsi ingIndonesia.
3)      Kapara saindenging negara ing donya iki mesthi ana wong Jawa kang dedunung ing kono utamaneMalaysia,Suriname, Caledonia Baru.
4)      Malah ingSurinameana lembaga khusus pelestarian Bahasa Jawa.
5)      Usule panulis kabeh ingIndonesiakudu ana utusane, ora ketang kanggo penggembira lan ragat dhewe-dhewe.
Ukara pokok paragraf ing ndhuwur ana ukara nomer….
a. 1  b. 2                   c. 3                   d. 4                   e. 5
7.  Gagasan pokok paragraf ing ndhuwur dumunung ana ukara nomer …
a. 1  b. 2                   c. 3                   d. 4                   e. 5
8.  Ditonton saka dumununge ukara pokok, paragraf kasebut diarani …..
a. deduktif    b. induktif                      c. repetitif         d. deskriptif       e. naratif
9.  Ukara panjelas paragraf ing ndhuwur kedadeyan saka  ….. ukara
a. 1  b. 2                   c. 3                   d. 4                   e. 5
10. Tuladhane paragraf deskriptif ana ing sajroning ……..kajaba…
a. cerkak
b. dongeng
c. crita rakyat
d. novel
e. karya ilmiah
11. Wacana kang mbeberake ananing analisis proses kanthi cara narasi diarani …
  1. Deskripsi          b. Narasi           c. Eksposisi       d. Argumentasi  e.Persuasi
12. Gatekna paragraf ing ngisor iki !
“Sajake akeh bakul pasar Wage kurang tlaten karo syarat administratif sing dianggep ngrepoti. Mula isih akeh sing seneng utang marang “koperasi” liya, “bank plecit” (seneng mburu, mlesit, sing ngemplang) utawa “bank thithil” (tukang tagihe nithile kertas cilik kanggo bukti sing utang nyicil), awit gelem nagih para bakul ing pasa ajeg saben dina sanajan anakane  luwih akeh.”
Pola pengembangan paragraf ing ndhuwur yaiku …..
  1. Tuladha
  2. Mbandingake
  3. Proses
  4. Sebab-akibat
  5. Analogi
13. Gagasan pokok paragraf ing ndhuwur yaiku ….
  1. Akeh bakul pasar sing ora tlaten syarat administratif.
  2. Syarat admininstratife dianggep ngrepoti
  3. Seneng padhaa njupuk utang marang koperasi liya.
  4. Koperasi liya luwih gampang syarate.
  5. Bank thithil luwih ngepenake para bakul.
14.
1)      Gubernur Jatim kang diwakili dening Kepala Bagian Pendidikan Biro Bintal, Drs Gunawan Poncoputro, M.Si nelakake keyakinane yen basa Jawa bakal terus bisa lestari, jalaran isih akeh wong Jawa kang migunakake basa Jawa tinimbang sing ora.
2)      Keyakinane mau adhedasar saka akehe peserta kang melu lomba maca lan ngripto geguritan kang dianakake kanggo nrebut Piala Gubernur jroning Mahargya Kongres Basa Jawa IV ingSemarang.
3)      Mung ing wektu kang kurang saka setengah wulan, peserta sing melu lomba cacahe nematusan.
4)      Apamaneh wektu tampil macakake geguritane ing gedhung PKK Gayungsari Surabaya, apik temenan.
5)      Krama nyumurupi gedhene antusiase para siswa ing babagan geguritan mau, Pak Ponco mbudidaya ing taun ngarep bakal dianakake maneh.
Pola pengembangan paragraf ing ndhuwur kanthi …….
  1. Tuladha
  2. Mbandingake
  3. Proses
  4. Sebab-akibat
  5. Analogi
15. Ukara pokok paragraf ing ndhuwur ana ukara nomer ….
a. 1  b. 2                   c. 3                   d. 4                   e. 5
16. Wacana kang menehi katrangan lugu / apa anane,diadani ….
a. narasi ekspositoris
b. narasi sugestif
c. deskripsi
d. eksposisi
e. argumentasi
17. Wacana kang ngracik kanthi runtut nganti bisa nggugah pengangen-angene wong kang maca diarani …..
a. narasi ekspositoris
b. narasi sugestif
c. deskripsi
d. eksposisi
e. argumentasi
18. Wacana kang nggambrake kanthi cetha salah sawijining kahanan diarani …
a. narasi ekspositoris
b. narasi sugestif
c. deskripsi
d. eksposisi
e. argumentasi
19. Narasi eksposisi katilik saka ancas tujuane padha karo ….
a. argumentasi
b. narasi sugestif
c. deskripsi
d. persuasi
e. persepsi
20. Ngendi sing kalebu ciri-ciri narasi sugestif ?
1. mbeberake mkana kang sinandi
2. nguripake pangangen-angen / imajinasi
3. njembarake wawasan
4. basane figuratif, tembunge konotatif
5. adhedasar nalar supaya padha sarujuk
a. 1, 2, 3
b. 1, 3, 5
c. 1, 2, 4
d. 2, 3, 4
e. 3, 4, 5
21. Ing ngisor iki, ngendi kalebu topik wacana narasi sugestfi ?
a. Prastawa kemalingan ana ing omahku
b. Ruangan Kantor Guru ing  sekolahku
c. Jenengku Selamet
d. Saksi kunci ing pengadilan
e. Dhingkel lan keren
22. Ing ngisor iki, ngendi sing ora kalebu topik wacana deskripsi ?
a. Ruang komputer ing sekolahku
b. Adhiku ayu tenan
c. Kahanane pasar sakwise kobongan
d. Katresnanku kang murung
e. Ruangan Tata Usaha kang resik
23. Ing ngisor iki tuladhane narasi sugestif,  kajaba
a. crita cekak
b. roman
c. dongeng
d. novel
e. gancaran
24. Ciri pokoke wacana narasi yaiku …..
a. ananing kedadeyan
b. ana prastawa sing dialami
c. rerangken crita ing sajroning prastawa
d. ana paraga pokok
e. ana lelakon
25.  “ Jam 06.00 Parmi mangkat menyang pasar arep kulakan. Tekan ngisor wit tembesi dicegat Parto lan dijaluk dhompete. Parmi mbengok, Parto bingung terus njupuk watu dithuthukake sirahe Parmi. Parmi tiba klenger,  dipindhoni dithuthuk watu mati. Ngerti yen Parmi mati, Parto mlayu nginggati.”
Tuladha ing ndhuwur kalebu …..
a. narasi sugestif
b. narasi eskpositoris
c. deskripsi
d. eskposisi
e. argumentasi
CARIYOS BAB-BAB SING LUCU/NYENGSEMAKE
            Mata Pelajaran              : Bahasa Jawa
Kelas / Semester           : X / I
Metode                         : Latihan, tanya jawab, demontrasi, diskusi, ceramah
Waktu                          : 2 x 45 Menit
================================================================
I.          PANUDUH PIWULANG
  1. Supaya paham bab pawarta kang kamot ana materi  lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
  2. Uga maca Materi Bab CARIOS BAB-BAB SING LUCU/NYENGSEMAKE.
  3. Kanggo ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane.
  4. Saben trap-trapan digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
  5. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki/disepakati bebarengan.
  6. Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.
II.        KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH
Standar Kompetensi     :
2.1 BERBICARA
Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan secara lisan nonsastra maupun sastra dengan menggunakan berbagai ragam dan unggah-ungguh bahasa Jawa
1.1 MENDENGARKAN
Mampu mendengarkan dan lisan memahani wacana astra maupun nonsastra dalam berbagai ragam bahasa Jawa
Kompetensi Dasar                   :
2.1 Bercerita pengalaman yang mengesankan dalam ragam krama
1.2 Mendengarkan cerita pengalaman yang disampaikan secara langsung atau melalui rekaman dalam ragam bahasa krama
Indikator                                 :
2.1
  1. Mendata pengalaman-pengalaman yang mengesankan yang pernah dialaminya
  2. Mampu menulis cerita dengan ragam krama.
  3. Mampu bercerita secara runtut menggunakan ragam bahasa ngoko andhap
  4. Mampu bercerita secara runtut dengan menggunakan ragam krama.
1.2
1         menyebutkan tema cerita pengalaman pribadi yang didengarkannya
2      Menyebutkan pelaku/tokoh dari cerita pengalaman pribadi yang didengarkannya n
3      menjelaskan perwatakan tokoh-tokoh tersebut
4      menyebutkan setting dengan diberi contoh kalimat pendukungnya
5      Menjelaskan alur cerita pengalaman pribadi yang didengarkannya dengan disertai contoh kalimat pendukungnya
6      menjelaskan amanat yang terkandung dalam cerita pengalaman pribadi yang didengarkannya
7      menuliskan rangkuman dengan ragam bahasa sendiri/berbeda cerita pengalaman pribadi yang didengarkannya
8         menceritakan kembali secara lisan cerita pengalaman pribadi yang didengarkannya
III.       INFORMASI MATERI
Crita kalebu salah sawijining keterampilan Micara. Sing kasebut berbicara/micara yaiku ngetokake/ngungkapake pikiran lan perasaan/rasa-pangrasa sawijining pawongan kanthi sarana tembung-tembung kang rinakit dadi ukara.
Salah sawijining kompetensi micara yaiku bab crita pengalaman sing lucu / nyengsemake.
Carane  milah-milah karangan kang lucu/nyengsemake mawa cara ing ngisor iki !
  1. Tulisen / gawenen dhaftar pengalaman sing nyemsemake ana sajroning bebrayan padinan.
  2. Temtokake salah sawijining pengalaman sing miturut sliramu paling nyemsemake.
  3. Temtokake tujuane crita kuwi digawe.
  4. Rembugen/omongno/critakno karo kancamu apa ancasmu/tujuanmu crita.
  5. Critakno kanthi tinulis cengkorongane crita.
  6. Critakno kanthi lesan crita sakomplite.
Gatekake crita ing ngisor iki !
KLOLODEN KOYOR

            Kaya adat saben angger dina pasaran Legi ing pasar Sapen Wonosobo akeh wong dol tinuku kewan padha teka, wah jan reja temenan kahanane. Adhakane sawisenpadha pepayon kewan sing didol, padha andhok njajan neng warung, ana sing sega rames, brongkos daging sapi, tongseng, sate utawa gule wedhus.
Kaya saben dinane aku adhang-adhang neng ngomah, mbokmenawa ana wong sing butuh pitulunganku. Ana salah sawijining pawongan diterake kancane, ambegane megap-megap kanthi iler kemocor jalaran ora bisa ngulu idu. Wong sing ngeterake mau daktakoni, crita menawa mentas njajan tongseng. Aku age-age nganggo sarung tangan, kanthi posisi lungguh pasien dakkon mangap nuli driji panudingku daklebokake tutuk akobah-obah ngrangsang telak murih muntah. Barengwishoak-hoak bisa muntah, apa sing njalari kloloden katut metu. Wujude iwak kaya koyor ana balunge enom isih wutuh, gedhene saendhog pitik jawa. Pawongan mau banjur bisa ambegan lega lan ngucap matur nuwun marang aku. Barengwissareh pawongan mau nyritakake sawise payu anggone adol wedhus dheweke ngajak kancane mampir njajan mlebu warung pesen tongseng. Jalaran saking ngelihe anggone mamah  durung lembut kesusu diulu. Dumadakan kandheg anggone mangan . tongseng mau ora bisa diulu lan uga angel dilepeh. Mangan tongseng durung rampung, koyor durung lembut nyanthol neng gurung. Apa tumon?
(Soegito-Wonosobo, PS No. 51-18 Des. 2010)
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki !
  1. Perangan crita sing ngendi sing paling nyemsemake ?
Wangsulan : _____________________________________________
  1. Ana ngendi papan panggonan kedadeyan kuwi ?
Wangsulan : _____________________________________________
  1. Kira-kira apa profesine pawongan kang crita?
Wangsulan : _____________________________________________
  1. Apa profesi utawa penggaotane pawongan kang kloloden?
Wangsulan : _____________________________________________
  1. Paribasan apa sing cocok karo kedadeyan ing ndhuwur ?
Wangsulan : _____________________________________________
6.   Gawea ringkesan crita ing ndhuwur saparagraf wae (nganggo basa krama alus)!
Wangsulan : _____________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________
7.    Ringkesan crita singwiskoktulis critakakke (sacara lisan) ana ing ngarep kelas! Dene paugeran mbiji apik lan orane nganggo paugeran ing ngisor iki!
No
Uraian
Kriteria Ketepatan
Benar
Setengah
Salah
1
Pilihan kata
10
5
0
2
Naskah
30
15
0
3
Lafal
20
10
0
4
Intonasi
20
10
0
5
Ekspresi
20
10
0
Total Nilai
100
50
0
  1. PENDALAMAN MATERI

I. Wenehana tandha ping (X)  ana ing aksara a, b, c, d, utawa e ana wangsulan kang bener!
Wacanen pengalaman pribadhi iki kanthi patitis!
KAPEKSA NGGUNAKAKE TV LORO . . .
            Kedadeyan iki tak alami rikala aku isih tugas belajar ingMontpellier– Perancis, yaiku rikala isih sinau Bahasa Prancis, kira-kira wulan April utawa Mei taun 1983, dinane Setu, amarga ya mung Setu lan Minggu aku libur. Guru bahasaku wanti-wanti, supaya cepet bisa Bahasa Perancis, poma-dipoma aja kumpul terus karo wongIndonesia, lan upayakna duwe TV. Aku bisa paham lan setuju anjuran mau, amarga yen kumpul terus karo kanca-kanca Indonesia ngomonge nganggo basa Indonesia terus, ning yen ora tau kumpul nek arep ngoboro-ngobrol kerindhuan  lsp, karo sapa ? Ing awal-awal pancen abot. Mula aku duwe krenteg arep tuku TV bekas, sebab yen anyr cetha durung kwagang. Eh …….. kekarepanku kok ya cocok karo kekarepane kancaku, dhosen saka UNPADBandung.
Esuk jam 07.00 aku wisbebarengan numpak bus kotanomer 2 tumuju neng kantor pos, sakperlu ngeposake layang lan tuku prangko, lsp. Para sutresna kang nate sinau ing njaba, mesthi ngalami yen akhir pekan mesthi kirim suratneng kaluarga. Sakwise cukup keperluan neng kantor pos, aku nuju a la gare (terminal bus), sakperlu golek bus antarkota kang nuju neng pasar lowak, kang jenengane I’arseau. Aku takon karo wong Perancis :”S’ill vous plait, a I’arseau, c’est ou?”  (yen arep neng  I’arseau endio ?). C’est ls nsd, monsieur” wangsulane wong mau karo nuduhake sawijining panggonan. Aku lan kancaku banjur nggoleki bus kang nuju pasar lowak, kayata bus 9. aku mlebu bus, kanthi nuduhake karcis, abonemenku marang supir kang uga ngrangkep kondektur, nuli golek lungguhan.
Pasar lowak papane jembar, wong dodol pirang-pirang, wiwit adol paku rongsokan, nganti mobil. Aku lan kancaku ndedonga muga-muga ora kepethuk kanca Indonesia, ya …. Kepriyea isin. Aku golek papan dodol TV. Akeh TV bekas kang digelar. Kang tak bingungi kok ora bisa dicoba, amarga ora ana aliran listrik. Aku takon kepriye carane nyoba, sing dadi mangsuli karo ngguyu, yen ora bisa. Mula aku kakro kancaku banjur milih TV loro, siji aku lan siji kancaku. TV kang tak pilih isih apik, resik tur kacane bening. Aku milih sing 20 inchi, semono uga kancaku. Regane mung 20 F, mangka yen anyar kira-kira 350 F. TV banjur tak lebokke dhus kang wis takcawisake saka ngomah. Sakwise tak taleni rapi, terus takgawa mulih.
Tekan asrama nuli tak coba, tak goleki anthene 2 lan TF 1, kang biasa nyiyarake acara bahasa. Gambare katon cetha, an berwarna. Aku seneng banget. Banjur tak goleki tombol kanggo ngatur swara, amarga kok ora ana swarane ? Nganti kesel, tetep TV bisu, tegese ana rupa tanpa swara. Mula aku banjur nggoleki kancaku arep ngaruhake kabare Tvne. Eh kanyata kancaku lagi asyik banget ….ngrungokake Tvne, amarga ana swarane ning …….tanpa rupa. Aku crita kahanane TV ku. “ya ra sah ngresula, wong regane murah banget kok kon sempurna”. Keputusane, TV kancaku diseleh neng nggonku, yen arep nonton lan ngrungokake TV disetel bareng loro-lorone.yen arep nonton TV nyetel nggonku, yen mung arep ngrungokake sing disetel TV ne kancaku. Opo tumon  ???
Panjebar Semangat – 50 / 2005
1. Ana ing ngendi kedadeyan kuwi kelakok?
  1. Paris-Perancis
  2. Montpellier– Perancis
  3. UNPAD
  4.  Bandung
  5. Jakarta
2. Apa penggaotane pawongan sing crita?
  1. Guru
  2. Pegawai Pemerintah
  3. Dosen
  4. Tukang loak
  5. Pemulung
3. Ing ngisor iki sing ora cocok karo kira-kirane  wektu kedadeyan yaiku …
  1. Dina Setu
  2. Dina Minggu
  3. Wulan April
  4. Wulan Mei
  5. Tahun 1983
4.  Pira kacekke rega tv kang dituku  ana ing loakan karo tv anyar?
  1. 310 F
  2. 320 F
  3. 330 F
  4. 340 F
  5. 350 F
5. Pira kacekke wektu prastawa kuwi dumadi lan wektu prastawa kuwi dicritakake?
  1. 12 tahun
  2. 13 tahun
  3. 14 tahun
  4. 15 tahun
  5. 16 tahun

Wacanen crita ing ngisor iki kanthi patitis!
OLEH LIWAT MERGA GERING
            Crita iki  pengalamanku dhewe. Nalika iku,  nyolong kayu alias penebang liar pancen dadi panggaotanku. Anggonku nyambut gawe nunggal panggonan karo lokase sawijining perusahaan HPH.
Nalika iku ngepasi wulan Februari, taun 1992. aku sarombongan bisa mlebu kono iku ora liwat dalane perusahaan, nanging liwat dalan liya, sing yen mentas kudanan mesthi ora bisa diliwati mobil.
Sawijining dina aku sakanca rada bingung. Jalarane, mobil wis kadhung mlebu alas, ndilalah cuacane udan terus. Dadi mobil kebetheng ora bisa metu. Kejaba truk wis muatan balokan kebak, ing dina iku uga aku kudu bisa tekan ngomah merga ana keperluan sing nylepeg banget.  Siji-sijine dalan ora ana liya kejaba kudu liwat dalane perusahaan. Kamangka ing kono ana portal-e sing dijaga satpam rina wengi, kejaba kendharaan perusahaan kono dhewe, ora entuk liwat.
Sidane aku sakanca nekad mulih liwat dalan sing dijaga satpam kasebut. Kanthi cara  ‘     nyandiwara’. Kebeneran , salah sijining kancaku, Si R, pawakane pancen ngloyet gering kanthi praen pucat abadi.
Sakwise lakuku wis cedhak portal, Si R direka-reka kaya wong lara. Dipangku wong telu ing jok ngarep. Awake disengaja ngliga, bathuke ditempeli andhuk cilik teles.
Sakawit pak Satpam nggekeng ora gelem mbukak portal, najan wis dikandhani yen nggawa wong lara. Nanging bareng nginguk njero mobil, lan weruh kahanane Si R, sakala pak Satpam runtuh rasa welase, karo cluluk, “Waduh kasihan, kok sampai kurus pucat begitu, sudah berapa hari sakitnya temanmu itu ?”
“Baru tiga hari ini Pak, “ wangsulanku kanthi sopan.
“Ya sudah, cepat sana lewat !” kandhane nyusu-nyusu kuwatir selak konangan.
Lolos saka kono aku sakanca nyekakak , bungahe ngungkuli pitik nemu rayap.
                                                                                    Panjebar Semangat – 04 / 2006
6. Kapan prastawa kuwi dumadi?
  1. Februarai 1982
  2. Februari 1992
  3. Februari 2002
  4. Maret 1982
  5. April 2006
7.  Dene prastawa kuwi nembe dicritakake tahun ….
  1. Februarai 1982
  2. Februari 1992
  3. Februari 2002
  4. Maret 1982
  5. April 2006
8. Pira kacekke wektu prastawa kuwi dumadi lan wektu prastawa kuwi dicritakake?
  1. 12 tahun
  2. 13 tahun
  3. 14 tahun
  4. 15 tahun
  5. 16 tahun
9. Paribasan apa sing cocok karo prastawa ing ndhuwur?
  1. Mburu uceng kelangan delek
  2. Gajah ngidak rapah
  3. Adigang, adigung, adiguna
  4. Ora ana rotan ayot ya kanggo
  5. Pager mangan tanduran
10.  Ing ngisor iki sing ora kalebu watake aku…
  1. Kendel
  2. Pinter
  3. Julik
  4. Sugih akal
  5. Prasaja
Crita ing ndhuwur wacanen kanthi permati ! Banjur wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki !
  1. Perangan ngendi sing paling nyemsemake ?
Wangsulan : ___________________________________________________
  1. Ana ngendi crita kuwi kedadeyan ?
Wangsulan : ___________________________________________________
  1. Kapan kedadeyan kuwi kelakon ?
Wangsulan : ___________________________________________________
  1. Upamane awakmu dadi satpam, apa sing arep kok tindake ?
Wangsulan : ___________________________________________________
  1. Paribasan apa  sing cocok kanggo kahanan ing ndhuwur ?
Wangsulan : ___________________________________________________
  1. 1. Coba gawea crita lucu utawa crita sing nyemsemake bab-bab singwistau
bok  alami !
2. Sakwise tinulis,critakno  tanpa nganggo buku !
3. Yen perlu, wektu crita nganggo gaya/peragaan !
NERAPAKE PARIKAN LAN WANGSALAN
ANA SAJRONING TEMBANG
            Mata Pelajaran              : Bahasa Jawa
Kelas / Semester           : X / I
Metode                         : Latihan, tanya jawab, demontrasi, diskusi, ceramah
Waktu                          : 2 x 45 Menit
================================================================
I.          PANUDUH PIWULANG
  1. Supaya paham informasi / berita lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
  2. Uga maca Materi Bab NERAPAKE PARIKAN LAN WANGSALAN ANA SAJRONING TEMBANG
  3. Kanggo ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane.
  4. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
  5. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki/disepakati bebarengan.
  6. Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.
II.        KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH
Standar Kompetensi     :
BERBICARA
Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan secara lisan nonsastra maupun sastra dengan menggunakan berbagai ragam dan unggah-ungguh bahasa Jawa
Kompetensi Dasar       :
Berdialog menggunakan parikan/wangsalan
Indikator                     :
  1. Menjelaskan ciri-ciri parikan
  2. Menjelaskan pedoman pembuatan parikan
  3. Menjelaskan ciri-ciri wangsalan
  4. menjelaskan pedoman pembuatan parikan
  5. Mampu membuat parikan  dengan benar
  6. Mampu membuat wangsalan dengan benar
  7. Mampu berdialok dengan menggunakan parikan
  8. Membuat dialog dengan menggunakan wangsalan
  9. Memeragakan dialog dengan menggunakan parikan/wangsalan

III.       INFORMASI MATERI

  1. A.     Parikan
Parikan kalebu salah sawijining puisi lawas. Parikan iki padha karo puisi tradhisional Melayu kangaran pantun. Puisi iki ngemu surasa purwakanthi swara/rima/sajak. Cacahe parikan iki ana sing 2 larik ana uga sing patang larik. Yen ana pantun, rong larik mau diarani karmina/pantun kilat. Ciri-cirining parikan :
1)      Nduweni purwakanthi ab-ab.
2)      Yen kedadeyan saka rong baris, baris kapisan sampiran lan baris kapindho isi. Nanging yen dumadi saka patang baris, baris 1-2 sampiran, baris 3-4 kasebut isi.
3)      Endhote parikan ana sing 4-4 lan 4-8 (kanggo sing rong larik), 8-8 (kanggo sing patang larik). Pedhotan tegese gunggunge wanda saben sak gatra.
4)      Guna paedahe parikan kanggo pitutur, nyemoni, utawa gojegan ana ing pacelathon.
Tuladha parikan sing pedhotan 4 – 4, 4 – 4
  1. Manuk emprit, nucuk pari (4 – 4 ======= Sampiran)
pitutur
Dadi murik, sing taberi      (4 – 4 ======= Isi)
  1. Jemek-jemek, gula jawa (4 – 4 ======== Sampiran)
pitutur
Aja ngenyek, padha kanca (4 – 4 ======  Isi)
  1. Manuk tuhu, mencok pager (4 – 4 ====== Sampiran)
pitutur
Yen sinau, dadi pinter       (4 – 4 =======  Isi)
Tuladha pedhotan 4 – 8, 4 – 8 :
  1. Kembang mlathi, warna peni ngganda wangi (4 – 8)
pitutur
Watak putrid, kudu titi ngati-ati (4 – 8 )
  1. Gudheg manggar, bumbune mrica ketumbar (4 – 8)
pitutur
Lamun sabar, bisa lejar serta binger (4 – 8)
  1. Kembang kencur, tinandur tepining sumur (4 – 8)
pitutur
Sapa jujur, bakal luhur klawan makmur (4 – 8)
  1. Esuk nakir sore nakir (8)
Sing ditaksir godhong ploso (8)
Nyemoni
Esuk mikir sore mikir (8)
Sing dipikir ora krasa (8)
  1. Jangan kacang jangan kara (8)
Kaduk uyah kurang gula (8)
Da gula ada semut                                                         pitutur
Piwelingku mring pra mudha (8)
Aja wedi ing rekasa (8)
  1. Yen kembang kembang cempaka (8)
Dudu kembang arum dalu (8)
Pitutur
Mumpung sira isih mudha (8)
Den asregep ngudi ngelmu (8)
Tembang ing ngisor iki nganggo ukara-ukara kang ngandhut parikan . Coba golekana parikane!




JAMBU  ALAS
Kelingan manis eseme
Trus kelingan ramah gemuyune
Tresna lan kasih, kasih sayange
Kapan iku klakon dadi bojone
Sayangewisduwe bojo
….
Nelangsa rasaning ati
Yen aku ra klakon melu nduweni
Jambu alas sakulite ijo
Sing digagaswisduwe bojo
Adagula ada semut
Durung randha aja direbut
….
Jambu alas manis rasane
Senajan tilas tak enteni randhane
….
Parikan
Paugerane
Katrangan









  1. B.     Wangsalan
Wangsalan yaiku unen-unen kang awujud cangriman kang batange ana ing njero unen-unen kuwi. Wangsalan dianggo ana pacelathon saben dinane.
Tuladha wangsalan :
  1. Wah, kok njamur gunung, kadingaren njenengan tindak mrene.
(jamur gunung = aren : kadingaren)
  1. Bocah cilik ora pareng ngrokok cendhak, saru kuwi kok neges-negesi barang
(ngrokok cendhak = tegesan; neges-negese)
  1. Aja njenang gula, lho, le, yen diutus ibu; mengko kowe lali
(jenang gula = glali : lali)
  1. Esuk-esuk kokwisnggodhong garing, kepenak tenan anggone nglaras.
(godhong garing  = klaras; nglaras)
  1. Balung klapa, ethok-ethok ora ngerti yen disapa.
(balung klapa = bathok = ethok-ethok

IV.       PENDALAMAN MATERI
Gawea kelompok sing gunggunge 5 siswa. Saben kelompok nggarap tugas-tugas ing ngisor iki !
  1. Gawea parikan kanthi paugeran ing ndhuwur (purwakanthi, sampiran, la nisi, pedhotan) !
a)      pedhotan  4 – 4, 4 – 4
…………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………
b)      pedhotan  4 – 4, 4 – 4
…………………………………………………………………………………………………
c)      pedhotan  4 – 8, 4 – 8
…………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………
d)      pedhotan  8 – 8, 8 – 8
…………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………
  1. 2.          Wangsalan iki terangna tegese !
Tuladha : mbalung geni, mbok menawa aku entuk rejeki dina iki !
Mbalung geni = mawa dadine, mbok menawa
a)      Balung jagung ta, le, aja janggelan !
Wangsulan ………………………………………………………………………………….
b)      Aja mutra bebek, wira-wiri ana apa ?
Wangsulan ………………………………………………………………………………….
c)      Dadi bocah apa seneng nglemadi bengkah, ta, kok nyela-nyela !
Wangsulan ………………………………………………………………………………….
d)      Wah….pasar cilik tenan ki, sida wurung anggonku lungan
Wangsulan ………………………………………………………………………………….
e)      Awas kowe kancing jaja tenan, titenana
Wangsulan ………………………………………………………………………………….
f)       Mesin tulis, Mas witikna aku kudu kepriye ?
Wangsulan ………………………………………………………………………………….
g)      Senengane kok nyega mambu, pamer sepatune sing anyar !
Wangsulan ………………………………………………………………………………….
h)      Mrica kecut, Mbak, sauni-unine taktampakok
Wangsulan ………………………………………………………………………………….
i)        Damar mancung, Mas, cinupet samene dhisik anggone rembugan
Wangsulan ………………………………………………………………………………….
j)        Bantal dawa ya, Ngger, elinge mrang Kang Maha Kuwasa
Wangsulan ………………………………………………………………………………….
Tembang ing ngisor iki nganggo ukara-ukara kang ngandhut parikan . Coba golekana parikane lan wangsalane!

JENANG GULA

Jenang gula kowe aja lali marangaku iki ya, Kangmas
Nalikane nandhang susah sapa sing ngancani
Dhek semono aku tetep tresna lan tetep setya, dhuh, Kangmas
Dereng nate gawe gelo lan gawe kuciwo
Ning saiki bareng mukti
Kowe kok banjur lali marang aku
Sithik-sithik mesthi nesu banjur ngajak padu
Jo ngono ajo ngono
Apa kowe pancen ra kelingan
Jamane dhek biyen, dhuh, Kangmas….
V. TUGAS
Gollekana tembang-tembang Jawa kang nduweni parikan utawa wangsalan!


MAOS LAN NYERAT AKSARA JAWA
            Mata Pelajaran              : Bahasa Jawa
Kelas / Semester           : X / I
Metode                         : Latihan, tanya jawab, demontrasi, diskusi, ceramah
Waktu                          : 2 x 45 Menit
================================================================
I.          PANUDUH PIWULANG
  1. Supaya paham informasi / berita lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
  2. Uga maca Materi Bab MAOS LAN NYERAT AKSARA JAWA.
  3. Kanggo ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane.
  4. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
  5. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki/disepakati bebarengan.
  6. Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.

II.        KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH
Standar Kompetensi     :
4 MENULIS
1. Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan dalam berbagai jenis karangan nonsastra maupun sastra mengguna-kan berbagai ragam bahasa Jawa sesuai dengan unggah-ungguh dan menulis dengan huruf Jawa
3. MEMBACA
Mampu membaca dan memahami  bacaan sastra maupun nonsastra, berhuruf Latin maupun Jawa dengan  berbagai keterampilan dan teknik membaca.
Kompetensi Dasar :
4.1 Menulis ringkasan wacana nonsastra tentang budaya jawa
3.2Membaca pemahaman wacana berhuruf Jawa 10-15  kalimat
Indikator         :
1. Menulis kalimat yang mengandung angka ke dalam huruf jawa
2. Menulis kalimat yang mengandung aksara swara dalam huruf  jawa
3. Menulis wacana sederhana dengan topik tertentu ke dalam huruf jawa
4. Manyunting wacana yang ditulis  dalam huruf jawa oleh temannya
5. Melakukan transliterasi pada wacana berhuruf jawa
  1. 6.      Membaca wacana berhuruf jawa dengan pemenggalan dan  intonasi/pelafalan yang tepat
  2. 7.      Menjawab pertanyaan yang berhubungan dengan bacaan

III.        INFORMASI  MATERI
AKSARA JAWA
 AKSARA JAWA CARAKAN/NGLEGENA
Huruf Pengetikan Aksara Jawa Huruf Pengetikan Aksara Jawa
Ha
a
a
pa
p
p
Na
n
n
dha
d
d
Ca
c
c
ja
j
j
Ra
r
r
ya
y
y
Ka
k
k
nya
v
v
Da
f
f
ma
m
m
Ta
t
t
ga
g
g
Sa
s
s
ba
b
b
Wa
w
w
tha
q
q
La
l
l
nga
z
z

  1. AKSARA JAWA PASANGAN
H
H
H
p
P
P
N
N
N
dh
Dh
D
C
C
C
j
J
J
R
R
R
y
Y
Y
K
K
K
ny
V
V
D
F
F
m
M
M
T
T
T
g
G
G
S
S
S
b
B
B
W
W
W
th
Q
Q
L
L
L
ng
Z
Z
  1. AKSARA JAWA SWARA
AKSARA LATIN
PENGETIKAN
AKSARA JAWA
A
A
A
I
I
I
U
U
U
E
E
E
O
O
O
D. AKSARA MURDA
Aksara latin
Pengetikan
Aksara murda
Na
!
!
Ka
@
@
Ta
#
#
Sa
$
$
Pa
%
%
Nya
^
^
Ga
&
&
Ba
*
*
E. AKSARA REKAN/REKAAN
AKSARA LATIN
PENGETIKAN
AKSARA JAWA
Kh
k+
K+
F
p+
P+
Dz
f+
F+
Gh
g+
G+
Z
j+
J+

F. AKSARA WILANGAN JAWA
Aksara latin
Aksara jawa
Pengetikan
Aksara jawa
1
1
6
6
2
2
7
7
3
3
8
8
4
4
9
9
5
5
0
0
G. AKSARA SANDHANGAN                 
NAMA SANDHANGAN
AKSARA LATIN
PENGETIKAN
AKSARA JAWA
Wulu
I
I
I
suku
U
U
U
taling
E
[
{
pepet
E
E
E
Taling tarung
O
[o
[  o
layar
_r
/
/
wignyan
_h
H
H
cecak
_ng
=
=
Pangkon/pangku
\
\
pengkal
_ya
- (minus)
-
cakra
_ra
]
]
keret
_re
}
}
Adeg-adeg
Awal kalimat
?
?
Pada lungsi
Titik
.
.
Pada lingsa
Koma
,
,
Pada pangkat
Mengapit angka
“   “
IV. PENDALAMAN MATERI
I. Wenehana tandha ping (X) ana aksara a, b, c, d, utawa e ana wangsulan kang paling bener!
 Wacanen aksara jawa ing ngisor iki!
?kyk=aumu[mMwisFisumurupPi,Uns\:2010:zsilL[kA=kkelulusSnK=sy[m]o
[sot\,secrnsi[yonl\A=kkelulusSn\UnsHi=se[kolhanSeti=kt\s,m,A,taun\:2010:mu=:89,88:pe/[sn\,ategesM|dunFibnDi=k[roA=kkelulusSn\UnsTaun\:2009:k=cch[a:94,85:pe/[sn\,a[nh[a,A=kkegglLn\UnsHikik=pli=duwu/mlhtinemuai=[yogYk/t,k=aumu[mMfia=gepMi[no=kb[ro[mte/[rpenDidiknHi= I[nDo[nsiyh.miturut\sTtisTik\ti=kt\A=kkegglLn\UnsHi=[yogYk/tmunDk\:400:pe/[snFibnDi=k[roA=kkegglLnTaun\:2009:m=k[yogYaikufibijikfi[f[n pelkSnUnsK=pli=juju/.ai[k[naikiategesSi=juju/mlhaju/.akib[tT,[aorwuru=kef[fynHikimesQibklN|wuha[krstidtidlnK|r=pe/cymr=asi[lLUns\,
1. Isi paragraph ing ndhuwur ngrembuk babagan ing ngisor iki kajaba ….
  1. Asile Unas tahun 2010 ajur
  2. Asile Unas tahun 2009 luwih apik
  3. Asile Unas ing Yogya malah ajur
  4. Ana rasa tidha-tidha lan kurang percaya marang asile Unas
  5. Unas tahun 2010 luwih apik tinimbang tahun 2009
2. Asile Unas ing tahun 2010 …%
a. 88,88%         b. 89,88%         c.99,88%                      d. 88,98%         e. 89,89%
3. Dene ing tahun 2009 asile UNas …%
a. 88,88%         b. 89,88%         c. 94,95%         d. 94,85%         e. 85,94%
4.Kotasing paling jeblog anggone entuk-entukan Unas yakuwi ….
a.Semarang      b.Bandung        c.Surabaya       d. Yogyakarta    e.Jakarta
5. Tingkat kegagalan UNas ingkotasing jeblog mau mundhak dadi … persen.
a. 100               b. 200               c. 300               d. 400               e. 500
6. Kutha sing jeblog anggone pikolehan Unas ana paragraf ing ndhuwur, cocok menawa diwenehi unen-unen….
  1. Sapa sing jujur balak tinemu slamet
  2. Sapa sing jujur bakal ajur
  3. Wong temen bakal tinemu
  4. Alon-alon waton klakon
  5. Wong sing temen bakal sukses
?saunTraikua=grn\UnsHugmunDkH[khbzet\,[ynHi=taun;2009;rgf\Uns\k=[goswe/nni=ti=ktTnM|=;483;milY/rupiyh,taun\;2010;aikip]sstMe[vCo
[lotFfi;592;miilY/rupiyh.si=fikuwti/r[k,ajajasike[pPpama[rnThk=sj[kZo[totTetepMe/tanN[kUnsMauang[nD=[c[n=[zk[roanFefe[lLa=g/rnMau.
li[r,UnsHxpFif[fkK[k[p]o[y[kFni=OkN|mT/temT|.
7. Pira ragade Unas ing tahun 2009?
a.  480 milyar    b. 481 milyar                 c. 482 milyar     d. 483 milyar     e. 484 milyar
8. Dene Unas tahun 2010 ngentekake ragad ….
a. 589 milyar     b. 592 milyar     c. 529 milyar     d. 952 milyar     e. 259 milyar
10. Pira kacekke ragad UNas ing tahun 2009 karo tahun 2010?
a.  7 milyar        b. 8 milyar         c. 9 milyar         d. 10 milyar
II. Aksra jawa ing dhuwur salinen nganggo aksara latin!
1.  ?kyk=aumu[mMwisFisumurupPi,Uns\:2010:zsilL[kA=kkelulusSnK=sy[m]o
[sot\,secrnsi[yonl\A=kkelulusSn\UnsHi=se[kolhanSeti=kt\s,m,A,taun\:2010:mu=:89,88:pe/[sn\,ategesM|dunFibnDi=k[roA=kkelulusSn\UnsTaun\:2009:k=cch[a:94,85:pe/[sn\,a[nh[a,A=kkegglLn\UnsHikik=pli=duwu/mlhtinemuai=[yogYk/t,k=aumu[mMfia=gepMi[no=kb[ro[mte/[rpenDidiknHi= I[nDo[nsiyh.miturut\sTtisTik\ti=kt\A=kkegglLn\UnsHi=[yogYk/tmunDk\:400:pe/[snFibnDi=k[roA=kkegglLnTaun\:2009:m=k[yogYaikufibijikfi[f[n pelkSnUnsK=pli=juju/.ai[k[naikiategesSi=juju/mlhaju/.akib[tT,[aorwuru=kef[fynHikimesQibklN|wuha[krstidtidlnK|r=pe/cymr=asi[lLUns\,
Wangsulan:
__________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________
2. ?saunTraikua=grn\UnsHugmunDkH[khbzet\,[ynHi=taun;2009;rgf\Uns\k=[goswe/nni=ti=ktTnM|=;483;milY/rupiyh,taun\;2010;aikip]sstMe[vCo
[lotFfi;592;miilY/rupiyh.si=fikuwti/r[k,ajajasike[pPpama[rnThk=sj[kZo[totTetepMe/tanN[kUnsMauang[nD=[c[n=[zk[roanFefe[lLa=g/rnMau.
li[r,UnsHxpFif[fkK[k[p]o[y[kFni=OkN|mT/temT|.
Wangsulan:
_________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________
III. Paragraf ing ngisor iki salinen nganggo aksara jawa!
1.  Argumentasi menawa UNAS mujudake standardisasi tumrap bocah-bocahIndonesiamujudake alesan kang digawe-gawe. Sebab, kepriye kita biisa meksa-meksa nemtokake standar tumrap samubarang kang nyatane kahanane pancen beda? Beda kang ora sethithik kok arep diukur mawa standar kang padha.Wisgenah ora tinemu nalar blas.
Wangsulan:
_________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________
2. adhedhasar apa kang katur kabeh mau, kaya-kaya saiki iki timbul kontradiksi Anggaran pendidikan kena diarani wis luwih saka cukup, dana kanggo Unas mundhak terus, nanging mutune pendidikan prasasat ora ana majune.
Wangsulan:
_________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________


V. TUGAS
Aksara Jawa ing ngisor iki wacanen ing ngarep kelas!
kuqslaisihfuru=fu[wcirik+sB|fy
?a[kh[w=osi=pdvebutK|qslmi[n=okkuqbufy,am/gk][tonSurk/tafini=rtWisFia[konimi[n=oksumBe/ri=bufyjw,nzi=k[bhmau,mnutZenFik[n$inuwun\[#
[jowulnHiki,cirik+[sSfuru=k[ton\mlhpentanK|qslaisihsem]wut\aisihpdk[rokuqkuqliy[n,furu=anF|[wnicirik+sMi[n=okkuqbufy,mlhkeprsem]wut\,m=[ko[nop][tl[n$inuwun\[#jwuln\,
?$inuwun\[#jwul[nMo[nomi[n=okslhsiji[nput]%@u#uw!;12;si=fia=gepHmB[l[lo[fni=sefulu/sefulu/[r,am/gae[mohz[konNi[yn\g,p,a,az[bhai,k=m
[sS,zed[tonMi[n=ok%@u#uw!;13;a=ge[nTnNikX=gha[nNrm[n.mulg,p,a,[t[jowul!BvJ|/[aovCtSkk][tonSurk/tafini=rtBvJ|/mfegMi[n=oks,I,k,s,p,b,;13;ai=ssnpu/nmb]n\surk/tsi=pe/nh[aansisihku[lonK`[tonSurk/t.
?bukTii[n,p][tl[nN[t[jowul!\nlik[w=owiwit\m<bugpurwtesK|qznTiai=je[rokuqsl,rs[n[aorzes\pdk[rom<bukuqliyaumu[mM.[bfk[robblisii=anF|[wnicirik+s\mLigi.
?sbvJu/[r[t[jowul!HugzenFik,pm[rnTh[kotslkufugeXmZ|riauribufy[loklK|qsl,s[a=gpentanK|qsl[aortmBhsem]wut\nzi=



MIRENGAKEN CRITA RAKYAT
            Mata Pelajaran              : Bahasa Jawa
Kelas / Semester           : X / I
Metode                         : Latihan, tanya jawab, demontrasi, diskusi, ceramah
Waktu                          : 2 x 45 Menit
================================================================
I.          PANUDUH PIWULANG
  1. Supaya paham informasi / berita lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
  2. Uga maca Materi Bab MIRENGAKEN CRITA RAKYAT
  3. Kanggo ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane.
  4. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
  5. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki/disepakati bebarengan.
  6. Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.
II.        KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH
Standar Kompetensi     :
1. MENDENGARKAN
Mampu mendengarkan dan lisan smemahani wacana astra maupun nonsastra dalam berbagai ragam bahasa Jawa

Kompetensi Dasar                   :
1.3 Mendengarkan cerita rakyat yang disampaikan secara langsung atau melalui rekaman
Indikator                                 :
  1. menyebutkan tema cerita rakyat yang didengarkannya
  1. Menyebutkan pelaku/tokoh dari cerita rakyat yang didengarkannya
  2. menjelaskan perwatakan tokoh-tokoh tersebut
  3. menyebutkan setting dengan diberi contoh kalimat pendukungnya
  4. Menjelaskan alur cerita rakyat yang didengarkannya dengan disertai contoh kalimat pendukungnya
  5. menjelaskan amanat yang terkandung dalam cerita rakyat yang didengarkannya
  6. 7.      menuliskan rangkuman dengan ragam bahasa sendiri/berbeda cerita rakyat  yang didengarkannya
  7. 8.      menceritakan kembali secara lisan cerita rakyat  yang didengarkannya
III.  INFORMASI  MATERI
Crita rakyat ing ngisor iki wacanen kanthi permat !
NYI PUSPO CEMPOKO
           
Udan wiwit esuk mau nggrejeh. Hawane adhem senajan ora njekut, nangingwisnyebabake wong wegah metu. Kejaba sing pancen duwe kebutuhan ndheseg pilih njintel neng ngomah. Nyetel tv, mangan enak lan liyane maneh sing sarwa enak.
Angen-angen kaya kuwi jian pas ceples kaya angen-angene Jaiman, joko tuwa sing njingkrung kemulan sarung lungset ing becake. Becak sing biasa mangkal neng pojok prapatan Gendingan Pemuda. Dina-dinane biasane rame tarikan penumpang saka blanja ing Sri Ratu Supermarket, utawa sing lagi mlaku-mlaku  ing Bojng. Ning wis rong ndina iki prasasat pasa merga udane nggrejeh saka esuk nganti sore. Nyoba mbecak jatah wengi, malah luwih nelangsa maneh. Penumpang bisa diitung driji. Nggo setoran becak bae nombok. Kayadene awan kuwi pangirane ya bakal tombok setoran maneh. Mangka setoran rong dina wingi durung kebayar. Ngkoh Mboe wis ngabani yen dina iki wancine setoran. Ning wiwit esuk ora entuk narik becake maneh. Sida kojur, arep nyambut gawe apa maneh ?
Kelunta-lunta tekan Semarang ibukotane Jawa Tengah, sengaja ngumbara golek upa. Omah lan sawah sailat ing ndesane Boyolaliwiskendhang di dol. Kanggo nambakke simbokne singwisrandha. Larane kaya larane wong sugih, komplikasi diabetes, liver ditambah jantung,wiskomplit. Siji ditamani liyane kumat, gonta-ganti nganti kemput digolekake tamba, ya dhukun, dokter klebu wong pinter paranormal. Tekan wancine entek alas entek kandhang malah nyawane ora ngukup. Adhine lanang siji ndhil Jaikun, wis ora gelem ngurusi simbokne. Kalah pengaruh karo bojone sing sugih, Jaikun pilih mapan ing Jakarta. Kabare saiki dadi pemborong sing cukup sukses.
Meh kabeh gaweyan kasar wis dilakoni Jaiman. Saka nguli batu, nguli reresik uwuh ing pasar pecinan Gang Baru, buruh lepas pabrik batako lan liyane. Ora bisa netep awit kabeh gaweyan sing diayahi mau mung tenaga musiman. Arep nyoba nguli manol ning Pasa Johar, Pedamaran utawa Beteng, dheweke ora duwe modal setor kanggo nuku lahan. Rega sing dipathok dening mandor sepuluh nganti limalas yuta. Dhuwit saka ngendi ?
Kanggo ngawekani hawa adhem lan rasa bosen, ketambahan sumpek njintek ing njeron becak sing krukuban, Jaiman mbukak sendheman jok. Ing kono dislempitake plastik jas udan lan lembaran tabloid mistik sing dijupuk saka tumpukan koran lan buku bekas, nalika ngangkut bakul rombengan wingenane. Tabloid kuwi ngemot artikel bab mistik pesugihan, ditulis kahanan papan lan carane njaluk pesugihan. “Nyi Puspo Cempoko”. Merga mung tamatan SD, anggone maca ya grothal-grathul. Diwaca tuntas syarat-syarat lan akibat tembe mburine. Atine banget ketarik nanging tidha-tidha, antarane nerusake kekarepan apa mundur sadurung melangkah. Ngelingi kahanane uripe sing ngrekasa prasasat ora nduwe masa depan, atine dadi gilig. Nanging ngelingi khotbahe Ustadz Munawar mau bengi ing mushola, dheweke dadi gojak-gajek maneh.
Esuk kuwi Jaiman wis nangkring ing ndhuwur bis ekonomi jurusan lasem. Liyer-liyer sawise wareg mangan mi kopyok ing Terminal Terboyo – Semarang. Jenenge bae bis bumel, yen jamane cilikane Jaiman sejajar karo sepur truthuk. Saben ana wong nyetop dindhegi. Bis gedhe kuwi rasane sumpeg mambu kringet campur swara serak asal muni, saka pengamen mbarang nganggo kencrung.
“Oooo kowe meh lunga mrana ta le …… pa wis mbok antepi tenan tekadmu kuwi ? Tebusane pancen enak-enak neng ya rekasa uga. Nyai-ne iku kejem lo le, nek kowe wani nganti slingkuh……. Woo sida njengking tenan mengkone!” Kandhane penumpang setengah tuwa, sing lungguh ing sandhinge. Wola-wali senajan mung lirih  supaya ora krungu penumpang liyane , ngandhani Jaiman  sing ketrucut sedyane marang penumpang lanang setengah tuwa kuwi.
”Mpun pokoke mpun kula tekadi kok lik, timbang urip mung mecak ngaten terus, nggih njajal ngrasake urip penak ngoten lik. Lha jenenge  usaha  rak nggih kudu dikendeli lan lan diwaneni ngoten,” sumaure Jaiman mbalik kaya wong ngajarari.
Penumpang mau meneng sedhela karo mandeng menjaba. “Lha kowe wis ngerti ancer-ancere papan kuwi le?”
“Nggih dereng lik, napa sampeyan ngertos utawi nate ngrika?”
Wong lanang kuwi nyedhot rokok, asape disebul nglepus’ ora urusan ngganggu penumpang liyane, jaragan bis ekonomi tanpa AC. Banjur bisik-bisik maneh ancer-ancer dununge makam kramat Kabongan ing  Rembang, papan pesugihan Nyi Puspo Cempoko. “Aku mbiyen nate ngeterake dulur misanku mrana….. kira-kira wis sepuluh tahunan kepungkur. Uripe njur mubra-mubru, nyampar nyandhung tiba kepenak dadi wong sugih….. nanging setengah taun kepungkur, matine ngenes banget …..”.
“Ngenes dos pundi lik ?!” pitakone Jaiman ngangseg.
“Ora perlu dak critakake, wong kowe mau wis mantep kepengin mrana. Ya enggal diayati lan sing ngati-ati,” kepunggel kojahe wong lanang setengah tuwa mau, nalika bis mlebu lan parkir ing terminal Kudus. Wong kuwi ngepuk-puk pundhake Jaiman karo mandeng landhep. Apa rasa welas ing sunar mripate. Sabanjure pamitan mudhun sebab pancen wis tekan tujuane, kari Jaiman ngingsed lungguhe, nunggu bis mangkat menyang Rembang. Panas wiwit sumelet nalika ngliwati kutha Juwana, kanan keringe dalan mung tambakl-tambak uyah werna putih, gawe sulap ing mata. Wusana liyep ngantuk sakeplasan. Ing antara ngliyepe kuwi kaya ditunggu lan diawe-awe wanita ayu mesem manis madu. Jaiman digandheng mlebu wewangunan endah kaya kraton jaman biyen. Gragrapan nalika kondektur bis mbengoki penumpang, yen wis tekan terminal Rembang, terminal ing pinggir pesisir ora pati rame penumpang.
Sulur-sulur wit gedhe nambahi swasana angker ing pekuburan umum Kabongan. Senajan srengenge ndrandhang, rasa singup kuwi tumlawung ing pasujarahan Nyi Kabongan, utawa sing disebut Nyi Puspo Cempoko. Apamaneh yen wayahe surup utawa tengah wengi, dheweke kudu semedhi ing papan kuwi ijen, kaya sarat sing dikandhakake enggal sugih mblegedhu, paribasan nasak geni marong tetep dilakoni.
“Ngadhepi magrib mengko, kowe adus kramas ing sumur tuwa kae. Lagi dakter ngalap pesugihan marang Nyi Puspo Cempoko. Tabuh kenthongan kaping rolas keprungu saka kadohan, saka gerdhu kamling ronda desa sacedhake kuburan Kabongan, mratandhani wis tengah wengi, sangar lan sangate wektu nenepi.
Mripate sepet kandel rasane mbliyut ngantuk. Saliyane pancen kesel ing perjalanan, uga swasana sepi mamring ijenan tanpa rowang. Wis dipeksa ngganjel mata, nanging rasa ngantuk kuwi saya nggandhuli, ler ngliyep kesilir angin. Ing antarane liyep ngaluyup, Jaiman rumangsa ketemu karo paraga ayu kaya nalika keturon ing bis. Ing kono wanita sing ayune uleng-ulengan, lancir kuning lan weweg isi kuwi, kaya ngacarani Jaiman mlebu ing pendhapa omahe. Omah sing  njenggarang kaya kraton, omah sing endah sing durung nate ditemokake Jaiman ing ngendi bae. Omah sing mencorong padhang, senajan tanpa lampu nanging gebyar sulak kencana tretes manikam. Esem lan lelewa dalasan ganda wangi sing ngambar saka angane paraga ayu kuwi, ngungkat ati lanange Jaiman makantar-kantar. Dhasare Jaiman tukang becak sing ora duwe kasil tetep, bisane mung kenal lan srawung karo perek ciblek planyahan sing mangkal ing halte lan pinggir ndalan                                               , yen dheweke lagi mbecak wayah wengi. Nyawang putri ayu lelewa karo nglukar busana setengah nglegena. Birahine murub kesulut, ancang-ancang nyaut mumpung swasana omah kaya kraton kuwi sepi.
Nanging durung nganti njangkah, paraga ayu kuwi aweh sasmita supaya Jaiman ora nyedhak. Senajan sawangan endah panas kuwi kaya dipamerake, nanging dheweke kayadene kepaku tetep lungguh sila sedheku. Mung panyawange kedher gawe sirahe nggliyer. Paribasan wong ngelak lan  keluwen,  dicepaki dhahar lan unjukan sarwa mirasa, nanging ora bisa muluk lan nenggak.
“Durung wancine kang Jaiman njawat lan nyenggol aku, sebab uba rampe sing dadi paugeran durung kok cukupi. Mengko malem Selasa Kliwon ngarep, aku sing bakal methuki kakang, ing kono aku bakal pasrah bongkokan, lan bakal aweh pitulungan kamulyanmu. Nanging sadurunge kakang kudu ngecap jempol perjanjen pati urip karo aku, diwaca dhisik apa sing ketulis ing pernjanjen iki. “Manis sengaja nyenggolake payudara sing weweg nyengkir gading ing lengene Jaiman.
Gulungan mori putih kuwi dibukak, dheweke wis ora kober lan ora kepengin maca larikan ukara perjanjen, mung ngerti yen ing sisih ngisore wis akeh banget tandha cap jempol werna abang getih. Nyi Puspo menehake peso cilik landhep mingis-mingis, nyasmita supaya dheweke ngiris jempole tengen. Ilining getih dicapake ing mori putih sing wis ana jenenge dheweke. Nyi Puspo nggulung maneh mori putih kuwi, lan sepisan maneh nyenggolake kuwi luwih mepet payudarane ing lengene Jaiman, karo mbisiki : “Cepakna kamar lan uba rampene ing ngomahmu, kamar sing ora kena dileboni utawa dianggo sapa bae. Malem  Selasa Kliwon ngarep aku bakal teka “leladi” marang kakang. Saiki kakang kena bali ….. kakang kari nunggu kanugrahanku, sebab wis resmi dadi pendherekku ….hi ….hi ….hiiii”, Nyi Puspo nyekikik mbidhung ati, mundhur saya samar kebuntel pedhut sing nggembuleng. Jirat makam bali wening, kesaput bun lan gumeriting swara barongan pring pinggir kuburan. Lamat-lamat kenthong lan adzan subuh ngumandhang saka mesjid desa Kabongan.
Jaiman bali ing Boyolali, wis seminggu iki dheweke reresik omah cilik, tutupan gedheg payon gendheng ndesa. Omah sing wis suwe kosong ora ana sing gelem nunggu. Kerabat lan sedulure wis yasa omah dhewe-dhewe kepara adoh. Dadi omah tingggalan pinggir pesawahan lan kebon jeruk kuwi nganggur lan kurang kopen. Senthong cilik sisih tengen kuwi wis dirangkepi gedheg anyar nutupi sing pating trompong bolong dipangan umur. Sethong sing dipilih bakal dadi kamare. Amben pring lawas dipengkuhi,  dilambari klasa pandhan anyar. Awan mau wis tuku kembang setaman, menyan lan ratus wangi. Ora lali degan ijo lan ndhog pitik sejodho, gedhang raja setangkep lan cowek lemah anyar. Jaiman wis tata-tata kanggo nampa tekane Nyi Puspo Cempoko.
Tengah wengi, rembutan njlirit tanggal enom ora kuwawa madhangi wengi, senajan lintange anjrah sumunar. Kaya swasana anjrah ing njeron senthong kamare Jaiman. Anjrah mubal atine murub birahine dening telewane Nyi Puspo Cempoko sing netepi janji. Menehi kebutuhan lan kepuasan biologis, uga bakal menehi ganjaran. Jaiman kayadene kapas ngambang ing awang-awang. Wola-wali anggone ngombe banyu kanikmatan sing diwenehake Nyi Puspo. Semono uga tandange paraga ayu kuwi ing dipan klasa pandhan, polahe kaya musafir sing garing ngelak banyu. Paraga loro kuwi lelumban ing samodra kabirahen, ngesok keprigelan adu kasudibyan. Banjir kringet campur ngongso lan ngangsure napas sing krenggosan. Wngi sepisanan sing ngukir sejarah tumrape Jaiman si tukang becak.
Srengenge wis manjer ing tengah, sunar panase cumlorot nembus selane gendheng sing rada mlongo, mblerengi mripate Jaiman sing riyep-riyep. Ngolet ngeluk boyoke sing prasasat putung-putunga, lungkrah otot bayune kaya dilolosi. Aras-arasen gumregah tangi karo gagap-gagap sisihe, ngrayanti sing dadi lawan tandhinge mau bengi. Tinemu wis kothong mung sandhangane dhewe pating blasah ing jogan lemah. Thingak-thinguk karo wuda mbligung dheweke nliti meja sing isi sesajen. Degan ijo wis kalong siji wis dipecah. Ndhog pitik sijine enggal dipecah dilengleng isine, disurung nglonggo sisane degan ijo. Krasa seger sumyah awake. Bali otot bayune lan balunge sing rumangsane pathing kethaklik kuwi. Didelengi cowek lemah sing gumletak sisihe  kembang telon. Mripate mlolo bareng ngerteni cowek isi dhuwit mas saukuran atusan logam amba, cacah telung iji. Dhuwit mas bebungah sepisanan saka Nyi Puspo Cempoko, anggone wis saresmi mau bengi.
Telung warsa wis kawuri, wis ora kepentung malem Selasa Kliwon mlaku kaping pira. Jaiman saiki wis malih dadi juragan sembako, ngrangkep blantik  sapi ing tlatah Boyolali lan Klaten. Dheweke mapan ing pinggiran dalan gedhe arah Kartasura. Gedhonge magrong-magrong adu arep karo toko lan gudhang sembakone. Kepara ngidul cedhak pesawahan watara rong atus meteran, dibangun papan kanggo penggemukan sapi. Karyawane cacah rong puluhan, durung kepetung sopir lan buruh lepase. Truk kanggo ngangkut hasil bumi, anyar-anyar ana lima, pick up angkutan ana sepuluh. Mobil sedan Toyota Altis diparkir ing garasine. Jaiman wis dadi “orang terpandang”  ing wewengkon kono. Uga klebu wong sing sosial, utamane marang bocah-bocah yatim, piatu utawa kulawarga sing kesrakat. Mula omahe sering kanggo papan jujugan para “golek sumbangan”.
Mung anehe bocah-bocah yatim piatu utawa wong kesrakat sisng ditulung ora gantalan sasi tiwas. Mbuh merga kacilakan, utawa lara dadakan.  Wis cukup santer kabar kabur yen juragan Jaiman njupuk pesugihan, lan ngorbanake wadal. Nanging  kabeh mau durung bisa dinyatakake, sebab durung ana bukti sing nguwatake. Rada aaneh miturut kenalan, kaanca, sedulur lan tangga teparone, nganti wektu iki Jaiman durung karep omah-omah. Yen srawung karo prawan, randha ayu pisan, Jaiman ora sulap. Prasasat adhem tanpa reaksi. Luwih aneh maneh juragan Jaiman sering ngomongan dhewe, kayadene caturan karo wong liya. Sok malah katon mesra barang. Mangka ora ana sing diajak caturan. Ing wanci tinamtu yen diajak ngomong sok ndleya jawabane, sok ora nyambung ukarane. Kejaba paraga sing dianggep sukses, Jaiman uga paraga sing aneh.
“Ran …… aku arep menyang Semarang sedhela, mengko sore aku wis bali …aja lali cepakna sajen kaya biyasane jangkep. Selehen ing ngarep kamar sepen kae. Yen ana sing nggoleki aku, aturana nelpon HP ku …… nyoh iki kanggo tuku bakso pojok pasar kae”. Welinge juragan Jaiman marang Sumiran pembantu setia, bocah yatim saka Simo sing wis melu meh telung tahunan. Sumiran mantuk karo nampani dhuwit kanggo tuku uba rampe sajen lan turahane dadi duweke. Atine sumringah nampani dhuwit atusanewon abang kuwi, sebab turahan susuke paling sethithik rong puluh ewunan, mlebu kanthonge. Cengkelak nyetarter Supra Fit gadhuhane ngener pasar Kartasura. Sumiran uga nyatheti yen saben malem Selasa Kliwon, juragane ajeg pasang sesaji ing “kamar khusus” tanpa jendhela, mesthi ajeg kancingan, dene kuncine mung juragane sing nyimpen. Klebu reresik kamar kuwi ora nate dipasrahake wong liya. Saklebatan Sumiran nate ngulati nalika juragane mlebu kamar kuwi, lan dheweke nggawakake sesajen, ngulungake ing ngarep lawang kamar tutupan kuwi.  Kamar kuwi gandane wangi lan dipasangi lampu bolp cilik werna abang.
Tuwuh pepenginane juragane tumindak apa ing jeron kamar tutupan kuwi. Kenceng tekade mengko bengi dheweke bakal sesidheman nginjen kahanan njeron senthong kuwi.
Rencana lumaku lancar, wiwit rampung magrib Sumiran wis mapan anteng ing ndhuwur pyan. Bangkekane ditaleni tambang plastik, njagani yen ngantuk ora bakal tiba. Wektune saya mrambat, rasane kaya nganti tahunan. Nanging Sumiran wis sedhiya lulur anti nyamuk, banyu putih botolan plastik lan sawetara cemilan kanggo ganjel weteng. Lintang-lintang abyor ngiringi rembulan ngadhepi purnama. Nyedhaki tengah wengi Sumiran krungu lawang sepen mau dibukak juragane. Enggal dheweke mengkurep tatakan blandar, masang mripat nginjen njeron senthong sepen. Katon juragane nguripake lampu tidur ing pojokan spring bed. Sepen kuwi dilambari babut abang, meja marmer kuna lan kursine loro, kaca pengilon ukiran gedhe lan spring bed ukuran medium. Lemari jati ukiran antik cedhak kaca pengilon. Sesajen komplit kaya sing dituku ing pasar Kartasura mau, diseleh ing tampah gumlethak ing babud. Kumelun dupa wangi hio sing ditancepake mapan ing walike lawang.
Juragan Jaiman lukar klambi lan celanane kari nganggo celdam (kancut). Sila komat-kamit gumrenggeg maca mantra sing ora cetha, ing sangarepe tampah sesajen ngadhepi arah spring bed. Sumiran sing nginceng ing sandhuwure krasa mengkirig githoke ndeleng swasana mistis ing njeron snthong sepen kuwi. Ora suwe ana pedhut nggembuleng ing njeron senthong, sawetara samar tipis. Ora ngeti sangkan parane ing ndhuwur spring bed wis turonan paraga ayu sandhangan tipis nrawang.  Saumur-umur nembe iki Sumiran ngerti ana paraga ayu prasasat tanpa tandhing. Pawakan semolohe mencutake lan lelewa sing bisa ngobong jiwa sing ringkih. Alon-alon paraga ayu mau tangi, ngadheg nyedhaki silane juragane. Gemeter awake Sumiran nyawang adegan panas ing njero kamar sapen kuwi. Paraga ayu sing ora dimangerteni mlebu saka ngendi, awit ora ana jendhela lan lawang kamar kuwi dikancing dening juragane saka njero, lagi uleng ngetog tenaga nuntasake kanikmatan. Sumiran jaka jemagar kuwi awake gemrobyos.
Lemes dhedhes awake Sumiran, kaya lemese pasangan paraga ing senthong ngisor. Alon-alon Sumiran kepengin nginjen maneh, nanging nratab atine nalika ndeleng juragane sing wuda mblejed kuwi uleng karo ula gedhe jinis puspa kajang. Nanging malah krenggosan kaya saresmi karo ula mau. Diucak-ucek mripate dikira sulap penyawange, nyata  pancen juragane iwut saresmi karo ula puspa kajang. Panggraitane banjur nyandhak swara-swara miring ing caturan njaba, yen juragan Jaiman ngingu lan njupuk pesugihan.  Kawistara saka wis ana nem karyawane sing matine kanthi cara kacilakan misterius. Sumiran dadi yakin yen juragane sugihe kuwi merga saresmi karo ula kuwi. Atine dadi giris.
Diarah ora ninggalake swara sing bisa ngganggu juragane sing lagi iwut, Sumiran metu saka pyan, mlipir mudhun saka gendheng ing kebonan mburi omah. Nalikane dheweke arep nyingkirake andha sing kanggo manjat mau, sikile krasa kaya nggrenjel ngidak barang  empuk tur lunyu. Saiba kagete nalika panyawange nyandhak blegere ula puspa kajang sing lagi mlungker, ngolet ngeses lan nalika ula gedhe kuwi ndleser ngrambati sikile lan nggubet awake, ora bisa polah mung ndlongop keweden. Saya kenceng gubatane ula kuwi, Sumiran tiba glangsaran. Pas raine mapan adu arep karo cangkeme ula sing mangap ngisis siyung, ilate meled-meled arus ndilati mripate sing mlolo. Pating krepyek swarane balung sing remuk. Tanpa swara Sumiran jaka yatim jemagar kuwi tiwas kanthi kahanan nrenyuhake.
Esuke geger ing ngomahe juragan Jaiman. Mayite Sumiran ditemokake wong golek suket, sing biasa ngarit ing njaban tembok kebon mburine juragan Jaiman. Polisi sing teka kanthi nggawa asu pelacak, ora bisa nuduhake alur rajapati. Dalasan laboratorium forensik ing  Surakarta, uga ora bisa miyak penyebab kematiane sumiran, mung analisa yen balung-balunge remuk merga ketindhihan barang sing abot. Nanging barang abot jinis apa, dhokter mung angkat bahu ora bisa menehi wangsulan gumathok. Ing pungkasane kepolisian mung nyimpulake, matine sumiran merga kacilakan. File sauntara ditutup, nunggu yen ana sisik melik lan data anyar minangka bahan penyelidikan lan penyidikan.
Sapungkure patine Sumiran , juragan Jaiman kecanthol atine karo pembantu wadone. Prawan manis umur sangalasan taun saka wewengkon Tumenggung. Dijupuk saka panti asuhan Islam, nalika Jaiman laku dagang mbako srinthil. Mampir ing salah sijine pondhok pesantren sing ana panti asuhane. Ing kana atine ketarik karo Marliyah, bocah manis pinter ngaji kuwi. Nembung marang kyai pengasuhe, yen Marliyah dijaluk dadi anak asuh lan mergawe ing ngomah lan tokone ing Boyolali. Mbah kyai ngidinake nanging kanthi janji yen Jaiman kudu nglakoni syariat Islam, utamane shalat limang wektu. Jaiman sing kedunungan rasa marang Marliyah nyanggupi. Kanthi diterake dhewe dening mbah kyaine, Marliyah boyongan menyang ngomahe Jaiman.
“Kamar iki suker lan omah iki kebilut hawa reged. Ana aura peteng ing ngomah iki, prayogane awakmu sing ngati-ati ya ndhuk. Arahen sabisa-bisa juraganmu ajaken manekung marang Gusti Allah, aja nganti nyingkur lan mlincur. Seringa wiridan yen kahanan ngidinake. Aja nyedhaki kamar iki !” Piwelinge mbah kyai Badruddin marang Marliyah. Nalika semana mbah kyai nginep sewengi ing ngomahe Jaiman, lan Jaiman lagingobrol gayeng karo tamu kanca bisnise.
Rong wulan wis kepungkur saka tiwase Sumiran, malah wis nyedhaki satus dinane. Wengi kuwi malem Selasa Kliwon, wektu sapatemone Jaiman karo Nyi Puspo Cempoko. Wengi-wngi sing endah lan wengi sing tansah diantu-antu dening Jaiman. Kejaba oleh tamba ngelake batin lan birahi sing ngorong, uga bakal ketambahan dinar ing simpenane. Nanging wengi kuwi Jaiman sajak aras-arasen. Batine mangro antarane kuwajiban ngladeni kridha biirahine Nyi Cempoko,lan rasa ati sing nyanthol marang Marliyah. Prawan pondhok sing manis lugu kuwi gawe gonjing miringe atine. Mangka nalika sembrana parikena nembung marang Marliyah dhewe, supaya gelem dadi sisihane, prawan mau mung ndhingkluk isin. Pangirane Jaiman Marliyah gelem, mung rada rikuh anggone njawab. Rencanane ora suwe bakal tembung liwat Baddrudin ing Temanggung.
Tabuh rolas wis gemonthang saka jam antik ing pendhapa. Kutug kumelun dupa ratus nggembuleng ing senthong sepen. Kaya ritual ing saben Malem Selasa Kliwon, Nyi Puspo mesem mudhun saka peturon sring bed, mesem semringah nyedhaki Jaiman lan sabanjure sewengi natas ngajak salulut. Wengi kuwi merga ati sing goreh merga kegodha wewayangan Marliyah, Jaiman katon loyo. Mung sambalan wis rubuh, ora kuwat ngayati babakan sabanjure. Nyi Puspo rumangsa kagol, esem sing manis nuwuhi ayune sing uleng-ulengan kuwi, malih dadi esem sing kecut. Keprungu lirih tembunge:
“Kang Jaiman …… aku ngerti yen atimu ora nyawiji marang aku ….. lan aku ngerti marang sapa atimu mangro….Kowe gawe kagolku ….. Sesuk dak tunggu tekamu ing Kabongan !”. Plas ilang saka pandulu, putri ayu kuwi ninggalake juragan Jaiman sing nggloso kentekan daya.
Ing jeron sedan Toyota Altis-e, Jaiman sering unjal ambegan landhung mbuwang ati sing semplah. Paling telat wanci surup kudu wis tekan keramat Kabongan ing Rembang. Papan pasujarahan sing ditekani sepisanan watara patang taun kepungkur, nalika dheweke isih dadi tukang becak sing mangkah ing prapatan Gendingan Semarang. Dheweke kudu kudu ngadhep Nyi Puspo dina kuwi, kaya pakone nalika kagelan wingi bengi. Dheweke kari pasrah yen nganti kedukan dening Nyi Puspo Cempoko. Saka pangrasane wis cukup akeh dheweke atur tumbal wadal pesugihane. Wadal wujud nyawa saka karyawan sing melu ngupaya ing toko lan perusahaane. Dheweke uga ngelingi  ing antarane perjanjen sing biyen dicap jempo getih, ana ukara sing sapa sesambungan batin karo Nyi Puspo, ora kena mangro katresnan marang wanita liya, apamaneh nganti kawin. Kutukan lan pengajaran perih bakal kesandhang dening sing njaluk pesugihan kasebut.
Ngrepake tabuh sanga nalika dheweke ditinggal ijen dening juru kundi ing sangarepe jirat kijing Nyi Puspo Cempoko. Pedhut putih ngemuli anggane juragan Jaiman. Mbaka sethithik buyar ganti wadage Nyi Puspo sing ngadeg ing sangarepe.
“Aku wis marak sowan Nyi ….. banjur ana dhawuhapa, lan sadurunge aku nyuwun ngapura yen wingenani bengi ….”
“Wis kakang ora perlu kok bacutake aturmu, aku wis ngerti gorehing atimu. Kowe kari milih….nerusake sesambungan karo aku ….. apa ngeboti atimu sing miring marang prawan podhok kuwi. Yen kowe isih kepengin sesambungan klawan Kabongan…dak jaluk patine prawan kuwi saka tanganmu dhewe…. Carane mangsa borongo, dakwatesi wektumu mung sepasar saka dina iki …..wis saiki dang baliya!” Rada sereng pangatage Nyi Puspo.
Sawetara iki juragan Jaiman dheleg-dheleg, nuhoni isining perjanjen utawa rasa tresna lan ora tega. Grenang-greneng ngomong dhewe kaya wong gemblung,  yen dijak caturan ora nyambung. Klesak-klesik santer saka para pegawene saya ndadi , yen juragane wis ketempelan merga pesugihan. Marliyah dadi ngerti sapa satemene juragan sing bakal ngrabi dheweke kuwi. Senajan mung nembung pribadi ora ono sing ngerteni, tumrape Marliyah juragane kuwi pancen duwe niyat tulus ngrabi dheweke.  Ndeleng kahanane Jaiman lan rerasan kanca-kanca kerjane, rasa cubriya bab “misteriuse” kamar sepen tutupan ing loteng kuwi saya kandel.
Nalikane Marliyah tangi saka sujud lan ngucap “Allahu Akbar”, sumiyut glathi landhep ngener gulune. Nanging saka kersane Allah pawongan mau mbengok karo nekep dhadhane, glathi iku mencelat ngenani kaca pengilon pecah ambyar. Kaget ndeleng juragane Jaiman sing arep mrawasa lan mateni dheweke, saikine cekakaran karo mecicil nekep dhadhane, Marliyah jelih-jelih njaluk tulung. Sakala dadi geger ing omah kuwi. Gemrudug pagawe lanang wadon watara wong lima sing pancen kajibah turu ing  kono, andum gawe. Ana sing tetulung marang Marliyah sing ngguguk trauma, ana sing ngresiki pecahan kaca beling sing sumebar lan nyingkirake glathi.Sebagiyan ngrumat juragane sing dadi ropyan. Dokter pribadine juragan Jaiman ditelpon, teka niti preksa nadi, keteg jantung lan liyane, banjur aweh suntikan penenang. Juragan Jaiman digotong mudhun diturokake angler ing kamare.
Marliyah mberot wengi iku uga njaluk bali menyang Temanggung. Ora gelem disemayani, wusana diterake nganggo pick-up  dikancani Wagiyem. Kanthi sesengukan Marliyah nyritakake kahanan sabenere nalikane arep dipateni juragane.
Mbrabak lan getem-getem juragan Jaiman, ngerteni yen Marliyah dalasan Wagiyem lan Paidi mlayu menyang Temanggung. Rumangsa cabar anggone bakal mateni prawan pondhok kuwi, merga saka krenahe Nyi Puspo. Mangka wektu sing diwenehake mung kurang sedina. Ing antarane rasa gela, tresna lan donya brana ndadekake pikirane saya kuwur limbung. Tindakane wis kaya wong pengung, cedhak nesu adoh guyu. Apa sing ditindakake pegawene prasasat sarwa salah.
Nalika nguman-uman ing tokone, Jaiman jengkel mbuwang tegesane. Tibane tegesan ngenani campuran bensin sing lagi kanggo ngumbah spet plitur mebel. Mbulat geni marak tansaya nderbala. Poyang-payingan pegawe lan wong sing lagi tetuku ing toko sembakone. Geni saya gedhe ketiyup angin sing awan kuwi deres lan santer. Ora suwe toko saisinewismeh gusis, geni mrambat nyaut gedhong lan mobil kesayangane. Histeris Jaiman mlayu mlebu ngomah gedhong singwiskobar.  Pating plethok lan semburat geni mubal, kumelun keluk ireng ndedel ing awang-awang. Lalu lintas dalan gedhe rong arah dadi macet total, mahanani tekane mobil pemadam saka Salatiga lan Kartasura telat. Omah gedhong, toko, peternakan saisine ludhes dadi areng ora ana sing ngukup. Saka puing-puing tinemokake jisim Jaiman.
Ngelingi jasane Jaiman sing sering mbiyantu lan sosial kuwi, masyarakat ing kono ngrukti jisime kanthi apik. Dina iku uga senajan nyedhaki magrib, jisim dikubur ing pekuburan umum pedhukuhan cedhak kali. Ngelingi papan sing dirasawiskebak kijing lan cungkup, Jaiman digawekake luweng mapan ing pereng pinggiran kali, sadedhake barongan pring ori. Langit sing awan mau terang sumilak, wiwit mendhung lan udane riwis-riwis. Alon-alon jisim sing mekungkung ora bisa dijejegake, senajanwismaneka cara dicakake, dilebokake ing luwangan.Nanging ora bisa mlebu merga kurang dawa lan kurang amba. Kepeksa diunggahake maneh, kanggo ndawani lan ngambani dhudhukan luwang kubur. Prastawa iki lumaku luwih saka ping telu, sing layat grenengan mangkel. “Piye mbah Modin …. Yen ngene terus mbok nganti bar Isyak ra bisa rampung, selak udane teka deres”.
Paraga tuwa sing disebut mbah Modin mau meneng muter pikir, umak-umik maca donga. “Yaa wis ….. pancen iki lelakon lan pepeling saka Gusti Allah …. Jenaczah didhunke maneh, sing neng njero ditambah wong loro maneh ….lha ngono ……… alon-alon dilumahake dhisik ….saiki ditekuk sikile bebarengan …… Yaaa Allahu Akbar !”. Swara krepek  balung tugel merga ditekuk lan dipidak, keprungu cetha. Sing padha layat istighfar bola-bali, mbarengi pocong sisih sirah lan tali-taline diuculi. Sabrebetan katon praupan ireng ireng rai gosong, mripat mlolo lan cangkem mlongo senajan wis diiket. Ditatani gelu, papan landhakan lan diurug lemah.
Pathok dipasang mbarengi udan wiwit deres. Enggal sing layat arep bali ninggalake kuburn sing wiwit peteng. Durung nganti pitung pecak pelayat sing paling keri ninggalake jirate Jaiman, ana swara  kemrosak banjir teka lembak-lembak. Banyu kali kuwi santer lan ngesrong liwat kubure Jaiman. Mbaka sethithik kuburan anyar kuwi gogos lan ambrol ketrajang banjir bandhang. Jisime  Jaiman katut ilining banjir dadakan, sing wiwit mendha udane terang.
PS 47 – 48 / 2005


IV.       PENDALAMAN MATERI
A.    Sakwise maca crita rakyat  kasebut wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki  !
  1. Piwulang apa wae sing bisa kapethik saka crita “Nyi Puspo Cempoko” ?
Wangsulana………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………..
  1. Menawa kabandhingake kalawan zaman saiki, kepriye kahanane. Cocok apa ora ? Wenehana alasan sing gumathok !
Wangsulana………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………..
  1. Sapa wae paraga utama crita ing ndhuwur lan kepriye watake ? Duduhno mawa ukara kang tinulis !
Wangsulana………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………..
  1. Ana ngendi dedununge Nyi Puspo Cempoko iku ?
Wangsulana………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………..
  1. Kepriye wusanane / pungkasaning crita ?
Wangsulana………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………..
B.         Gawe sinopsis crita rakyat ing ndhuwur (mawa ukaramu dhewe) kira-kira
akehe 5 paragraf !
Wangsulana………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………..
V.         TUGAS
A. Ing njaba kelas
Perangan crita rakyat ing ngisor iki wacanen kanthi premati !
DAMPO  AWANG
            Dhek  abab 15 Masehi  ing Pulo Madurasa ana sawenehing krajan kang kondhang aran krajan Buwana Keling. Krajan ing Pulo Madurasa iki kalebu krajan kang madireng pribadi kebak kawibawan. Krajan sakupenge kono ora ana kang munasika katentremane Krajan Buwana Keling. Kepara krajan sanjabane Pulo Madurasa iya ora ana kang wani-wani nyanyah nyunyah nyenyamah marang Krajan Buwana Keling.
Apa sebabe dene Krajan Buwana Keling ing Pulo Madurasa iku kalokengrat ayem tentrem ora ana mungsuh kang wani njamahake kawibawane ? Awit kang jumeneng raja ing Krajan Buwana Keling iku sawijire pawongan kang digdaya jayeng palugon. Sang anata ing Krajan Buwana Keling iku kaya dewa mangejawantah, nganggo gelang oyod mimang, kadang jawata lan dibala hapsara. Raja Krajan Buwana Keling iku asmane Sang Prabu Bermanamadu.
Kaya wis dadi kondrating alam, saweneh pawongan kang minulya duwe kaluwihan bandha donya. Umume para kulawarga lan keturunane banjur duwe watak kurang prayoga. Duwe watak adigang adigung adiguna. Watak ngendelake gedhene pangwasane, ngendelake ketrampilane, lan ngendelake kapinterane.
Semono uga Sang Prabu Bermanamadu kang kadigdayane prasasat ngluwihi dewa linuwih iku, putrane uga duwe  watak longor sesongaran. Dupeh putrane raja kawasa digdaya tanpa tandhing kuwi, banjur rumangsa duwe drajat luwih unggul satemah mbergudul.
Sang pangeran iki temen-temen diuja lan diugung dene Sang Prabu Bermanamadu. Apa sapanjaluke kabeh dituruti wae. Mulane Sang Pangeran iki seneng banget nyuwun barang saweneh kang aneh-aneh. Ing kalamangsa Sang Pangeran nyuwun dhestar kang duwe daya kasiyat kena kanggo tetumpakan ing awang-awang. Senajan panjaluk kuwi nglengkara banget nanging Sang Prabu Bermanamadu ngudi bisane nyukupi apa kang disuwun dening Pangeran Pati Krajan Buwana Keling iku.
Sang Prabu Bermanamadu iki kalebu manungsa unusaning janma, kena diarani lagi winongwong ing jawata, mula panyuwune putrane kang aneh lan langka iku diangep lumrah wae. Apa maneh ibarat lelaku ing tengah wengi, anak iku ;kaya rembualan kang dadi cecolok madhangi petenge wengi.
Kanggo nuruti panyuwune Pangeran Pati kuwi Sang Prabu Bermanamadu kanggo sauntara wektu banjur ninggalake Krajan Buwana Keling saperlu teteki mahashasepi ing lengkehing Gunung Ijo iku wis oleh sawatara wulan. Ing tengah wengi kang peteng rada remeng-remeng karana mung disoroti lintang dlemok cung iku, dumadakan ana kaki-kaki ngrawuhi Sang Prabu Bermanamadu. Rawuhe paraga saktiku ngagetake ati.
“Ehhh-ehhh-ehhh ! Angger Prabu Bermanamadu, kejot penggalihmu ?
“Engngng …enggih Eyang, kawula kaget sanget, Andika sinten nun ?”
“Jeneng lan julukan pangaran-aran iku kanggo ora wigati. Kang luwih wigati iku nyumurupi apa panujumu teka-teki ana kene ?”
“Dhuh Eyang ingkang tuhu nyalawadi, tamtunipun Andika pana ?”
“”Lha  yen Eyang wus pana, kanggo apa ndadak takon sliramu ?”
“Waleh-waleh punapa Eyang, inggih karana godhanipun yoga ?”
“Putramu godha ? Kang sira karepake godha iku sing kepiye ?”
“Eyang ingkang tuhu winadi. Tuhunipun buyut Andika punika nyuwun dhestar ingkang saged dados wahana mabur wonten ngawiyat”
Eyang winadi iku banjur maringi udheng marang Sang Prabu Bermanamadu. Sakwise nguncali udheng kuwi kaki-kai aneh iku paring piweling telung warna. Sepisan,  kang kaparingan pusaka udheng wulung iku Sang Prabu Bermanamadu, awit kang lelaku teteki iya Sang Prabu  Bermanamadu. Kapindho, udheng wulung iku aja kanggo longor sesorangan. Kaping telune, udheng wulung kang kena kanggo mbru iku duwe pengapesan yaiku yen adhep-adhepan karo saweneh jaran putih.
Saksise kasil bisa oleh udheng wulung kang kena kanggo mabur iku Sang Prabu Bermanamadu banjur gegancangan wae koindur menyang Krajan Buwana Keling. Ing saenehing dina udheng wulung iku diparingake marang putra pangeran pati. Bocah langan kang mrusal iku dina-ddina mung mbeber udheng wulung ditumpaki mabur dham-dhaman ing awang-awang. Mula putra Krajan Buwana Keling iku kalokengrat duwe julukan Sang Dhampo Awang.
Pangeran Pati Sang Dhampo Awang bareng kagungan pusaka sakti wujud udheng wulung kang kena kanggo mabur kuwi tingkahing bebudene tansaya ngewakake banget. Ngedir-ngedirake marang kasektene satemah dadi pawongan kang glelang-gleleng gembelengan banget.. Duwe watak deksura sapa ingsung sapa sira ngono iku. Watak wantune Dhampo Awang kang paling ala yaiku thukmis karem gawe dolanan bocah wadon tanpa ana tanggung jawab kang maton.
Bebarengan wektune kakro kahanan ing Krajan Buwana Keling kuwi, ing Krajan Majapahit Pulo Jawa uga ana lelakon aneh kang gawe gegere eong sapraja Majapahit kono. Nalika kuwi kang ngasta panguwasa ing Krajan Majapahit yaiku Sang Prabu Brawijaya ka V. Kang jejer minangka patih asmane. Gajah Mada. Nanging  kuwi dudu Patih Gajah Mada ing jamane Prabu Hayam Wuruk biyen. Anggone dijenengake Gajah Mada supaya Majapahit tetep wibawa kaya biyen.
Ing sawijine dina dumadakan tanpa kawruhan sebabe kuda klangenane Sang Prabu Brawijaya V kang aran Turangga Kuda Remeng iku ucul saka pagedhogane. Banjur tetegar ing alun-alun gawe rusake wewangunan ing alun-alun Majapahit kono. Gamel kang kajibah minangka sratine Turangga Kuda  Remeng iku ora bisa  nyekel Turangga Kuda Remeng kang katon mbrengangang lan galok iku.
Kahanan tansaya dadi kosek bareng para prajurit uga ora godag ngrangket Turangga Kuda Remeng kang tansaya rongeh bengah-bengeh tetegaran ing alun-alun Krajan Majapahit kuwi. Akeh para prajurit kang dadi kurbane. Turangga Kuda Remeng kasebut. Yen diematake temenan. Turangga  Kuda Remeng iku kaya kesetanan. Mripate mlereh abang pendirangan nggeririsi banget. Angele ngrangket Turangga Kuda Remeng iku ora mung sebab Kuda Remeng iku giras lan kesit wae. Naning kang luwih angel trap-trapene  yaiku dene ana wewaler saka sang nata, aja nganti tatu.
Nate ana prajurit papat kang gamben-gamben diutus nyekel Turangga Kuda Remeng iku. Prajurit papat ikut mapan ana catur loka. Tegese ana kang ana wetan, kidul, lor lan kulon. Jaran siji dikrubut prajurit papat. Turangga Kuda Remeng tansaya bringas ngempros ngos-ngosan. Prajurit kang maju nglimpe saka mburi ditampani
Nganggo slenthakan sikil loro mak keprok satemah glayaran tan mangga puliha. Prajurit kang saka ngarep digejoh lan dikrokot kupinge dadi metu getihe dleweran. Prajurit kang saka ngiringan uga ora kuwagang nyedhaki Kuda Remeng jalaran kuda giras iku minger cepet banget, nylenthak lan nyakot sakepenake wae. Prajurit papat iku ora wurung iya kasoran.
Sarehne para prajurit wis ora ana kang bisa mrantasi, mula dipasrahake tumenggung reksa khayawan. Saweneh tumenggung gagah prakosa iku uga mung dadi pengewan-ewanan. Pungkasane Sang Prabu Brawijaya V pasrah marang Patih Gajah Mada nyekel Turangga Kuda Remeng ing alun-alun iku dadi dadi warta kang narik kawigatene para kawula ing Praja Majapahit. Ngepasi dina cak-cakane Patih Gajah Mada ngrangket Turangga Kuda Remeng iku para kawula cilik padha nonton ing alun-alun. Iki tontonan gratis temenan.
Sadurunge ngayati nyekel Turangga Kuda Remeng iku Ki Patih Gajah Mada ndhongak mendhuwur komat-kamit maos mantra sakti. Sawise kuwi banjur nyedhaki Turangga Kuda Remeng. Jaran giras iku dadi lulut marang Ki Patih Gajah Mada banjur lon-lonan nyengklak ing gigire jaran. Turangga Kuda Remeng iku banjur mlayu lon-lonan ngedrap manis banget. Wong kang padha nonton surak keplok mbata rubuh. Nanging ora kanyana jaran giras iku nglumba nguncalake ki Patih nganti gumebruk tiba klumah ing lemah. Patih sepuh iku banjur digejoh, dislenthak  lan dikrokot nganti gubrah getih. Wong-wong sanalika padha cep klakep kamitenggengen anteng pindha reca…….
Panjebar Semangat – 44/2004
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki !
I.
  1. Piwulang apa sing bisa kapethik saka crita ing ndhuwur !
  2. Piwulang kuwi (wangsulan no 1) apa isih cocok menawa ditrapake zaman saiki ?
  3. Sabenere, Dhampo Awang kuwi sapa ? lan kepriye watake ?
  4. Ana ngendi latar crita ing ndhuwur ? Wenehana ukarane sing nduduhake latar crita mau !
  5. coba   gawe bacutane crita kuwi sing akeh 1 utawa 2 paragraf, miturut versimu !
II. Gawea sinopsise !


  1. VII.            PENILAIAN
I.  Wenehana tanda ping ana ngarepe aksara a, b, c, d,  utawa e marang  wangsulan kang paling bener !
            “Udan wiwit esuk mau nggrejeh. Hawane adhem senajan ora  njekut, nanging wis nyebabake wong wegah metu kejaba wong kerja kantoran utawa PNS, klebu sing pancen duwe kebutuhan ndheseg pilih njintel neng ngomah. Nyetel tv, mangan enak lan liyane maneh sing sarwa enak.
1. Latar wektu perangan crita ing ndhuwur yaiku …..
a. mangsa rendheng
b. mangsa pancaroba
c. mangsa banjir
d. mangsa panas
e. mangsa ketiga
2. Crita “Nyi Puspo cempoko” nduweni tema …..
a. misteri                   b. sosial            c. moral            d. katresnan                  e. Kemlaratan
3. Piwulang sing bisa kapethik  saka crita “Nyi Puspo Cempoko” ana ing ngisor iki,
kajaba ….
a. urip kesrakat bisa ndadekake pawongan nekad
b. pesugihan ora ndadekake uriping manungsa barokah
c. donya brana bisa ndadekake pawongan lali marang sing agawe urip.
d. sapa sing dolanan geni bakale kobong.
e. urip sugih kuwi pancen enak banget.
4. Dununge Nyi Puspo Cempoko kuwi ana …..
a. Prapatan Gendhingan Pemuda
b. Padamaran, Pasar Johar
c. Kabongan Kidul, Rembang
d. Boyolali
e. Juwana, Pati
5. Satemene wujude Nyi Puspo Cempoko kuwi ….
a. Ula Puspo Naga
b. Ula Puspo Cempoko
c. Ula Puspo Kajang
d. Ula Puspowarna
e. Ula Puspo Kijing
6. Sapatemone Jaiman kalawan Nyi Puspo Cempoko kanggo saresmi saben dina …
a. Selasa Pon                        c. Selasa Paing
b. Selasa Wage                     d. Selasa Kliwon           e. Selasa Legi
7. Ubarampe sing kudu dicepakake Jaiman ana sajroning senthong sing bakal
dianggo saresmi ana ing ngisor iki, kajaba ….
a. kembang setaman
b. menyan lan ratus wangi
c. degan klapa ijo
d. pithik sajodho
e. ndhog pithik sajodho
8. Ing ngisor iki watak-watak kang diduweni Jaiman, kajaba …..
a. ora kuwat kesrakat            c. loma, seneng mbiyantu
b. cethil                                 d. pingin sepet sugih       e. imane ora kuwat
9. Sapa jenenge rewange Jaiman sing dadi korban digubedi ula Puspo Kajang ?
a. Marliyah   b. Sumiran        c. Wagiyem                  d. Paidi e. Bahruddin
10. Kepriye pungkasane uriping Jaiman ?
a. mati kobong
b. mati kintir / keli
c. mati nglabu
d. dipateni Nyi Puspo Cempoko
e. mati gantung dhiri





NYERAT GEGURITAN
            Mata Pelajaran              : Bahasa Jawa
Kelas / Semester           : X / I
Metode                         : Latihan, tanya jawab, demontrasi, diskusi, ceramah
Waktu                          : 2 x 45 Menit
================================================================
I.          PANUDUH PIWULANG
  1. Supaya paham informasi / berita lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
  2. Uga maca Materi Bab  NYERAT GEGURITAN
  3. Kanggo ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane.
  4. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
  5. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki/disepakati bebarengan.
  6. Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.
II.        KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH
Standar Kompetensi     :
2. MENULIS
Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan dalam berbagai jenis karangan nonsastra maupun sastra mengguna-kan berbagai ragam bahasa Jawa sesuai dengan unggah-ungguh dan menulis dengan huruf Jawa
3. MEMBACA
Mampu membaca dan memahami  bacaan sastra maupun nonsastra, berhuruf Latin maupun Jawa dengan  berbagai keterampilan dan teknik membaca.

Kompetensi Dasar                   :
1.3 Menulis geguritan
3.3 Membaca indah geguritan
Indikator                                 :
  1. Memilih/menentukan tema geguritan
  2. Menulis geguuritan sesuai dengan suasana dan diksi yang tepat
  3. Menyunting geguritan yang ditulis teman
  4. Membacakan geguritan yang ditulis sendiri dengan lafal dan intonasi yang tepat
  5. Memberikan penjedaan pada geguritan yang akan dibaca
  6. Membaca geguritan dengan intonasi dan pelafalan yang tepat
  7. Memberikan tanggapan pembacaan geguritan yang dilakukan oleh teman
  8. Menjelaskan struktur batin geguritan yang  dibaca
III.  INFORMASI  MATERI
A. GEGURITAN
Geguritan kalebu jinis puisi Jawa Modern. Dene wujud puisi Jawa Tradisional arupa tembang, kalebu tembang macapat, tembang tengahan, lan tembang gedhe. Sing kalebu tembang macapat yaiku Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dhandhanggula. Kalebu tembang tengahan yaiku Megatruh (Dudukwuluh), Gambuh, Wirangrong, Balabak, lan Juru Demung. Dene tembang gedhe yaiku Girisa.
Puisi jawa sing arupa tembang kaikat dening sawenehing paugeran/pathokan. Pathokan-pathokan kang ana sajroning tembang kaya sing katulis ing ngisor iki.
a)      Guru gatra tegese cacahing gatra (baris/larik) saben satunggal pada (bait/pupuh).
b)      Guru wilangan tegese cacahing wanda (suku kata) saben sagatra.
c)      Guru lagu / dhong-dhing tegese tibaning swara vokal ana ing pungkasaing gatra.
            Geguritan utawa geguritan juja-makjujane dianggo kanthi tujuan nyindir / nyemoni kahanan masyarakat wektu kuwi. Kajaba saka kuwi uga nduweni unsur pendidikan. Geguritan nduweni gatra kang ora tetep. Umume (biyen) gatrane kedadeyan saka wolung wanda, uga diwenehi ukara ing gatra kapisan sing unine “Sun gegurit”.
Geguritan saikiwisbeda, ngalami owah-owahan. Geguritan padaha karo puisi bebas sing ora kaiket dening cacahing baris saben bait, cacahing wanda saben gatra, uga ora kudu ana tembang “sun gegurit”, lan ora kudu bab ngandhut unsur pendidikan.
Tema kanggo geguritan iki warna-warna kayata; moral, lingkungan, katresnan, masalah sosial, lan liya-liyane. Ing ngisor iki ana tuladha geguritan sing temane asmara/katresnan.
Geguritan kuwi rinipta minangka wujud saka wedharan gagasan/rasa pangrasa pangripta.
Ana patang babagan kang kudu dimangerteni menawa arep maca geguritan, yaiku analisis situasi lan pamireng, milih geguritan, mbedah geguritan, lan latihan / gladhen.
1)      Analisis situasi lan pamireng
Tegese kanggo mangerteni kondhisi wektu arep maca puisi. Ana ngendi papane, bengi apa awan, ning jaba apa njero ruangan, piye situasine (sedhih, gumbira, serius), pamirang umure pira, agama, pendhidhikan lsp.
2)      Milih geguritan
Ana babagan kang bisa dadi tetimbangan nalika milih geguritan
  • Sifate transparan / lugas
  • Melodius – enak rima lan iramane
  • Isine geguritan diselarasake klawan situasi
  • teaterikal
3)      Mbedhah geguritan
Tegese naliti tuntas isining geguritan
4)      Latihan / Gladhen
Ana loro cara yaiku sacara ora langsung tegese nonton pawongan liya maca geguritan dene sacara langsung tegese maca kanthi vokalisasi lan ekspresif.
Komponen ana sajroning geguritan sing kudu digatekake nalika diwaca :
1)      Penghayatan
Penghayatan tegese mudheng isining geguritan, munggul tembung, intonasi, lan ekspressi / mimik.
2)      Vokal
Sing klebu ana vokal yaiku tembung diunekake kanthi  cetha, munggeleng tembung, lancar orane nalikaning maca, power/ketahanan nalikaning maca.
3)      Penampilan
Penampilan tegese bloking, teknik, setting
Geguritan ing ngisor iki wacanen kanthi apik !
PIWELING
                                                            Dening  Sendang Mulyono
Aku ngugemi ngendikanmu, Ibu
Nalika arep budhal sekolah
Nyangking tas kebak buku
Ngger, jagad iki amba  tebane
Aja cilik ati
Kabes bisa karengkuh
Kanthi gelmu
Ngger , ngendikane pujangga winasis
“Ngelmu  iku, kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas ngantosani
Setiya budya pangekesing  durangkara”
Pancen angel yen durung ketemu
Mula aja pegat sinau
Dadia wong pinter nanging
Aja keminter lan keblinger
Dadia wong sugih nanging
Aja sumugih
Dadia petinggi nanging
Aja ngapusi lan korupsi
Geguritan ing ndhuwur yen ditilik saka tembung, tembung sing dianggo katon cetha/transparan. Ora ana tembung sing nganggo konotasi / kias. Maknane apa anane. Lugas lugu/salumrahe. Iramane enak diwaca apa anane, rima / sajake / tembung-tembung kang nduweni uni sing memper/meh memper bisa ditemokake ana sadhengah baris. Vokalisasi  cetha.
PIWELING
            Ibu, aku tansah ngugemi ngendikanmu. Nalika semana aku arep budhal sekolah nyangking tas kang isine kebak buku.
Ngendikanmu nalika kuwi,”Ngger, jagad iki ambatebake.  Kowe aja cilik atik. Awit kabeh bisa karengkuh kanthi ngelmu.
Ngger, ngendikane pujangga winasis kaya ana ing tembang pucung. Elinga : ngelmu iku, kalakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas ngantosani, setya budya pangekasing durangkara.”
Pancen angel yen durung ketemu dalane. Mula saka kuwi aja pegat anggonmu sinau. Dadia wong sugih ananging aja nganti sumugih. Dadia petinggi nanging aja nganti sumugih. Dadia petinggi nanging aja  ngapusi lan korupsi.
B.  BASA RINENGGA KANGGO PEPAES SASTRA
Rinengga nduweni teges dipacaki, pinajang dipaesi utawa kinarawista. Kabeh mau nduweni perlu supaya dadi endah, bregas, lan ngresepake. Basa rinengga bisa uga diarani basa pajangan, basa pacakan, utawa basa bregasan. Basa rinengga mesthi wae duweni surasa kaendahan utawa kaendahaning surasane. Tegese senadyan endah, wong liya tetep bisa mangerteni apa kang tinulis. Sanadyan mesthi wae akeh uga basa kang endah sing angel disurasa tegese. Basa rinengga iku asring diprangguli ana ing geguritatn utawa gancaran kang arupa cerkak, roman utawa novel.
Ana rong cara kanggo ngrengga basa, kayata:
  • Sarana tinulis nganggo ukara liya kang tetembungane luwih bregas.
Tuladhana: kudu dikandhakake ora tan kena, aja tan ora banjur dadi basa rinengga
  • Ngganti tetembungan sawetara, upamane sarana diganti tembung kawi, banjur dadi basa rinengga tuladha:  tandange kaya banteng ketaton. Menawa unen-unen iku diganti tembung kawi, senadyan tegese padha karo basa lumrah, dadine tandange kadi andaka kanin.
Basa rinengga uga kerep dipranggili ana sajroning ukara pepindhan, candra, bebasan, paribasan, ukara sesumbar, lelewaning basa (stilistika) lan sapanunggalane. Tuladhane: grana ngrungih pindha kencana pinata. Ukara kasebut menawa dijlentrehake dadine kaya mangkene: manut dhapukaning diarani pepindhan, manut isine yaiku candrane irung kang wangune becik wernane kaya emas kang digilapake sarana patar, iku mau kang diarani candra. Gajah kajibah, mingkuh katempuh. Ukara iki diarani paribasan mawa basa rinengga , kang nduweni maksud : kepeksa nindakake , amarga wis kebanjur saguh.
Pethikan geguritan ing ndhuwur , akeh nggunakake ukara/tembung kang ora lumrah kanggo guneman iing padinan, kayata: anganti, angkuping, ampang, angsoka, musna, lan samun. Lelewaning basa uga nganggo basa rinengga, tuladhane: Angin anganti angkuping wengi, Ampang ngumandang, Kembang angsoka kelangan jingga.
IV. PENDALAMAN MATERI
A. Tulisen sawijining geguritan kanthi tema ing ngisor iki! Aja lali geguritan kuwi kudu nganggo basa kang rinengga, paling ora ngnaggo lelewaning basa (stilistika)!
v      Lingkungan
v     Asmara/ Katresnan
v      Narkoba
v      Sosial
v      Pendidikan
B. Wenehana tanda ping ana ngarepe aksara a, b, c, d,  utawa e marang  jawaban kang paling bener !
1. Ing ngisor iki ciri-cirining geguritan zaman biyen, kajaba …….
  1. tujuane nyindir / nyemoni
  2. ngandhut unsur pendhidhikan
  3. gatrane ora tetep
  4. saben  gatra wolung wanda
  5. guru lagune a – a – a – a
Andri Pujiono
Valentine
 Tanpa upama bungahe driya
Angles rasa ndika tanggap sasmita
Mangayubagya nugraha dalem awujud tresna
Bengi tanggap warsa iku nimas
Awale laku dak dhodhog kori atimu
Tanpa kedale lesan
Agawe mulak-mulak jaja kadya kinubere
Kawah Candradimuka
Nanging ing prastawa iku esemu nyimpen prajanji
Ili laku kumricike panganti
Nganthi esem teleng ati
 Geter rasa krudha asmara
Tanpa suwala lilin iku luluh
Rikala dina asih tresna
Esem ngujiwat
Sumunar mbirat rasa samudana
Ndika walaka sajrone driya
Andum rasa nggayuh tresna
Mecaki dawane mangsa
2.  Geguritan ing ndhuwur nduweni tema  ….
  1. katresnan
  2. valentin
  3. kasih sayang
  4. geter ati
  5. krudha asmara
3. Ing ngisor iki peranganing geguritan ing ndhuwur kang ngganggo basa rinengga… kajaba …
  1. Tanpa upama bungahe driya
  2. Angles rasa ndika tanggap sasmita
  3. Mangayubagya nugraha dalem awujud tresna
  4. Bengi tanggap warsa iku nimas
  5. Awale laku dakdhodhog kori atimu
4.  Ing ngisor iki basa rinengga kang awujud pepindahan yaiku …
  1. Agawe mulak-mulak jaja kadya kinubere Kawah Candradimuka
  2. Nanging ing prastawa iku esemu nyimpen prajanji
  3. Ili laku kumricike panganti Nganthi esem teleng ati
  4. Geter rasa krudha asmara Tanpa suwala lilin iku luluh
  5. Rikala dina asih tresna Esem ngujiwat

V.         TUGAS
Geguritan  Ing ngisor iki wacanen kanthi apik !
CANDHIK ALA
                                    Wanci surup
Pindha mawa
Bagaskara katon bang mawinga-winga
Binareng tumekaning ratri
Samubarang kudu diayahi kanthi setiti, ngati-ati
Ora kena grusa-grusu
Sing sareh aja kesusu
Mengko mundhak kesuru
Wanci surya angslup
Ana pangkoning ibu pertiwi
Ana janma tan kasat netra
Tarkadhang manjalma
Mula samubarang sing menga
Uga kahanan kang tinarbuka
Enggal diinepna
Kanthi nyenyuwun lan ndedonga
Supaya kabeh diparingi raharja
Sumber, 190407
Ibune Gillang
                                    UJIAN NASIONAL
Pasuryan katon nggembol sanggan kang abot
Padha pucet, ndingkluk
Tumungkul amarikelu
Sajak nduweni sanggan kang maewu-ewu
Telung ndina dipecaki
Suwene kaya sewindu
Rasane kaya dhadha ditujes sewu eri
Perih, linu,lan ngilu
O…. ujian nasional
Kaya ngene abote
Mangka anggonku sinau luwih saka sewu dina
Ning nasibku ditemtokake amung telung ndina
Upama biji rapot bisa kanggo tetimbangan
Mesthine sangganku ora abot temenanan
O… ujian nasional
Aku pasrah amarga sistem isih feodal
Sumber, 190407
Ibune Gillang
Paugeran mbiji geguritan kang kokwaca ing ndhuwur kaya ing ngisor iki!
No
Uraian
Kriteria Ketepatan
Benar
Setengah
Salah
1
Lafal
20
10
5
2
Intonasi
20
10
5
3
Ekspresi
20
10
5
4
Bloking
20
10
5
5
Penghayatan
20
10
5
Total Nilai
100
50
25
A.        tembung-tembung  ing ngisor iki apa tegese !
  • Ginantha, gantha                        =
  • Kasinungan, sinung                    =
  • Kadya                                      =
  • Katiyasan, tiyasa                       =
  • Ginebeng, gebeng                      =
  • Tampes                                                =
  • Games                                      =
  • Lungse                                     =
  • Bagaskara                                =
  • Bang mawinga-winga                =
  • Pindha                                      =
  • Kesuru                                     =
  • Tan kasat netra             =
  • Tumungkul amarikelu                 =
  • Dipecaki                                   =
  • Sewindu                                    =
  • Candhikala                                =
B.        Wangsulana pitakon ing ngisor iki ?
1)      Apa amanate geguritan ing ndhuwur ?
Wangsulan : Geguritan 1. ____________________________________
Geguritan 2. ____________________________________
2)      Gawenen gancaran / parafrase geguritan 1 lan  2!
Geguritan 1:        ___________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________
Geguritan 2.
____________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________6) Sedhila maneh para siswa nglakoni ujian nasional, kepriye tanggapanmu marang geguritan kang mawa irah-irahan Ujian Nasional?
Wangsulan:________________________________________________________________________________________________________________________________
KARTI  BASA
            Mata Pelajaran              : Bahasa Jawa
Kelas / Semester           : X / I
Metode                         : Latihan, tanya jawab, demontrasi, diskusi, ceramah
Waktu                          : 2 x 45 Menit
================================================================
I.          PANUDUH PIWULANG
  1. Supaya paham informasi / berita lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
  2. Uga maca Materi Bab KARTI BASA
  3. Kanggo ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane.
  4. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
  5. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki/disepakati bebarengan.
  6. Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.

II.        INFORMASI  MATERI 
A. JINISING TEMBUNG
  • Tembung Lingga
Miturut jinising tembung-tembung kabedakake dadi rong perangan, yakuwi tembung lingga (kata dasar) lan tembung kangwisowah saka linggane (kata jadian/bentukan). Tembung lingga yakuwi sakabehing tembung kang durung ngalami owah-owahan. Tuladhane: anak, jaran, rob, banjir, lsp.
Miturut para ahli basa, tembung lingga sinebut kata asal utzwz tembung kang durung ngalami owah-owahan, lan sabenere dumadi saka tembung sing luwih dhisik ana utawa tembung-tembung kang luwih tuwa. Tembung tembung kuwi diarani tembung wod (akar kata).
Tembung wod suk, nurunake tembung lingga: pasuk, rasuk, rangsuk, susuk, dhesuk, isuk, lsp. Tembung wod pis, nurunake tembung lingga tipis, tapis, kempis, kempes, dhepis. Tembung wod lur, turunake tembung lingga dulur, ulur, sulur, pilur. Tembung wod wur, nurunake tembung lingga: uwur, siwur, kawur, mawur, sawur lsp.   
  • Tembung Owah
Tembung kang wis owah saka linggane kabedakake dadi telung perangan, yakuwi tembung andhahan, tembung kang dirangkep (kata ulang),lan tembung camboran  utawa wancahan (kata majemuk).
Tembung lingga tekuk, bisa diowahi dadi tembung-tembung ditekuk, panekuk, tinekuk, tekukan, tekuk-tekukan, lsp. Kabeh tembung kuwi diarani tembung andhahan. Dene cara-carane tembung lingga didadekake tembung andhahan kuwi ana pirang-pirang. Ing ngisor iki tuladhane.
  1. diwenehi ater-ater (awalan)
Jinising ater-ater: (n), (m), (ny), (ng) kang uga sinebut ater-ater hanuswara uatawa swara irung; tak-, kok-, di, ka-, ke-, sa-, pa-, pi-, pra-, tar-, kuma-, kapi-, lsp.
  1. diwenehi seselan (sisipan): -um-, -in-, -er-, -el-
  2. diberi panambang akhiran: -a, -I, -e, -an, -en, -ana, -ake, -na, -ne, –ku, -mu.
  • Rimbag Lingga Andhahan
Sayektine ana tembung-tembung kangwiskalebu tembung andhahan ananging isih dianggep tembung lingga, sebab tembung-tembung kuwi isi bisa diwenehi ater-ater, panambang, lan seselan kayadene tembung lingga.
Tuladhane: omah dadi lingga andhahane somah. Somah bisa dadi tembung andhahan maneh saka tembung sesomahan. Ubeng dadi lingga andhahan kubeng, kubeng isih bisa didadekake tembung kinubeng.
Tembung kang kalebu lingga andhahan yakuwi:
  1. Tembung lingga sing antuk ater-ater sa-, pa-, pi-, pra-, tar- (tra-), ka-.
Tuladha: sa     : sa- + iji            = siji
Sa- + olah      = solah
Pa      :  pa- + omah     = pomah
Pa-+ ro         = paro
Pi-        :  pi- + wulang   = piwulang
Pi- + ala         = piala
Pi- + andel     = piandel
Pi- + dana     = pidana
Pra       : pra- + kara      = prakara
Pra- + lambang= pralambang
Pra-+ jurit      = prajurit
Tar-(tra-): tar- + tamtu   = tartamtu
Tar- + buka   = tarbuka
Tar- + kadhang= tarkadhang
Ka-      :  ka- + ubeng    = kubeng
Ka- + wruh   = kawruh
Ka – + arsa   = karsa
Tembung-tembung lingga ing ndhuwur (kajaba ater-ater tra-/tar-) diarani tembung aran (kata benda)
  1. tembung lingga kang antuk ater-ater pan-, pany-, pam-, pang-
tuladhane:
pan- + tiyung     = pantiyung
pan- + colot       = pancolot
pan- + telung     = pantelung
Tembung lingga andhahan ing ndhuwur kalebu tembung kahanan/kaanan.
tembung lingga kang antuk seselan (-er-, -el-) sabenere sajinis, amarga bisa ganti-gumanti. Tuladha: krelip, klelip . dene tembung lingga kang antuk seselan –el-, -er-,  uga kalebu tembung kahanan/kaanan.
  • Rimbag  Bawae
Rimbag bawa ana telu: (1) bawa kapi, bawa kami, bawa kuma; (2) bawa ha; (3) bawa ma. Katelune diwedharake ing ngisor iki.
  1. Bawa kapi, bawa kamu, bawa kuma
Tuladha :
  • Fatimah ora wani metu amarga kamigilan ula welang.
  • Sing kumawani wewaler kapatrapan paukuman.
  • Pak Bei punika penggalihipun kapilare sanget.
Tembung: kamigilan (kami- + gila+ -an), kumawani (kuma- + wani), kapilare (kapi- + lare), diarani rimbag-nya bawa kami, kuma, lan kapi. Tembung-tembung kasebut kalebu tembung kaanan kang nerangake sipating manungsa. Dene tegese (nosi/arti) yakuwi:
  • Banget
Tuladha: kamigilan: banget ing gilane
Kamisesegen: banget sesegen
  • Kaya
Kapilare: sipati kaya lare/bocah banget
Kamituwa: pacake kayawistuwa
  • Anggepe kaya
Kumratu: anggepe kaya ratu-ratua
Kumlanang: anggepe kaya lanang-lananga.
  • Bawa Ha
Tuladha:
Suta pijer medhukun bae, nanging larane anake datan ana sudane
Ngati-ati srawung wong kang apangawak setan
Medhukun saka tembung linggga dhukun antukater-ater ma-. Apangawak saka tembung lingga pangawak antuk ater-ater a-.
Tembung-tembung kang antuk ater-ater a- utawa ma- rimbag-nya diarani bawa ha. Tegese (arti/nosi) rimbag bawa ha, yakuwi:
  • Nduweni
Tuladha: Anak turune abandha-abandhu (nduwena bandha-bandhu) , saengga uripe bisa mubra-mubru.
Ora sanak ora akadang (nduweni kadang) yen mati melu kelangan.
  • Manganggo
Tuladha: Sore-sore akemul (manganggo kemul) sarung.
  • Kaya sing sinebut ana tembung lingga
Tuladhane: Tandure wisakembang, asemi, awoh.
  • Bareng
Tuladhane: Bocah-bocah padha bungah atampa (barengnampa) dhuwit.
  • Bawa Ma
Bawa ma kuwi kedadeyan saka tembung lingga kang antuk seselan –um- papane ana samburine aksara purwa tembung. Tuladha: kenthus dadi k-(um)- enthus : kumenthus; kaki dadi k-(um)-aki: kumaki.
Tembung lingga kang antuk seselan –um-, tarkadhang ngalami owah-owahan ana aksara purwaning tembung. Tuladha:
  1. Tembung lingga kang akara purwaning tembung  p nalikaning antuk seselan –um- gumanti k. tuladha: pati – umati  dadi mati; putung-umutung dadi mutung; panggang dadi kumanggang, pinter dadi kuminter
  2. purwaning tembung aksara w gumati k. tuladha: wasis dadi kumasis; wareg dadi kumareg, waras dadi kumaras.
  3. purwaning tembung aksara b gumanti g. tuladha: bobor dadi gumobor, bagus dadi gumagus, banter dadi gumanter.
  4. purwaning tembung aksara ha menawa antuk seselan –um-, wiwitaning lungguh luluh. Tuladha: ulung dadi umudhun dicekak mudhun; ulur dadi umulur dicekak umulur.
Tegese (nosi/arti) tembung bawa ma:
  1. nduweni kaanan/sipat kaya kang sinebut ana ing tembung lingga. Tuladha: kuminter (nduweni sipat kaya pinter-pintera
  2. lagi nedheng-nedhenge. Tuladha: kumeruk (lagi nedheng-nedhenge dikeruk).
  3. Kaya uni utawa swara kang sinebut ana linggane. Tuladha: jumegur (swarana jegur); cumengkling (swarane cengkling) lsp.
  4. kaanan: turun-tumurun.
  • Rimbag Tembung Tanggap
Tembung lingga kang antuk ater-ater dak-, kok-, di-.  Gampangane diarani rimbag dak, rimbag ko, lan rimbag di.
ü      Dak + lingga diarani rimbag utama purusa
ü      Kok  + lingga diarani rimbag madyama purusa
ü      Di + lingga diarani rimbag pratama purusa
Tarkadhang   tembung lingga kajabawisantuk ater-ater tanggap uga antuk panambang –I utawa –ake, mulane miturut panambange kaperang dadi telu.
  1. tanggap wantah
Tegese tanggap kang tanpa panambang. Gawa: takgawa, dakgawa: rimbage tanggap tak wantah utawa tanggap utama purusa kriya wantah. Kokgawa/kogawa: rimbage tanggap ko wantah utawa tanggap madyama purusa kriya wantah. Digawa rimbage tanggap di wantah utawa tanggap pratama purusa kriya wantah.
  1. tanggap –I (kriya)
Tegese tanggap kang antuk panambang –i. tuladha: tulis –taktulisi: ribage tanggap tak –I kriya (tanggap utama purusa –I kriya).
  1. tanggap –ke (kriya)
  2. tanggap ka/na

B. PEPRINCENING JINISING TEMBUNG
Basa saja kaperang dadi 9 golongan tembung, yakuwi:
  1. tembung kriya (mlaku, tuku, adol, lsp.)
  2. tembung aran (omah, tikus, mrica, lsp.)
  3. tembung kaanan (kendel, abang, kuru, lsp.)
  4. tembung katrangan (prayoga, kira-kira, dumadakan, lsp.)
  5. tembung sesulih (kata ganti: aku, iki, iku)
  6. tembung wilangan ( siji, akeh, pirang-pirang, lsp.)
  7. tembung penggandheng/lantaran (ing, saka, menyang, lsp.)
  8. tembung panyambung (sumawana, suprandene, jalaran, lsp.)
  9. tembung panyeru (adhuh, wah)
  • Tembung Kriya
Kang sinebut tembung kriya yakuwi sakabehing tembung kang nyatakake solah bawa, tindak-tanduk utawa tumandang gawe. Ana sajroning ukara, tembung kriya biyasane nduweni fungsi wasesa.
Tuladha: Nurahma nangis, Gozy tiba.
                   J            W         J      W
Tembung nangis, tiba kuwi wasesa lan yen ditilik saka jinising tembung kalebu tembung kriya. Sanadyan amung kedadeyang saka jejer lan wasesa ukara ing ndhuwur kalebu ukara singwis komplit.
Dene tembung kriya sing isih mbutuhake tembung liyane amrih sampurnane diarani tembung kriya mawa lesan (kata kerja berobjek/transitif). Tuladhane tembung kriya sing kaya mangkono yakuwi: nabrak, nabok, menthung, adol, nyiram, ngetung, nagih, nuthuk, lsp.
Suwalike tembung nangis, ora perlu utawa ora mbutuhake tembung liyane       `
  • Tembung Aran
Nama sakabehing barang utawa apa wae kang dianggep barang diarani tembung aran. Miturut kalungguhaning tembung ana sajroning ukara tembung aran bisa kalebokake ana ing jejer utawa lesan. Tuladhane ing ngisor iki.
Adhiku nendhang bal
J             W       J
Tembung adhiku lan bal, diarani tembung aran.
Tembung aran kaperang dadi rong golongan, yakuwi:
  1. tembung aran kang maujud (kasad mata)
  2. tembung aran kang ora maujud (ora kasad mata): kasugihan, kapinteran, kaluwihan, lsp.
Pandhapuking tembung aran kaperanga dadi loro.
  1. tembung lingga
  2. tembung andhahan
Dene tembung andhahan kang kalebu tembung aran kadedayan kanthi cara-cara ing ngisor iki.
  • Rimbag lingga andhahan, kanthi cara menehi ater-ater: sa-, pa- pi-, pra-, ka-.
  • Kadhapuk kriya wacaka, wujude pe-tanduk
  • Kadhapuk rimbag wisesana, wujude (- + -an)
  • Kadhapuk rimbag dayawacaka, wujude (pa- + tanduk + -an)
  • Kadhapuk bawa wacaka, wujude (ka- + lingga+ -an)
  • Kadhapuk panambang –wan,-man, -wati.
  • Kadhapuk panambang –ku, -mu,-e
  • Kadhapuk kanthi cara rimbag rangkep
  • Kadhapuk dadi camboran lan wancahan
  • Tembung kaanan
Sakabehing tembung kang nyatakake kepriye kaanan/sipat maneka warna bab. Tuladha: kembang abang, omahe gedhe, bocah nakal, lsp. Tembung-tembung kang kalebu kaanan iki nduuweni owah-owahan tertemtu. Ing ngisor iki owah-owahaning tembung kaanan (ana kalane tembung tertemtu kalebu tembung kaanan ana kalane ora kalebu tembung kaanan)
  1. 1.      kalebu tembung kaanan/sipat
Tembung iki tetep digolongake tembung aran menawa papan panggonane ana samburine tembung aran. Tuladhane:
Budi angkara, watak sembrana, ula mandi, lsp.
  1. 2.      kalebu wasesa
Upamane: Omahe Sariman gedhe, klambiku suwek, Anake Pak Suta lara. Gedhe, suwek, lara kalungguhane ana sajroning ukara  minangka wasesa, dene jinis tembunge minangka kriya silihan.
  1. 3.      kalebu katrangan, jinis tembunge diarani tembung katrangan.
Upamane: sariman mlaku alon-alon. Manuk mabur dhuwur.
Tembung alon-alon lan dhuwur nerangake wasesa, mulane kalebu katrangan. Dene jinis tembunge diarani tembung katrangan.
  1. 4.      kalebu tembung aran
ü                  diwenehi panambang –e
gedhe dadi gedhene
lega dadi legane
ü                  diwenehi tembung panggandheng (kata depan): kang/sing.
Ssing cilik lungguh ngarep, sing gedhe lungguh mburi.
Kang lena bakal ketiwasan.
ü                  menawa nduweni kaanan/sipating manungsa biyasane dadi sesulihe jenenge manungsa kuwi kanthi carra diwenehii tembung si.
Kaya si cebol nggayuh lintang.
ü                  diwenehi tembung Panggandheng/kata depan ana sangarepe.
Kanthi lega legawaning ati.
  • Tembung Katrangan
Gatekno ukara ing ngisor iki!
  1. 1.      Adhiku mangan themal-themil.
  2. 2.      Sarjono nangis senthuk-senthuk/ ndrenginging.
  3. 3.      Maling kuwi mlayu nggendring,
Tembung themal-themil, senthuk-senthuk/drenginging, nggendring, kuwi nyebutake cara-carane mangan, nangis, lan mlayu. Tembung-tembung kang nerangake wasesa utawa nerangake babagan liya kajaba tembung aran  kuwi diarani tembung katrangan.  Dene tembung kang nerangake tembung aran diarani tembung kaanan. Tembung katrangan sing kulina dianggo yakuwi:
1. tembung katrangan wektu/titi mangsa
2. tembung katrangan papan panggonan
3. tembung katrangan sing nyethakake dadi lan orane pakaryan
4. tembung katrangan kang nyethakake kahanan pakaryan.
Miturut wujude tembung ana kang arupa tembung lingga lan ana kang arupa tembung andhahan. Kang arupa tembung andhahan yakuwi:
    1. Diwenehi panambang –e: prayogane, maune, lumrahe, wangune, lsp.
    2. linggane dibaleni: ujug-ujug, durung-durung, suwe-suwe, kira-kira, lsp.
    3. Diwenehi ater-ater sa-/se- :  sakawit, sakala, sajeg jumbleg, lsp.
    4. Diwenehi ater-ater sa- lan panambang –e: sabisa-bisane, sakuwat-kuwate, sagedhe-gedhene, lsp.
  • Tembung Sesulih
Tembung kang dianggo nggenteni jeneng barang utawa manungsa, lan tembung kang nuduhake panggonan barang utawa manungsa diarani tembung sesulih/kata ganti. Peprincening tembung sesulih:
    1. Tembung sesulih kang mratelakake wong (kata ganti orang);
Tembung sesulih kang mratelakake wong iki kaperang dadi papat:
  • Tembung sesulih utama purusa (aku, kula, ingsun)
  • Tembung sesulih madyama purusa (panjenengan, ndika, kowe, sampeyan)
  • Tembung sesulih pratama purusa (dheweke, Man jae/jeneng wong)
  • Tembung milik (omahe, omahmu, omahku)
    1. Tembung sesulih kang mratelakake dununging barang/wong (kata ganti tunjuk);
    2. Tembung sesulih kang dadi tembung panggandheng (kata ganti hubung);
    3. Tembung sesulih minangka pitakon (kata ganti tanya);
    4. Tembung sesulih barang kang ora nggenah (kata ganti tak tentu);
Ing ngisor iki bab-bab kang magepokan klawan tembung sesulih.
  1. Tembung sesulih yen nerangake babagan barang dununge ana samburine barang kang diterangakke. Tuladha: bocah iki, omah kae, dhusun sampeyan.
  2. Ana sajroning ukara tembung sesulih bisa nduweni kalungguhan minangka jejer, wasesa, lesan, lan liyane.
    • Jejer: Iki durung disarujuki dening para warga. (komplite: Prakara iki).
    • Wasesa: Bocah kang koktakok-takokae dhek wingi iku kae ta?
    • Lesan: Tekan seprene aku durung ngreti kuwi (komplite bab kuwi).
  • Tembung Wilangan
Tembung wilangan kabedakake telung perangan, yakuwi:
  1. Tembung wilangan kang nyatakake gunggung (jumlah);
Tuladha:
Beras telung goni kae timbangen!
  1. Tembung wilangan kang nyatakake undha-usuk/tingkatan.
Anakku sing nomer loro aran Giselia.
  1. Tembung wilangan durung genah (ora ngerti gunggunge)
Tuladha: Aku mung nampabathi sethithik.
  • Tembung Panggandheng
Sakabehing tembung kang nggathukake tembung siji lan sijine diarani tembung panggandheng/tembung lantaran. Ana sajroning Basa Jawa wujuding tembung panggandheng yakuwi:
Ing             : Aku wis telung tahun manggon ing kutha.
Menyang   : Sore mau, kowe menyang ngendi?
Saka          : Bengi-bengi ngene iki kowe saka ngendi?
  • Tembung Panyambung
Sakabehing tembung kang bisa nyambung utawa nggathukake antaraning tembung siji lan sijine. Miturut wujude tembung panyambung kaperang dadi loro:
    1. tembung panyambung kang isih lingga : lan, saha, tuuwin, sebab, lsp.
    2. tembung panyambung kang awujud andhahan: luwih-luwih, apa maneh.
  • Tembung Panyeru
Tembung panyeru diarani uga tembang sabawa.
    1. Lho, digunakake ana sajroning ukara sing beda karo kanyatan (Lho, kok ngono, mbok ngene)
    2. Lha, digunakake ana sajroning ukara kang pas/cocok karo kang dikarepake (Lha, ngono kuwi aja kaya mau)
    3. Eman,  kanggo ukara kang nggelakake (Eman, bocah bagus kok patrape kaya ngono!)

III. PENDALAMAN MATERI
  1. I.       Wangsulana kanthi menehi tandha ping (x) ing aksara A, B, C, D, utawa E pratelan kang bener ing lembar jawaban kang cumawis!


1. Tembung kang durung ngalami owah-owahan diarani ….
  1. Tembung lingga
  2. Tembung andhahan
  3. Tembung owah
  4. Tembung camboran
  5. Tembung saroja
2. Ing ngisor iki sing kalebu tembung-tembung singwisowah saka linggane kajaba ….
  1. Tembung lingga
  2. Tembung andhahan
  3. Tembung owah
  4. Tembung camboran
  5. Tembung saroja
3. Tembung kangwisowah saka linggane kanthi cara diwenehi wuwuhan diarani …
  1. Tembung lingga
  2. Tembung andhahan
  3. Tembung owah
  4. Tembung camboran
  5. Tembung saroja
4. Ing ngisor iki sing kalebu ater-ater anuswara yaiku ….
  1. N, m, ny, ng
  2. Dak-, kok-, di
  3. Ka-, ke-, sa-
  4. Pra-,  pa-, pi-
  5. Kuma- kapi, tan-
5. Ing ngisor iki sing kalebu ater-ater tri purusa yakuwi ….
  1. N, m, ny, ng
  2. Dak-, kok-, di
  3. Ka-, ke-, sa-
  4. Pra-,  pa-, pi-
  5. Kuma- kapi, tan-
6. Klambi kuwi dakanggo.
Tembung dakanggo diarani rimbag ….
  1. a.      Utama purusa
  2. b.      Madyama purusa
  3. c.       Pratama purusa
  4. d.      Tembung tanggap
  5. e.       Tembung tanduk
7. Lele kuwi arep kokmasak apa?
Tembung kokmasak diarani rimbag …
  1. a.      Utama purusa
  2. b.      Madyama purusa
  3. c.       Pratama purusa
  4. d.      Tembung tanggap
  5. e.       Tembung tanduk
8. Lele kuwi enake dimasak kare.
Tembung dimasak diarani rimbag ….
  1. a.      Utama purusa
  2. b.      Madyama purusa
  3. c.       Pratama purusa
  4. d.      Tembung tanggap
  5. e.       Tembung tanduk
9. Tanggap kang tanpa panambang diarani ….
  1. Tanggap –I kriya
  2. Tanggap wantah
  3. Tanggap –ke kriya
  4.  Tanggap ka
  5. Tanggap na
10. Sarinah ora wani metu amarga kamigilan ula welang.
Rimbag kami ana tembung kamigilan nduweni teges ….
  1. Kaya
  2. Banget
  3.  Anggepe
  4. Sipate kaya
  5. Anggepe kaya
11. Andri kae kok kumlanang banget?
Rimbag kuma ana tembung kumlanang nduweni teges ….
  1. Kaya
  2. Banget
  3.  Anggepe
  4. Sipate kaya
  5. Anggepe kaya
12. Ing ngisor iki tembung-tembung kang antuk bawa ha kang nduweni teges nduwe , kajaba…
  1. Akadang
  2. Akuncung
  3. Akunca
  4. Abandha
  5. ambarengi
13. Ing ngisor iki tembung kang kalebu tanggap madyama purusa –ke kriya ….
  1. Taktawakake
  2. Koktawakake
  3. Ditawakake
  4. Boktawakake
  5. Ditawakake
14. Ing ngisor iki tembung kang kalebu tanggap utama purusa –ke kriya ….
  1. Taktawakake
  2. Koktawakake
  3. Ditawakake
  4. Boktawakake
  5. Ditawakake
15. Ing ngisor iki tembung kang kalebu tanggap pratama purusa –ke kriya ….
  1. Taktawakake
  2. Koktawakake
  3. Ditawakake
  4. Boktawakake
  5. Ditawakake
16. Sakabehing tembung kang mratelakake solah bawa, tumandang gawe, utawa tindak-tanduk/patrap diarani ….
  1. Tembung aran
  2. Tembung kriya
  3. Tembung kaanan
  4. Tembung katrangan
  5. Tembung sesulih
17. Kasugihan, kaluwihan, kasarasa, kalebu tembung ….
  1. Tembung aran
  2. Tembung kriya
  3. Tembung kaanan
  4. Tembung katrangan
  5. Tembung sesulih
18. Sakabehing tembung kang nerangake babagan sipat diarani ….
  1. Tembung aran
  2. Tembung kriya
  3. Tembung kaanan
  4. Tembung katrangan
  5. Tembung sesulih
19. Ing ngisor iki sing kalebu tembung sesulih yakuwi … kajaba ….
  1. Tembung sesulih kang mratelakake wong
  2. Tembung sesulih kang mratelakake dununging barang
  3. Tembung sesulih kang minangka pitakonan
  4. Tembung sesulih kang mratelakake barang kang ora nggenah
  5. Tembung sesulih kang mratelakake panyeru
20. aku, kowe, panjenengan, dheweke, kalebu tembung ….
  1. Tembung sesulih kang mratelakake wong
  2. Tembung sesulih kang mratelakake dununging barang
  3. Tembung sesulih kang minangka pitakonan
  4. Tembung sesulih kang mratelakake barang kang ora nggenah
  5. Tembung sesulih kang mratelakake panyeru










ULANGAN UMUM SEMESTER I SMA SE KABUPATEN REMBANG
TAHUN PELAJARAN 2009 / 2010
PETUNJUK KHUSUS
  1. II.    Wangsulana kanthi menehi tandha ping (x) ing aksara A, B, C, D, utawa E pratelan kang bener ing lembar jawaban kang cumawis!


Wara-wara
Nuwun-nuwun,
Mugi kawuningnan dhateng para siswa lan siswi lan para dwija Basa Jawi saindhening Kabupaten. Mbokbilih benjing:
Dinten/Tanggal              : Minggu Kliwon,
22 Juli 2007
Wanci                              : Tabuh 08.00
Enjing
Papan                              : Gedung DPRD
Kabupaten, Jl. Sudirman
Badhe dipunadani kegiyatan dialog kabudayan jawi ingkang badhe dipunaturaken dening Tukhul, lan Yati Mbangir saking Solo. Para siswa lan dwija
Basa Jawi ingkang badhe kersa rawuh kedah mundhut serat sedhahan rumiyin…………..
Pengarsa Panitya
Atmaja
1. Wara-wara ing dhuwur katujokake
kanggo …
  1. Parapamaos
  2. Parapujangga sastra jawa
  3. Parasiswa lan siswi
  4. Paradwija Basa Jawi
  5. Para siswa lan siswi lan para dwija Basa Jawi
2.   Dialog diadani babagan …
  1. Kabudayan jawi
  2. Pagelaran ringgit
  3. Kupon undhian
  4. Hadiyah utawa bebana
  5. Serat sedhahan
3.   Wara-wara badhe dipunadani rikala  …
  1. Minggu Kliwon, 21 Juli 2007, tabuh 08.00 enjing.
  2. Minggu Kliwon, 22 Juli 2007 tabuh 09.00 enjing.
  3. Minggu Kliwon, 22 Juli 2007 tabuh 08.00 enjing
  4. Minggu liwon, 20 Juli 2007 tabuh 08.00 enjing
  5. Minggu Kliwon, 21 Juli 2007 tabuh 09.00 enjing
Teks Pawarta
…………………………………………..
Bencana alam punika mendhet kurban tiwas 107 tiyang, 8 nandhang tatu ageng, lan 18 ingkang namndhang tatu entheng. Kurban tiwas amargi katerjang toya bena ingkang paling kathah saking Kecamatan Sinjai Utara (47), Sinjai Timur (16), Sinjai Selatan(1) lan Kecamatan Pulau Sembilan (4). Wondene kurban tiwas jalaran siti longsor ing Sinjai Timur (8), Sinjai Tengah (6), Sibjai Barat(2), Sinjai Porong(23).
Kangge biyantu para panandhang, Departemen Kesehatan ngintun obat-obatan lan 10 ton tedhan arupi biscuit lan bubur instant.
Wakil Presiden Yusuf Kalla mratelakaken bilih bena lan siti longsor punika dipunsababaken risaking wana. Jawah deres tigang dinten tigang dalu ing Kabupaten Sinjai lan sakiwa tengenipun njalari bena lan siti longsor. Sadaya kalawau jalaran erosi ageng ingkang mboten sampun-sampun, awit siti mboten kuwawi nampi kathahipun toya jawah saking ngnggil.
4.   Cacahe wong kang dadi kurban bena…
  1. 107 tiwas, 8 tatu ageng
  2. 107 tiwas, 18 tatu entheng
  3. 107 tiwas, 8 tatu entheng, lan 18 tatu ageng
  4. 107 tiwas, 8 tatu ageng, lan 18 tatu entheng
  5. 107 tiwas, 26 tatu
5.    Dhaerah kang kurbane paling akeh …
  1. Sinjai Selatan
  2. Sinjai Barat
  3. Sinjai Tengah
  4. Sinjai Utara
  5. Sinjai Timur
6. Ananing siti longsor lan bena     disebabake …
  1. Jawah deres tigang dinten tigang  dalu
  2. Erosi ageng
  3. Kathahipun toya jawah
  4. Siti mboten kuwawi nampi toya
  5. Risaking wana
7. Wujude bantuwan sing bisa ditampa
saka Depkes yaiku …
  1. Obat-obatan, lan 10 ton tedhan
  2. 10 ton tedhan, lan bubur instant
  3. Biskuit, lan bubur instant
  4. Bubur instant, lan obat-obatan
  5. Obat-obatan, 10 ton tedhan arupi biskuit lan bubur instant
8.   Nalika aku lunga ing danau Toba, aku pengin nglangi. Sakdurunge nyemplung aku takon karo bocah kono, apa ing jerone danau ana ulane?jawabe ora. Banjur aku nyemplung danau nanging kulitku kroso ana kang nyenggol rasane kasar. Aku isih ana ing banyu nalika aku njerit”apa tenan ing kene ora ana ulane?” Bocah mau jawab”ula wedi karo baya” Apa saktemene kang nyenggol kulitku iku?
  1. Ula
  2. Baya
  3. Ula lan baya
  4. Banyu
  5. Kancane dhewe
9. Crita kuwi nuduhake babagan crita    kang …
  1. Lucu
  2. Ngisin-isini
  3. Bungah
  4. Nreyuhake
  5. Nyedihake
10. Bab ing ngisor iki kudu digatekake
ing pacelathon mawa piranti telpon,
      kajaba
  1. Status sosial
  2. Emosi komunikasi
  3. Latar wicara
  4. Jenis telpon
  5. Suasanane pacelathon
11. 1. salam panutup
2. mencet nomer telpon
3. nyampeake pesen
4. salam pambuka
Susun urut-urutane yen arep telpon

  1. 1,3,2,4
  2. 1,2,4,3
  3. 2,4,1,3
  4. 2,4,3,1
  5. 1,2,3,4
Wong 95 warga distrik Illaga lan Gome, Kabupaten Puncak Jaya, Papua tiwas sasuwene sasi Desember 2005 nganti Februari 2006. Korban umume saka kalangan bocah lan wong tuwa. Tiwase warga mau kajaba kondisi kesehatan kang ala uga diakibatake dening mudhune temperature suhu hawa ing distrik kasebut………………………….
PS – 08/2006
12. Kedadeyan ing dhuwur rikala …
  1. Desember 2005 – Februari 2006
  2. November 2005 – Januari 2006
  3. Desember 2005 – Januari 2006
  4. November 2005 – Februari 2006
  5. Desember 2005 – Desember 2006
13. Tiwase warga mau disebabke …
  1. Kondisi kesehatan ala lan kurang pangan
  2. Kondisi kesehatan ala lan tenaga medhis kurang
  3. Kurang pangan lan mundhune temperatur suhu hawa
  4. Kondisi kesehatan ala lan mudhune temperatur suhu hawa
  5. Mudhune temperatur suhu hawa lan tenaga medhis kurang
14. Rumus KEM yaiku …
  1. K    X    B    = n kpm
Wm      S1
  1. K    X   S1    = n kpm
Wm      B
  1. Wm    X    B    = n kpm
K             S1
  1. Wm    X    K    = n kpm
B              S1
  1. K    X    Wm    = n kpm
B            S1
15. Ing tahun 2000 donya kosekmaneh prakara penyakit infeksi ensefalitis Jepang. Ing Indonesia poncot wetan kaya dene pulo Bali lan wilayah Nusa Tenggara Timur, dikabarake ana warga kang ketaman infeksi ensefalitis Jepang iki. Mula nalika  kuwi otoritas kesehatan negara Australia paring penget marang warga Australia kang leledhang menyang Indonesia kudu ngati-ati njaga kesarasane.
Wacan ing dhuwur kalebu jenis wacan sing arupa …
  1. Narasi ekspositoris
  2. Narasi sugestif
  3. Deskripsi
  4. Eksposisi
  5. Argumentasi
16. Wacana kang ngracik kanthi runtut
nganti bisa nggugah pengangen-
angene wong kang maca diarani …
  1. Narasi ekspositoris
  2. Narasi sugestif
  3. Deskripsi
  4. Eksposisi
  5. Argumentasi
17. Wacana kang menehi katrangan
lugu/apa anane diarani …
  1. Narasi ekspositoris
  2. Narasi sugestif
  3. Deskripsi
  4. Eksposisi
E.   Argumentasi
18. Ngendi sing kalebu ciri-ciri narasi
sugestif?
  1. mbeberake makna kanh sinandi
  2. nguripake panganen-angene / imajinasi
  3. njembarake wawasan
  4. basane figuratif, tembunge konotatif
  5. adhedasar nalar supaya padha sarujuk
    1. 1,2,3
    2. 1,3,5
    3. 1,2,4
    4. 2,3,4
    5. 3,4,5
19. Ing ngisor iki, ngendi kalebu topik
wacana narasi sugestif?
  1. Prastawa kemalingan ana ing omahku
  2. Ruangan Kantor Guru ing sekolahku
  3. Jenengku Selamet
  4. Saksi kunci ing pengadilan
  5. Dhingkel lan keren
20.Lemari wesi kelir klawu, kang mapan ana pojok kantor guru, wis rusak. Lawange ora bisa diinepake, tur wis teyengan pisan. Rak-rakane ya wis padha peyok. Mula wis ora kuwat nyangga buku-buku utawa piranti liyane kang arep disimpen ana kono.
Wacan ing dhuwur kalebu jenis wacan sing arupa …
  1. Narasi ekspositoris
  2. Narasi sugestif
  3. Deskripsi
  4. Eksposisi
E.   Argumentasi
21.Wacana kang nggambarake kanti cetha salah sawijining kahanan diarani …
  1. Narasi ekspositoris
  2. Narasi sugestif
  3. Deskripsi
  4. Eksposisi
E.   Argumentasi
22. Ing ngisor iki ngendi sing ora kalebu topik wacana deskripsi?
  1. Ruang komputer ing sekolahku
  2. Adhiku ayu tenan
  3. Kahanane pasar sakwise kobongan
  4. Katresnanku kang murung
  5. Ruangan Tata Usaha kang resik
23.Ing ngisor iki tuladhane narasi sugestif, kajaba
  1. Crita cekak
  2. Roman
  3. Dongeng
  4. Novel
  5. Gancaran
24. Ciri pokok wacana narasi yaiku …
  1. Ananing kedadeyan
  2. Ana prastawa sing dialami
  3. Rerangken crita ing sajroning prastawa
  4. Ana paraga pokok
  5. Ana lelakon
25.Ing ngisor iki sing dudu unsur intrinsik cerkak yaiku …
  1. Liding crita
  2. pendhidhikan pengarang
  3. Paraga crita
  4. Latar
  5. Piwulang / pesen
26. ”Ngadeg neng tlampik omah pancen dadi kesenenganku saben sore. Namatake sesawangan nalika srengenge meh angslup. Manuk-manuk padha mulih neng susuhe, mabur renteng-renteng neng langit sing wiwit mbrabak abang ndadekake sesawangan katon endah. Sanajan sesawangan dikebaki karo gedhong-gedhong dhuwur nantang langit …
Latar perangan crita ing dhuwur yaiku …
  1. Wayah sore ing tlampik omah
  2. Wayah surup ing tlampik omah
  3. Wayah sore ing njero omah
  4. Wayah surup ing njero omah
  5. Wayah bengi ing tlampik omah
27. ”Wingi aku krungu kabar yen Pak Wiryo digawa anake menyang Batam. Anake sing nate taktawani gaweyan biyen, wis lulus kuliah. Cumclaude ! Dheweke dijaluk sawijining perusahaan Singapura ing Batam. Aku kelingan marang apa sing nate diomongna Pak Wiryo: ”Yen nyawane kula tesih kanthil raga mas, kula dereng kalah ….”
Sudhut pandhang perangan crita iang dhuwur yaiku …
  1. Wong kapisan dadi paraga utama
  2. Wong kapisan dadi paraga sampingan
  3. Wong kapisan dadi paraga katelu
  4. Wong kapisan dadi paraga kapindho
  5. Wong kapindho dadi paraga utama
28. Dene watake Pak Wiryo yaiku …
  1. Gampang kalah
  2. Tekade kuwat
  3. Sabar ing pandum
  4. Sombong
  5. Angkuh
29.Piwulang sing bisa kapethik saka perangan crita ing dhuwur yaiku ..
  1. Wong ngalah luhur wekasane
  2. Wong ngalah bakale ngundhuh
  3. Wong ngalah bakale kasiya-siya
  4. Wong salah bakale seleh
  5. Aja adigang, adigung, adiguna
30. ”Aku pancen wanita reged, Mas. Dadi ora pantes yen kanggo sampeyan. Nanging saiki aku wis mertobat. Aku bakal ninggalake panguripanku sing lawas. Mula yen sampeyan isih bisa nampa aku, aku matur nuwun. Dene yen ora, aku mung pingin ketemu Eko lan Dewi. Sawise iku aku bakal lunga sing adoh,” ujare kanthi memelas.
Unsur kang kinandhut ana cerkak ing dhuwur sing paling kuwat yaiku …
  1. Watak
  2. Paraga
  3. Amanat
  4. Tema
  5. Latar
31. ”Malah aku dikongkon ndang rabi maneh,”bacute. Coba sampeyan deleng apa Bapak iki isih pantes rabi maneh, ta, Nak?” Aku mung bisa mesem. Bapak tuwa kuwi banjur meneng suwe kaya-kaya lagi mikirake nasibe.
Nilai sastra perangan cerkak ing dhuwur yaiku …
  1. Moral
  2. Etika
  3. Estetika
  4. Ekonomi
  5. Budaya
32. Banjir Bandhang ing Njember iku kena dienggo minangka …. sajroning crita cekak.
  1. Tema
  2. Latar
  3. Sudhut pandhang
  4. Gaya crita
  5. Amanat
33. Ing ngisor iki crita cekak sing diterbitake dening kalawarti penyebar semangat ing rubrik lelakon, kajaba
  1. Insyaf
  2. Cumbu-cumbu laler
  3. Dadi golekan
  4. Melik Nggendhong Lali
  5. Netepi Kewajiban
34. ”Udan wiwit esuk mau nggrejeh. Hawane adhem senajan ora njekut, nanging wis nyebabake wong wegah metu kejaba wong kerja kantoran utawa PNS, klebu sing pancen duwe kabutuhan ndheseg pilih njintel neng ngomah. Nyetel tv, mangan enak lan liyane maneh sing sarwa enak
Latar wektu perangan crita ing dhuwur yaiku …
  1. Mangsa rendheng
  2. Mangsa pancaroba
  3. Mangsa banjir
  4. Mangsa panas
  5. Mangsa ketiga
35. Crita ”Nyi Puspo Cempoko” nduweni tema …
  1. Misteri
  2. Sosial
  3. Moral
  4. Katresnan
  5. Kemlaratan
36. Piwulang sing bisa kapethik saka crita “Nyi Puspo Cempoko” kajaba
  1. Urip kesrakat bisa ndadekake pawongan nekad
  2. Pesugihan ora ndadekake uriping manungsa barokah
  3. Donya brana bisa ndadekake pawongan lali marang sing agawe urip
  4. Sapa sing dolanan geni bakale kobong
  5. Urip sugih kuwi pancen enak banget
37. Satemene wujude Nyi Puspo Cempoko kuwi …
  1. Ula Puspo Naga
  2. Ula Puspo Cempoko
  3. Ula Puspo Kajang
  4. Ula Puspowarna
  5. Ula Puspo Kijing
38. Sapatemone Jaiman kalawan Nyi Puspo Cempoko kanggo saresmi saben dina …
  1. Selasa Pon
  2. Selasa Wage
  3. Selasa Paing
  4. Selasa Kliwon
  5. Selasa Legi
39. Ubarampe sing kudu dicepakake Jaiman sajroning senthong sing bakal dienggo saresmi ana ing ngisor iki, kajaba
  1. Kembang setaman
  2. Menyan lan ratus wengi
  3. Degan klapa ijo
  4. Pithik sajodho
  5. Ndhog pithik sajodho
40. Kepriye pungkasane uriping Jaiman?
  1. Mati kobong
  2. Mati kitir/keli
  3. Mati nglabu
  4. Dipateni Nyi Puspo Cempoko
  5. Mati gantung dhiri
Wacan:             ? xgkede[lmunDkPe=rjinTau[t[mPnzis\,
?ai=awlTaun\;2008;aikipe=rji[nT[mPlnTausmBtPeveb[bBxgkede[lmi[no=kbanBku[nmunD[kHorb[anB[an\;100;pe/[sn\,?zwimi[no=kgud=[zpe=rji[nT[mPlnHu,seb[gynKudusiypSiypNutupHusa[nkrn[aorkuwtTukukede[l.
41. Irah-irahan wacan ingndhuwur yaiku ...
  1. Rega kedhele mundhak pengrajin tahu tempe nangis
  2. Rega kedele mundak pengrajin tahu tempe nangis
  3. Rega kedhele mundak pengrajin tahu tempe nangis
  4. Rega kedhele mundhak pengrajin tempe tahu nangis
  5. Rega kedhele mundak pengrajin tempe tahu nangis
42. Ing tahun pira kedhele mundhak kanthi ndedel?
  1. 2004
  2. 2005
  3. 2006
  4. 2007
  5. 2008
43. Rega kedhele mundhake pirang persen?
  1. 75
  2. 80
  3. 85
  4. 90
  5. 100
44. Gudange pengrajin tahu tempe ana ing ..
  1. Ngawi
  2. Sadhang
  3. Karang tengah
  4. Prandhon
  5. Karangko
45. ?wnTiwnTiput]kuajni=g
lWeli=ku
Aksara latinipun …
  1. Wanti-wanti putra aja ninggal weling
  2. Wanti-wanti putraku aja ninggal welingku
  3. Wan-wanti putraku, ja lali welingku
  4. Wan-wanti putra iku, ja ninggal weling
  5. Wanti diwanti-wanti putra ninggal weling
46. Panulisane aksara Jawa sing bener kanggone tembung bathok yaiku …
  1. btek\
  2. b[tok\
  3. bqk\
  4. b[qk\
  5. b[qok\
47. Panulisane aksara Jawa sing bener kanggone tembung sinau basa Jawa yaiku ...
  1. sinaubasjw
  2. sinwubsjw
  3. sinauqsjw
  4. cinyubsjw
  5. sinlubasjc
48. Basa kramane pipi yen ditulis nganggo aksara Jawa dadi ...
  1. pzrsSn\
  2. pneze/Rn\/
  3. plrpPn\
  4. mustk
  5. rcikKn\
49. Basa kramane mulih yen ditulis nganggo aksara Jawa dadi ...
  1. mulih
  2. bli
  3. [konFu/
  4. w=sul\
  5. [ksh
50.  Basa kramane unyeng-unyebf yen tinulis aksara jawa dadine ...
  1. pzrsSn\
  2. pneze/Rn\/
  3. plrpPn\
  4. mustk
  5. rcikKn\

II. Wangsulana kang patitis kanthi jawaban kang bener ana ing lembar jawab kang  cumawis!
51. Gawea crita pengalaman pribadi sing lucu/nyengsemake?
52. Apa kuwi wacana deskripsi lan apa ciri-cirine wacana deskripsi kuwi?
53. Latinke tulisan Jawa ing ngisor iki kanthi ejaan kang bener!
?nliklinDuge[dai=taun:2006:nerkd[arhIsTi[mw[yogYk/t,[mhk[bhprw/gzufrs[ynLindug[dmautek[nskgunu=merpi.sebb\pribsnTnPkenDt\[aor[asu[kHorawn\[aorwezi,jebLugG[nNgunu=merpiffi[to[nTonNn.
☻☻☻
ULANGAN SEMESTER 1
TAHUN PELAJARAN 2010/2011


1)      Wara-wara ing ngisor iki wacanen kanthi patitis!
Bapak-bapak , ibu-ibu menawi panjenengan badhe ngersakaken TV, Kulkas, Tape lan alat-alat elekronik ingkang sahe mboten gampil risak. Panjenengan saged mundhut ing Toko Dahlia , ingkang alamatipun Jalan  Sudirman No 3 Rembang.
Toko Dahlia Elekronik pancen joooos tenan ……
Wara-wara kasebut ngemot bab…..
  1. Toko dahlia elektronik
  2. Iklan bab toko dahlia elektronik
  3. Iklan bab Tv
  4. Iklan bab Kulkas
  5. Ilkan bab toko elektronik pancen jos.
2)      Wacanen wara-wara ing ngisor iki!
Sinten mawon ingkang saged manggihaken mobil Kijang Inova kanthi plat nomer K 2435 RD , menawi priya bakal kula dadosaken sedherek sinarowedi, menawi wanita bakal kula dadosaken jatu krama.
Wara-wara kasebut awujud……
a            Iklan
b            Pawarta
c            Sayembara
d            Layanan masyarakat
e            Iklan kecik
3)      Assalamualaikum WR.WB

Dhumateng para warga desa  Sidowayah katuran rawuh wonten rapat ingkang badhe dipun adani benjang :
Dinten        : Jumat
Wekdal      : tabuh 07.00 ngantos dumuginipun purna Papan panggonan           : ing balai desa.
Kaperluan             : Rapat pengurus enggal.
….
Wara-wara ing ndhuwur katujokake kanggo….
  1. Paramudha
  2. Warga desa mlatireja
  3. Pengurus desa mlatireja
  4. Paramudha pengurus
  5. Paraibu warga desa
BSF Bakal Dikrembakake
              Adicara Bengawan Solo festival ( BSF) lan festival Bonraja kang taun iki kalorone mapan ing Taman Sriwedari bakal terus dikrembakaake dadi adicara kanggo mbabar, ndhudhah, ngleluri lan ngrembakakake Budaya kutha ing tlatah kutha solo. Miturut Dinas Pariwisata Seni lan Budaya kutha Solo, Handardono, sawetara dina kepungkur, udakara setaun pungkasan iki ing kutha Solo akeh papan kanggo ngrembakake seni tradisi. Kanyatan iki yen dijurung dening kawicaksanane pemerintah bakal mujudake kutha Solo minongka kutha budaya
Solo Pos, Kemis Kliwon 3 Januari 2008
4)      Adicara BSF lan Festival Bon Raji kalaksanaake ana ing…..
a            Bengawan Solo
b            Sriwedari Solo
c            Sriwedari jogyakarta
d            Ngayogjakarta
e            Kali Bengawan
5)      “Udakara setahun pungkasan iki, kutha Solo akeh papan kanggo ngrembakake seni tradisi”                            Ukara kuwi kawedharake dening….
a            Solo Pos
b            Solo Festival
c            Pamarintah
d            Handardono
e            Festival Bon Raja
6)      Adicara BSF lan Festival Bon raja nduweni pangajab supaya…
a            Sriwedari dadi kutha budaya
b            Bon Raja dadi kutha budhaya
c            Bengawan dadi kutha budaya
d            Ngayogyakarta dadi kutha budaya
e            Solo dadi kutha budaya
7)      Pawarta ing ndhuwur kaemot ana ngendi?
a            Solo Festival 3 Januari 2008
b            Solo Pos 3 Januari 2008
c            Bon Raja Festival 3 Januari 2008
d            Sriwedari Festival 3 Januari 2008
e            Bengawan Solo 3 Januari 2008
Disemoni Radio
            Dina Setu 22 Januari kepungkur, aku karo T dolan menyang omahe kancaku. Olehku mertamu suwe banget. Karo omong aku mbatin, kok ora ana tandha-tandha yen arep metu suguhane. Ora ngerti ndadak saka njero omah ana swara radio seru banget” Saudara pendengar …sekarang akan kami hadirkan beberapa lagu…..sebagai penghantar minum teh….” Ngono mau swarane penyiar. Krungu swara penyiar mau aku lan T pandeng-pandengan. Sing duwe omah sajak tanggap sasmita. Ora wetara suwe sing wadon metu karo nggawa teh rong gelas lan suguhan.
Apa tumon, gara-gara disemoni radio …gorokan ora sida garing.
Rembang, 25 September 2010
8)      Kapan kedadeyan kuwi kelakon?
a            22 September 2010
b            25 September 2010
c            22 Januari 2011
d            22 Januari 2010
e            25 September 2011
9)      Crita ing nduwur kalebu crita sing kepriye?
a            Mbingungake
b            Nganyelake
c            Nyedihake
d            Nyengsemake
e            Nggentunake
Muga-Muga Diparingi Eling
Dadi wong tuwa sing nduwe anak kelasVISD, kelas IX SMP utawa kelas XII SMA padha mumet ,mikir kepriye carane nyekolahke anake menyang sekolahan sing dikepingini anake. Manawa kari mlebu sekolah jane ya neng endi-endi wahe bisa, nanging kadhang ora cocok karo kekarepane. “Bapak! Mangke kula mlebet SMP Karang Pucung mawon, nggih!“ omongeNovising lagi lulus SD 14 Gontawangi. “ Iya-iya….” Bapak mbombong-mbombongi. “Bapak, kula milih mlebu SMA 2 Purwokerto mawon nggih, soale sekolahanipun terkenal favorit,” guneme Gatot marang bapake. ”Ngrembuk bab napa, Kang? pitakone bapake Darmin…” Ngrembuk bab sekolah….”omonge Bapake Gatot.
“Lah keleresan niku,…. Critane kula niki ajeng nyuwun tulung kalih bapake Gatot.”
“Tulung apa, si?”
“Anak kula, Darmin kepengin mlebet ing SMA 103 Purwojati, nanging bijine niku mung pas-pasan. Rata-rata ujian gur gangsal…. Duka niku , Niku mawon sampun lumayan saged lulus!”
“Kuwi udu bisa lulus! Dilulusake….! Mesakake….”
“Lah niku , kajenge kula niku ajeng nyuwun tulung kalih Bapake Gatot, njenengankankenal kalih guru-guru SMA 103 Purwojati ngriku. Mulane tulunglah anak kula ben saged ketampi teng ngriku, soal amplop ... beres!
“ Oalah….oalah dudu perkara amplop sing marai beres….. sing mesti Darmin kon luru sekolahan alternatif. SMA 103 Purwojati gudhange wong pinter-pinter…mengko yen Darmin keponthal-ponthal malah stress angel olehe nambani.”
“ Apa amplop kula tambah? Setuju? Kula ngertos beres….!”.
”Kang…! Anggepe njenengan aku iku apa sih? Tak omongi, mesakake Darmin… yen arep nyogok sakmono akehe langsung wae karo kepala sekolahe! Syukur yen kepala sekolahe sipate padha karo njenengan, seneng dhuwit amplop sogok suap, lha yen kepala sekolahe kuwi wonge terpuji? Morale bener? Sida-sida njenengan didamprat mentah-mentahan!”
Sidane bapake Darmin bali ngluntung ora oleh gawe. Embuh kepriye akhire, kuwi urusane Bapake Darmin ….Muga-muga ben diparingi eling !
Kapethik saka Jaka Lodhang,
dening mas Guru
10)   Pachelathon ing nduwur nyeritakake bab apa?
a      SMA 2 Purwokerto       d. Bapake Darmin
b      Golek sekolah                e. Bapake Gatot
c      SMA 103 Purwojati
11)   Kepriye watake Bapake Darmin?
a      Tukang nyogok              d. Apikan
b      Tukang nggunem           e. sabar
c      Tresna marang anake
12)   Piwulang sing bisa kapethik saka  “Muga-muga diparingi eling” yakuwi….
a      Dadi wong kudu seneng srawung
b      Dadi wong kudu sregep
c      Dadi wong kudu tresna marang anak
d      Dadi wong ojo seneng nyogok
e      Dadi wong ojo seneng golek sekolahan
13)   Sapa wae sing lagi guneman ana ing pachelathon kuwi?
a     Novi, Darmin , Bapake Gatot.
b     Novi, Gatot , Darmin.Bapake Darmin.
c     Novi, Gatot, bapake Gatot, bapake Darmin.
d     Novi,Bapake Gatot, Darmin, Gatot
e     Novi, Gatot, Darmin, Bapake Gatot.
14)   Sapa sing bingung luru sekolahan?
a     Novi
b      Gatot
c      Bapake Gatot
d      Darmin
e      Bapake Darmin.
15)   Ciri pokok wacan narasi yaiku….
  1. Rerangken crita ing sajroning prastawa
  2. Ana prastawa sing dialami
  3. Anan lelakon
  4. Anan paraga pokok
  5. Ananing kedadeyan
16)   Sing kalebu topik wacan narasi ing ngisor iki yaiku…
a      Tamanku sing Asri
b      Carane nggawe anglo
c      Narkotika lan Miras Mbebayani Tumprap Kasarasan
d      Ngrokok Kuwi Ngrisak Kesehatan
e      Lelampahane Pangeran Diponegoro
17)   Wacan kang ngracik kanthi runtut nganti bisa nggugah pengangen-angene wong kang maca diarani….
a      Argumentasi
b      Eksposisi
c      Deskripsi
d      Narasi sugestif
e      Narasi ekspositoris
18)   Kepala satuan Narkoba Polres Sumbawa, Letda Yudi Fanani , Kemis ( 22/12-2005) ditemokake tiwas ing salah sijine kamar ing hotel ing kutha Mataram kanthi kahanan overdosis sabu-sabu.
Tuladha ing ndhuwur kalebu….
a      Narasi sugestif
b      Narasi ekspositoris
c      Eksposisi
d      Argumentasi
e      Deskripsi
19)   Selak ora sranta mula lafal peparinge Kyai Muchlisin enggal tak waca umat-umet-umet-umet, ora ana sing ngerti yen aku lagi maca lafal.Bubar maca lafal, mripatku kuwi tak ucek-ucek kaping pitu, let sedhela mak byar wis ana kahanan kang nggumunake atiku.
Tuladha ing ndhuwur kalebu…
a      Narasi sugestif
b      Narasi ekspositoris
c      Eksposisi
d      Deskripsi
e      Argumentasi
20)   Wacan kang nggambarake kanthi cetha sawijining kahanan (objek) diarani….
a      Narasi
b      Argumentasi
c      Deskripsi
d      Eksposisi
e      Persuasi
21)   Sing kalebu topik wacana driskripsi ing ngisor iki yaiku…..
a      Tresnaku Kang Kapisan
b      Penunggu Gunung Merapi
c      Kahanane Aceh Sakwise Tsunami
d      Adhiku sing Ayu Dhewe
e      Ruang Perpustakaan ing Sekolahanku
22)   Lemari wesi kelir klawu, kang mapan ana pojok kantor guru,wisrusak. Lawange ara bisa diinepake tur teyengen pisan. Rak-rak ane yawispadha peyok…
a      Narasi
b      Argumentasi
c      Deskripsi
d      Eksposisi
e      Persuasi
23)   Topik sing trep kanggo tuladha ing ndhuwur yaiku….
  1. a.   Kahanane lawang sing ora bisa diinep
  2. b.   Rak-rakan lemari sing peyok
  3. c.   Kahanane lemari singwisrusak
  4. d.   Kahanane lemari singwistuwa
  5. e.   Lawang lan rak sing padha penyok
24)   Dumugi titi wanci punika, mbok menawa dereng wonten ingkang manggihaken kwali dawa, kwali yen zaman rumiyin dipun damel saking siti, lajeng zaman saya majeng wonten ingkang kadamel saking panci lan ugi saking alumunium...panci email, lan panci alumunium. Nanging boten panjang. Dados inggih tetep bunder lan mawi tutup.
Tembung kang trep kanggo ngisi ukara gothang yaiku…
  1. Naminipun
  2. Kanyata
  3. Wujudipun
  4. Minangka
  5. tuladha
25)  Lagi enak-enak nonton acara TV , Hpku muni ngganter. HP tak angkat, aku ndhisiki ngontak kana,” Halo apa iki bengkel mobil Kurnia? Swara wanita saka sabrang kana. “Iya, iki sapa?” Pitakonku.”
Aku …Ninik mas, Ninik Indriani. Mas Gun , aku njaluk tulung mas, mobilku    mogok ning cedhak lapangan desa Karang Endah.”
“Iya-iya, sabar sedhela, aku tak mangkat mrana.” Karo mlayokake pikepku, nganti ora tak rasa pikepku mbandhang satus kilometer per jam, merga dalane lurus tur wis rada sepi merga bengi. Bareng wis meh tekan cedhak lapangan desa Karang Endah, saka kadohan kena sorot lampu jauh pikepku, katon ana toyota kijang superkap ijo lumut mandheg neng suketan pinggir aspalan.
Sudhut pandhang perangan crita ing ndhuwur yaiku..
a      Wong kapisan dadi paraga utama
b      Wong kapisan dadi paraga sampingan
c      Wong kapisan dadi pawongan katelu
d      Pawongan katelu tunggal
e      Pawongan kapisan dadi paraga kapindho
26)   Latar perangan crita ing nduwur yaiku….
a      Wayah sore ing omah
b      Wayah awan ing bengkel
c      Wayah awan ing cedhak lapangan
d      Wayah isuk ing cedhak lapangan
e      Wayah bengi ing cedhak lapangan
27)   Ing ngisor iki sing dudu unsur intrinsik cerkak yaiku…
a      Liding crita
b      Pendhidhikan pengarang
c      Paraga crita
d      Latar
e      Piwulang
28)   Dene alur crita cerkak ing nduwur, nganggo alur….
a      Alur maju
b      Alur Mundur
c      Alur Campuran
d      Alur maju-munduralur
e      A lur Mundur-maju
29)   Kenengapa ninik kok nelpon mas Gun….
a      Amarga wedi dewekan
b      Amarga sepi
c      Amarga mobile mogok
d      Amarga kijange ijo
e      Amarga lagi kenal Mas Gun
30)  Antok ndhepipis ing bangku pojok mburi. ”Aku wis kapok nglakoni iki. Suwe-suwe mesthi bakale konangan. Aku wedi yen ditokake saka sekolah iki. Aku ora arep njaluki dhuwite bocah kelas X maneh.”
Nilai sastra perangan crita ing dhuwur yaiku….
a      Moral
b      Etika
c      Estetika
d      Ekonomi
e      Sosial
31)  “Lak ya wis ngrasakake larane kepriye ta,nok?
ya kuwi entuk-entukane yen bacah dikandani ora kena, malah nggugu karepe dhewe. Wis ,arep mbok kapakake motormu sing wis ajur kabeh kuwi!” Anik mung meneng, nanging sajroning atine getun.

Pesen ing perangan cerita ing dhuwur yaiku…
a            Seneng ugal-ugalan
b            Wong nandhur bakal ngundhuh
c            Alon-alon waton kelakon
d            Mikul dhuwur mendhem jero
e            Aja grusa-grusu
32)  “Bola-bali olehku kandha. Kowe kudu nyinau paramasastra jawa ta Nduk..!“ Paramasastra kuwi perlu, ora mung urip sing nganggo tatanan karangan ya duwe tatanan. Ukara ya duwe tatanan. Dadine wujud banjur bisa tumata. Paramasastra kuwi perlu”
“Sampun Eyang, sampun nate dalem sinau..””
“Disinau njur ditrapake pisan ora kok mung angger diwaca sabrebetan”
“Dadosipun mesthi sae inggih Yang ?
“ Upamane uwong dadi wong sing ngerti unggah-ungguh kae.”
Piwulang kang bisa kapethik saka perangan crita ing ndhuwur yaiku…..
a            Bocah kudhu sregep sinau
b            Bocah kudhu duwe tatanan
c            Bocah kudhu gelem sinau parama sastra
d            Bocah kudhu gelem sinau basa jawa
e            Bocah kudhu manut simbahe
33)   Dene watake eyang kepriye…..?
a            Wong kang seneng nesu
b            Wong kang iseh ngugemi parama sastra lan unggah ungguh basa
c            Wong kang seneng nggatekake putu
d            Wong kang sepuh
e            Wong kang sregep sinau
34)  Aku ngguyu mengo nyawang pasuryane. Socane sing saya riyip-riyip tinudung alis putih, rambut putih iki embahku lan krasa bungah aku krungu yen panjenengane wis tahu maos karanganku. Wis saged. maringi panacad.
Kepriye watake aku ana crita ing ndhuwur
a      Wong kang seneng dicacat
b      Wong kang seneng ngguyu
c      Wong kang tresna marang simbahe
d      Wong kang ala atine
e      Wong kang seneng nulis karangan lan gak nduwe lara ati
35)   Ukara ing ndhuwur sing nyengkuyung watake paraga katon ing….
a      Ngguyu ,mengo nyawang pasuryane
b      IKi embahku lan krasa bungah aku krungu yen panjenenganewistau maos karanganku
c     Wissaget maringi panacad
d      Socane singwissaya riyip-riyip
e      Tinudung alis putih, rambute putih.
Wacanen crita ing ngisor iki kanthi patitis! (soal no 36-40)
Jaka Bodho
Jaka Bodho luru kayu menyang alas. Kaya adat sabene, anggone tumandang gawe sinambi rengeng-rengeng. Kaya mengkono mau bisa nuwuhake rasa seneng. Emba kagete Jaka Bodho, bareng meruhi ana wanita ayu kang sumendhe ana sangisore wit gedhe. Wanita ayu kang kaya Dewi Ratih pindhane nuli dicedhaki banjur dibopong ,kagawa bali. Tekan ing ngomah, wanita mau diturokake ing senthong. Wayah surup ibune Jaka Bodho mambu ganda badheg, bareng digoleki tibake gandha mau asale saka awake wanita ayu iku. Ibune Jaka Bodho kandha yen wanita ayu mau wis mati , buktine ganda badheg mau asale saka wanita ayu kuwi. Jaka Bodho age-age mbopong wanita mau banjur  dikilekake menyang kali.
Pirang pirang ndina udane nggrejeh. Jaka lagi lungguh sapengadhep karo ibune. Sakloron lagi ngoceki tela pohung arep digawe tape. Dumadakan ibune Jaka Bodho ngenthut ambune badheg banget. ”Aduh…Ibukuwismati…ibukuwismati…huuuu.” Jaka Bodho nangis ngguguk banjur mbopong ibune perlune arep dikelikake ing kali, bola-bali ibune oncat supaya dicolake nanging Jaka Bodho malah saya kenceng anggone nyekeli lan saya rikat anggone lumaku. Bareng tekan kali ibune dijorokake ing kali, plung lap. Stleraman ibunewisora katon maneh.
36. Tuduhna yen Jaka Bodho kuwi pancen bodho!
  1. Joko Bodho ora sekolah gaweyane ing alas
  2. Joko Bodho ngewangi ibune ngoceki tela
  3. Joko Bodho mbopong wanita ayu
  4. Joko Bodho ngelikake wanita ayu menyang kali
  5. Joko Bodho Ngira yen wong ngenthut dikirawismati
37. Dene alur crita rakyat ing nduwur , nganggo alur….
  1. Alur maju
  2. Alur Mundur
  3. Alur Campuran
  4. Alur maju-munduralur
  5. A lur Mundur-maju
  1. Kepriye uripe Jaka Bodho lan ibune ?
a      Sedih
b     Susah
c      Bodho
d      Seneng
e      Ayem lan tentrem
  1. Pesen kang ana ing cerita rakyat kuwi yaiku…..
a      Dadi wong aja seneng lunga alas
b      Dadi wong aja seneng golek kayu ning alas
c      Dadi wong kudhu pinter
d      Dadi wong aja srakah
e      Dadi wong aja gelem duwe anak bodho
  1. Kanangapa wanita ayu kuwi kok dibopong digawa menyang kali?
a      Amarga lagi turu
b      Amarga kepengen ndeleng kali
c      Amarga arep dikelikake menyang kali
d      Amarga wanita mau wes mati, banjur arep dikelikake menyang kali.
e      Amarga arep raup ing kali.
41. Anak polah bapa kepradah. Yen ditulis mawa aksara jawa dadi…
a. anakPlhb[pokep]fh
b. anakPlhbpkep]fh
c. an[kPolhbpkep]fh
d. ank\[polhbpkep]fh
e. ank\[polhb[pokep]fh
42.  Sluman , slumun , slamet. Yen tinulis nganggo aksara jawa yaiku ….
a. sÓ|masÓ|munsL[mt\
b. sÓ|mn\[slumun\sLamet\
c. sÓ|man\sÓ|mun\[sl[mt\
d. sÓ|mn\sÓ|mun\sLmet\
e. slumn\sÓ|mun\[sl[mt\
43. Sabar subur yen ditulis nganggo aksara jawa !
a.sb/subu/
b.fb/fubu/
c.sbrsubu/
d.fbrfubu/
e.sbrsubu/
44.  Adigang, adigung , adiguna yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku !
a.adig=adigu=adigun
b.afig=afigu=afigun
c.afigzadigu=adigun
d.afig=afiguzadigun
e.afig=adigu=afigun
45. je/bsukimw[by, yen tinulis aksara latin …
  1. Jer basuki mawa beya
  2. Jer basuki mawa beyo
  3. Jer basuki mowo beya
  4. Jer basuki mowa beya
  5. Jer basuki mawo beyo
[fwipujwti
?[fwipujwtiaikuput][nbegwnBgsPti.fsnm[n[fwiset-wti,[fwiset-wtimpnHnpe/tpnH/[gobelh.[fwipujwtifipunF|tG/w[fni=r[f[nNor
[somlnF[fosP][msWriai=ngrmnF]k.
46. Irah-irahan wacan ing nduwur yaiku…
a. Dewi Punawati
b. Dewi Panuwali
c. Dewi Pujawati
d. Dewi Pojiwati
e. Dewi pijuwani
47. Dewi Pujawati kuwi putrane sapa?
a. Raden Narasoma
b. Raden Janaka
c. Bagawan Bagaspati
d. Bagawan Abiyasa
e. Raden Werkudara
48. Sapa garwane Dewi Pujawati?
a. Raden Nakula
b. Raden Janaka
c. Raden Narasoma
d. Raden Puntadewa
e. Raden Werkudara
49. Dasanamane Dewi Pujawati yaiku….
a. Dewi Setyawati
b. Dewi Banuwati
c. Dewi Surtikanti
d. Dewi Erawati
e. Dewi Arimbi
50. Dewi Pujawati dadi prameswari ono ing nagara……
a. Argabelah
b. Mandraka
c. Pringgodani
d. Mandura
e. Madukara
II.  Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi bener!
1. Apa kang sinebut wacana deskripsi? Cethakke   ciri-cirine  wacan dreskripsi!
2. Gawenen pengalaman pribadhimu sing nyengsemake paling sithik gunggunge telung paragraph (saparagraf kurang luwih limang ukara)!
3. Wacan ing ngisor iki salinen nganggo aksara latin.

 Sumber ; http://ngleluribasajawa.wordpress.com

0 comments:

Post a Comment